Sabtu, 29 Mei 2021

DISENGIT

 

Setu Kliwon 29 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5 : 15-24

Jabur 29

Yokanan 15 : 18-20,26-27

“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe. Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe.” Yokanan 15 : 18-19

 

DISENGIT kuwi linggane Sengit, kang tegese ora seneng utawa gething. Saka lingga sengit kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine ya DISENGIT. Dadi tegese  tembung DISENGIT kuwi ora disenengi. Dene apa kang dadi  jalarane DISENGIT kuwi maneka-werna, isa karana pancen tumindake kang ora bener lan pener, ananging sing paling okeh klakone neng manungsa kuwi anange kahanan Sengit kuwi amarga meri. Yen mung amarga Sengit bab tumindak kang ora bener, kuwi luwih mayar anggone mranata,amarga sing DISENGIT tumindake. Ananging menawa sing DISENGIT kuwi wonge, kuwi nggegirisi, amarga kabeh tumindake mesti sinawang ora bener lan kuwi kang njalari uripe tansah DISENGIT.

 

Piwulange Gusti Yesus neng Yokanan bab limolas menehi gambaran kang cetha bab DISENGIT. Kuwi piweling kanggo para pendereke Gusti yen bakalane DISENGIT dening jagad. Lho,kok isa?Kuwi manut jlentrehane Gusti, amarga Gusti kuwi matrapi urip ora kaya umume uripe wong ing kadonyan, ananging matrap urip kang ngemu kahanan kaswargan. Jagad ora bakalan nampa patrap urip kaswarganm mula sapa wae kang tumindak apik, kuwi isa nekakake berkah marang saguning titah, isa tetep wae DISENGIT.  Manut piwulange Gusti Yesus, saben tumindak kang nekakake babagan sing apik tumrap liyan, tumrap titahe Gusti, kuwi tumindak becik, kuwi tumindak kang cengkah karo alam pikire njagad. Mula nalika tumindak apik, isa nekakake kabar kabungahan marang sakpepada lan njur DISENGIT, ora usah kaget lan njumbul. Kabeh wis winagsit dening Gusti.

 

Ora mung ing jamane Gusti Yesus leladi babagan tumindak apik,ora nerak pranatan, ananging DISENGIT. Ing jaman saiki ya jik pancet, okeh tumindak apik kang merga ora gathuk karo kekarepane liyan njur DISENGIT. Kahanan disengit dudu merga ala utawa luput tumindake, kuwi kabeh merga kang diayahi ora gathuk karo kekarepane, mula njur Sengit. Mula saka kuwi, yen para sedulur nate DISENGIT liyan amarga tumindak apik ora usah kuwatir. sing eslow wae, merga kuwi malah wis netepi pengandikane Gusti. Beda karo DISENGIT amarga tumindak ala, kuwi pancen kudu sakmestine DISENGIT.

 

“Bo, kok aku krungu-krungu okeh sing ora seneng merga Dalijo nandhur Porang ya? Apa tenan kuwi?” Takone Lik Ndoleng marang siwo Solebo.

“Iya Leng, cen kaya ngono lelakone..”Semaure Siwo Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Weh, lha apa lupute bocah kuwi, kok DISENGIT wong-wong?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Hambuh, aku dewe ya ora dong. Lha wong Sengit kuwi okeh sinh sebabe ora mlebu nalar..” Unine Siwo Solebo.

“Yen sing takrungu, kuwi merga Dalijo  nandhur Porang. Ana sing ora seneng, mula njur nyebar pitenah. Kamangka Dalijo kuwi wis ajak-ajak kawit mbiyen, ananging ora padha nurut malah maido. Bareng ana hasile, njur okeh sing ora seneng mbek Dalijo” Pakde Kento melu urun rembug.

“Lha apa gaweane Dalijo minangka “guru les” keganggu karo gawean nandhur Porang kuwi?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ora jute kwi, ananging yen wong ora seneng, apa wae tumindake DISENGIT dening liyan..”Kandhane Siwo Solebo.

“Sssttt…kok malah ngrasani kang Dal ta niki,lha wong piyantune wae santai, eslow lan woles. Pas kula kandani yen DISENGIT tiyang, Kang Dalijo malah semaur. Ben In, wong sengit ora kulakan, ora sekolah wae. Ben maren, ben Sengit mku sak mareme..ngoten sanjange kang Dal” Unine Iin.

“Cen bocah mituhu Dalijo kae..ora males nyengit sanadyan DISENGIT. Iki apik..payo ditiru..
 Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH