Senin, 03 Mei 2021

PENGAREP-AREP

 

Senen Wage 3 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5 : 1-7

Jabur 80

Galati 5 : 16-26

“Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?” Yesaya 5 : 4

 

Jarene para winasis, salah siji kang marakne menungsa isa “urip”, kuwi amarga nduweni PENGAREP-AREP. Ukara iki isa diwalik, menungsa sing ora nduweni PENGAREP-AREP isa kinaranan “ora urip”, amarga wis ora nduweni arah utawa entering urip. PENGAREP-AREP kuwi dudu barang larang, ora usah nggolek menyang “luar-negri”, ora usah sekolah dhuwur-dhuwur, mayar nggolekine, amarga wis manjing ana ing uripe menungsa sing lumrah (yen sing ora lumrahe menungsa mbuh, aku blas ora weruh). Njur apa ta kang kinaranan PENGAREP-AREP kuwi? Manut pangertenku sing cekak iki, PENGAREP-AREP kuwi kahanan kang tuwuh ana ing sakjroning ati,isa ug diwetokake, kang dadi srana anggone menungsa nduweni grengseng makarya. Isa dingo conto, amarga nduweni PENGAREP-AREP isa makmur lumantar nandur Porang, mula sanadyan bibit regane larang ya tetep dituku, dene sing ora nduweni PENGAREP-AREP, sanadyan bibit murah, ya pancet wegah nandur.

 

Bab PENGAREP-AREP kuwi nate diwulangake Kitab Suci, okeh banget, salah sijine neng Kitab Yesaya bab lima. Ing Yesaya 5, ing kono Gusti Allah kagungan PENGAREP-AREP marang bangsa ngisrael lan Yehuda (Jamane Yesaya wis pecah dadi rong negara), supaya dadi bangsa lan umat sing ngrembaka lan nyenengake. Kahanane umat ngisrael lan Yehuda kuwi digambarake kaya kahanane kebun Porang, opsss..Anggur ding lan Gusti Allah minangka kang kagungan pakebonan kuwi. Awit kang kagungan Kebon Anggur, mula Gust iwis nyukupi sumubarang kang dibutuhake,kabueh wis dijangkepi. Merga saka kabeh wis dijangkebi mulane Gusti kagungan PENGAREP-AREP marang pakebonan kuwi bakalane metokake uwoh sing nyenengake. Anggur legi lan pating plenus, kuwi mbokmenawa isa dingo gambaran. Ananging nalika tumeka titimangsae panen kok anggure kecut kabeh, kuwi mesti ana sebab-musababe, lha apa kuwi?Isa wae amarga sukete ora diresiki, isa kuwi amarga ora pas anggone ngrabuk, isa kuwi amarga kokean nutrisi lan sakpanunggalane. Intine,sanadyan wis kabeh kabutuhan pakebonan wis dicukupi, ananging menawa carane ngrumati ora pener, mesti asile ora kaya kang dadi PENGAREP-AREP sing kagungan.

 

Kabeh andharan ing ndhuwur kuwi gegambaran, lan kuwi ya isa dipatrapake kanggo uripe menungsa ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. Kabeh butuhe menungsa wis dicukupi Gusti Allah. Ambegan gratis, cahyaning srengene ora usah mbayar, lan okeh sing sarwa gratis. Kaya ing jamane Yesaya, ing jaman saiki Gusti Allah ya kagungan PENGAREP-AREP marang menungsa, supaya isa metokake uwoh sing “legi”, dudu kecut.Legi amarga kebak ing kerukunan, tentrem lan rahayu, gemah-riah lohjinawi, dudu Kecut amarga pasulayan, srei-drengki lan sakpanunggalane. Mulane, payo padha ninggalake kabeh patraping urip kang “Kecut”, digenti patrap urip kang rinasa “Legi”. Carane? Biyuhh, jik njaluk dijarwakake..jiann..Yawislah, tak NYUSUl neng Cakruk Sor Talok sik..

 

“Jo, apa panenanmuPorang  musim iki apik?” Takone Siwo Solebo.

“Sae Wo, esip..ejoosss”Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne, sing sajak jik kebak.

“Brarti meh nandur meneh neng musim ngarep iki Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Lik, meh nambah lahan, ngambakne lahan sing arep tak tanduri..” Dalijo menehi wangsulan marang Lik Ndoleng.

“Wuehh..jian poll kuwi Jo…apikk..top..markotop..”Ngendikane Pakde Kento.

“Inggih dhe, kula nggadhahi PENGAREP-AREP, kathah ingkang sami nandur lan pikantuk asil kang sae..ananging angele Poll je..Alesane jare larang regane bibit. Lha asil sae kan nggih kedah sebanding kalih ragatte…” Dalijo nyauri komentare Pakde Kento, ananging malah kaya ngomong dewe.

“Kowe nanbah lahan ra Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Hmm, anu Bo..anu..hmm”

“Haiyahhh..paklik paling wegah nambah lahan, wedi wektune entek neng tegal lank ebon, wedi kelangan wektu wira-wiri nyang warunge Yu Wasti, amarga kuwi kang jik dadi PEGAREP-AREP ing atine paklik, ya pora Lik?” Iin sinambi nyuguhi kopi, njarag paklike, jian jeruuu temenan.

“Jindullll..isa wae kowe kuwi In..Duss!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH