Sabtu, 01 Mei 2021

NGADEGAKE

 

Setu Pahing 1 Mei 2021

BENINGE EBUN ESUK



Amos 9 : 7-15

Jabur 22 : 25-31

Markus 4 : 30-32

“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;..” Amos 9 : 11

 

NGADEGAKE kuwi linggane adeg, kang tegese kahanan kang ora doyong apameneh ambruk. Saka tembung adeg mau, njur isa dadi tembung NGADEGAKE, kang tegese samubarang pambudidaya murih kahanan kang sakdurunge ndoyong apameneh ambruk kuwi dadi ngadeg maneh. Pancen gawean NGADEGAKE kuwi ora mayar, kudu wani ngetohake tenaga,pikiran lan isa uga prabeya. Dadi sanadyan sawangane bab NGADEGAKE kuwi mung sepele, ananging menawa kang kudu “didegne: kuwi perkara sing wigati, ya isa wae dadi abot lan rekasa.

 

Neng Kitab Amos bab limolas, ana crita bab janjine Gusti Allah kang bakal NGADEGAKE maneh bab kahanan kang nembe kelakon. Ing jamane Amos, kahanane umate Gusti kang kinaranan ngisrael nembe ambruk. Kuwi kabeh amarga polah-tingkahe bangsa kuwi kang ora manut marang dhawuh lan kersane Gusti, mung manut karepe dewe. Amarga mung uri sakkarepe dewe, Gusti ngelingake lumantar bangsa liya kang kauutus nggecak bangsa ngisrael. Sakwise digecak njur dadi ajur mumur ora karuwan, dadi ambruk. Bangsa ngisrael didadekne babu karo bangsa liya, mulane kahanane jian nrenyuhake temenan. Mirsani kahanan lan uga miring sambat saka bangsa ngisrael kuwi Gusti njur kagungan sedya arep NGADEGAKE maneh kahanan lan adeg’e bangsa kuwi.

 

Sakdurunge diadegake dening Gusti, ana syarat-syarat kang kudu dilakoni dening bangsa ngisrael, kayata : Kudu mertobat, kudu apura-ingapuran, kudu wani tumandang gawe, kudu lung-tinulung lan kudu manembah marang Gusti Allah manut pranatan kang ditata dening para pengareping agama, ora manut karepe dewe-dewe. Sakwise kabeh syarat dicukupi, Gusti Allah banjur makarya, NGADEGAKE kahanane bangsa ngisrael.

 


Bibit Porang
Minat Kontak WA 085870480039

Babagan uri rekasa, kahanan kang ora ngepenakake lan masalah-masalah panguripan liyane, kuwi ora mung kalkon nalika jamane Amos, ing jaman saiki ya jik klakon. Kahanan saiki mbkmenawa isa kinaranan ambruk-mbruk, merga mawerna-werna lelakone jagad kang wis horeg lan uga sing paling penting, amarga polah-tingkahe menungsa, si menus-menus kebak dosa iki. Kaya ing jamane Amos, nalika ngadepi kahanan kang ora kepenak, njur sambat marang Gusti Allah,lali marang kabeh klakuane kang babar-blas ora bener lan pener karo kersane Gusti. Sambate ngaru-ara, saben ndedonga anane mung njauk,njaluk lan njaluk ananging lali karo bab kang wigati, yakuwi mertobat. Syarate supaya Gusti NGADEGAKE kahanan kang saiki kelakon iki, ya kudu mertobat. Ing kene mertobat dudu omongan thok-thil, ananging sinartan owahing lakuning urip. Supaya kahanan urip iki bisa ngadeg meneh, kudu diedegake lan sing isa NGADEGAKE ya mung Gusti. Njur apa mung menungsa kuwi meneng wae, pasip? Hora, yakudu tumandhang gawe, penak temen nggawe rusaking kahanan bareng ambruk njur ngakon Gusti NGADEGAKE. Menungsa kudu wani ngowahi patraping urip kang lawas, nganyari urip kanthi nurut lan manut kersane Gusti. Menusa kudu wani urun wektu, tenaga, pikiran, prabea lan liya-liyane ben kahanane isa Ngadeg meneh.

 

“Wis takputuske kanthi golong-gilig saiki..aku meh melu Dalijo nandur Porang Leng…Kuwi sing takyakini minangka sranaku NGADEGAKE kahanane uripku lan brayatke..” Siwo Solebo, sore kuwi sinambi nyumet jisamsune miwiti rembugan karo Lik Ndoleng, liyane durung ketok, mbuh padha lunga nengndi.

“Apa jik isa nyekel pacul Bo awakmu kuwi? Kok nggaya arep niru Dalijo sing sregepe ngeram..” Takone Lik Ndoleng.

“Sithik-sithik jik eling Leng, lan umpamane iki mengko kudu rekasa ndisik ya ora apa-apa, merga iki takyakini minangka pisungsungku cikben kahanane uripku isa ngadeg meneh..” Sajak serius Siwo Solebo olehe nanggepi.

“Aku setuju Dhe, lan siyap atur pambiyantu menawa pun betahaken..”Ujug-ujug Dalijo njedul saka sisah kulon Cakruk Sor Talok.

“Maturnuwun ya Jo..” Ngendikane Siwo Solebo.

“Kahanan braytmu ya kudu didegne Lik, Mbok Cilik Trinil, aja mung mbok bulpus wae, aja kokean alesan sregep nggolek rokok dewe, merga kuwi modus supaya isa njowal-njawil Yu Wasti..” Iin njedul seka pawon, nggawa the pait lan gorengan kimpul, sinambi njarag pane cilik.

“Dussss!!!, cah siji iki kreatipe poll yen kon ngece pakne cilik..” Lik Ndoleng nggedumel memper cecak putus cinta.

 

 

Mbah’e.. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH