Kamis, 27 Mei 2021

MITURUT

 

Kemis Pon 27 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG


Yesaya 1 : 1-4,16-20

Jabur 104 : 24-34,35b

Rum 8 : 1-8

Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik. Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela sira bakal padha kamangsa ing pedhang.” Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah. “ Yesaya 1:19-20

 

MITURUT tembung linggane nurut, kang tegese lumaku ana ing dalan kang sakbenere, ora menggok saka ndalan kang wus cinawis. Mula saka kuwi, tembung MITURUT kuwi tegese patraping urip kang manut utawa nurut karo pranatan kang wis cinawis.  Tembung MITURUT kuwi kosokbaline nglawan, kang tegese lumaku kang ora jumbuh karo dalan kang wus cinawis.

 

Neng Kitab Yesaya diwulangake bab pilihan patraping urip, yakuwi MITURUT utawa Nglawan. Yen patraping urip kuwi MITURUT mesti bakalane nemahi kahanan kang becik lan mbungahake. Kosokbaline menawa patraping urip kuwi Nglawan, mesti apa kang dadi pengalaman neng patraping urip MITURUT ora bakalan tinemu.  Neng Kitab Yesaya bab siji kuwi crita bab piwelinge Gusti Allah marang menungsa, supaya matrapi urip MITURUT karo kersane Gusti. Nymabut gawe kanthi bener lan pener jumbuh karo pranatane gawean kang dilakoni. Sakumpama dadi wong tani ya kudu nglakoni sakabehe pranatan donyane wong tani, nalika dadi bakul ya ngayahi pranatan ana ing donyane bakul. Kuwi kabeh kang njalari menungsa isa nemahi kahanan kang apik lan nyenengake.

 

Sanadyan katon mayar, yakuwi urip kanthi MITURUT, ananging ora sithik wong sing uripe nglawan marang “pranatane” Gusti Allah. ana sing nyambut gawe leda-lede lan ora isa entuk pametu apik saka apa kang dilakoni, ana sing ora gelem ngayahi pranatan ananging nduweni pepinginan ngluwihi apa kang ginaris. Ora sithik uga menungsa sing nggondeli penemu “ nyambut gawe enteng, entuke okeh”, lan kuwi mokal klakon. Ana uga golongan sing senengane “instan”, samubarang langsung dadi lan nyenengake, kamangka kuwi mokal amarga “nglawan” pranatane Gusti Allah kang ginelar ing njagad iki. Mula saka kuwi, payo padha matrapi urip kanthi MITURUT karo apa kang dadi pranata ing pilihan uripe. Yen dadi pwong tani ya dadia petani sing serius lan modern, yen dadi bakul ya matrapa dadi bakul kang MITURUT pranatane donyaning bakul. Kuwi kabeh kang njalari urip iki rinasa enak lan kepenak. Aja nglawa marang pranatane Gusti kang sejatine wis ginelar ing ngalam-ndonya iki.

 

“Jo,lha sliramu numpuk rabuk semana okehe kuwi arep mbok nggo ngrabuk Porang kabeh?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik” Semaure Dalijo.

“Weh, jare unine kandha Porang kuwi orasah dirabuk wae isa urip. Nyatane neng ngalas lank ebon kae, ora dirumat ya isa gede” Lik Ndoleng sajak jik durung marem karo wangsulane Dalijo.

“Lha sampeyan apa ya nggatekne, sing urip ora kerumat kae isane gede apa ya sediluk ta Lik? Mesti kae suwe, lan aku arep nggarap lan ngrumati tanduranku kanthi serius Lik. Rabuk iki cawisan kanggo “mangane” Porangku” Dalijo njlentrehake kanthi gamblang.

“Ngene lho Leng, kabeh kang ginelar neng njagad iki wis ana pranatane, mula ya kudu MITURUT karo pranatan kuwi. Porang kuwi klebu tanduran kang mbutuhake rabuk cikben isa ngasilake luwi apik. “ Pakde Kento nambahi katrangane Dalijo.

“Lha watakamu mesti nandhur, rasah dirumati njur panane okeh ya Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Kaya tresnamu karo Yu Wasti Lik, merga ora mbok rumati MITURUT kabutuhane tresna, mula ya ucul disamber Kang Markun..” Iin metu nggawa kopi lan pacitan sinambi melu ngoso Lik Ndoleng.

“Jrettt..malah kabeh ngroyok aku…Dusss!!” Lik Ndoleng nywara lirih, sajak kisinan karo penemune.

 

Mbah’e..

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH