Kamis, 03 Juni 2021

SUMINGKIR

 

Kemis Kliwon 3 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 4 : 1-22

Jabur 138

1 Petrus 4 : 7-19

Bayine dijenengake Ikabod, pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka ing Israel” -- amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang lan marga saka marasepuh lan kang kakung. Pangucape: “Kaluhuran wus sumingkir saka Israel, amarga pethine Sang Yehuwah wus kabandhang.” 1 Samuel 4 : 21-22

 

Kaya tembung-tembung lyane kang sejatine netral ing arti, semono uga tembung SUMINGKIR. Dene tegese SUMINGKIR kuwi gampange mangkene, lunga saka papan sakawit. Dene adoh utawa cedak lungane, kuwi ora patia penting, sing baku lunga saka papan sakawit. Merga tembung kuwi netral, mula nalika krungu utawa maca tembung SUMINGKIR ya kudu dipirsane kanthi cetha, pa sejatine kang SUMINGKIR. Yen kang SUMINGKIR kuwi kabecikan, tegese kuwi kahanan kang ora prayoga, dene menawa kang SUMINGKIR kuwi babagan kang ala, kuwi isa kinaranan apik utawa prayoga.

 

Ana crita Kitab Suci kang nyritakake bab SUMINGKIR. Crita kuwi neng kitab 1 Samuel bab 4, ing kana dicritake kepiye kahanane bangsa ngisrael nalika kudu adu perang klawan bangsa liya. Bab perang kuwi ora usah gumunan, amarga jaman mbiyen kuwi lumrah, padha rebutan samubarang. Menawa ing jaman saiki sejatine ya padha perang, ananging carane beda karo jaman mbiyen. Oiya, carane perang wong jaman mbiyen karo saiki kuwi luwih “Jentel” mbiyen, merga manut pranatane perang, yen saiki ora metung pranatan, penting mungsuh kalah. Sing penting menang raketan mbuh piye carane, jian sadise poll!!

 

Nalika perang kuwi bangsa ngisrael kasoran, njur tuwuh keyakinan yen isa nekakne “Pethi Prajanjian” ana ing saktengahe prajurit sing nembe perang. Pethi Prajanjian kuwi diyakini bangsa ngisrael minangka  pralambang rawuhe Gusti Allah. Mulane, nalika Pethi Prajanjian kuwi klakon digawa ing saktengahe prajurit, njur padha surak ambatha rubuh. Surak kuwi kang ndadekne mungsuh gigrig, ananging kuwi uga marakne dadi lenane kawaskitan prajurit ngisrael. Amarga lena, njur kagempur lan pungkasane kasoran meneh. Emane, Pethi Prajanjian kuwi klakon dirayah mungsuh, SUMINGKIR saka ing saktengahe bangsa ngisrael. Amarga pralambang rawuhe Gusti Allah ora isa jinaga lan pungkasane SUMINGKIR, mula njur dadi lan apese bangsa kuwi. Kasoran kanthi pol-polan lan uga marakne Sang Imam seda nalika nampa pawarta bab kahanan kang klakon.

 

Kahanan kang dialami bangsa ngisrael mbokmenawa ya diadepi bangsa ing sakdawane mangsa lan jaman, yakuwi kudu PERANG, sanadyan kanthi mungsuh kang beda. Jenenge wae perang, yakudu menang, lan dalan kanggo menang kuwi okeh cara. Salah siji cara perang cokben menang kuwi srana “ngaturi rawuh” Gusti Allah minangka sesembahan. Rawuhe Gusti Allah utawa sesembahan kuwi isa kalambangake  macem-macem. Nalika isa ngrawuhake Gusti Allah, mesti bakalan luwih kuwat, ananging nalika ora njaga kahanan rawuhe Gusti Allah, isa malah dadi bilai utawa cilaka. Jaman saiki gegembaran ilange pratandha rawuhe Gusti kuwi nalika menungsa kang ngadepi peperangan rumangsa isa dewe, rumangsa kuwat, rumangsa sugih, rumangsa pinter. Uga ilange sawab saka Gusti Allah kuwi nalika ora nggatekake liyan, mung mikir butuhe dewe, ora nggagas yen liyan kuwi ya nduweni butuh, mung seneng dimangerteni lan wegah ngerteni kahanan liyan. Kuwi kabeh isa njalari sawabe Gusti Allah SUMINGKIR. Nalika sawab kuwi SUMINGKIR, mung kasoran lan kelangan kang bakalan dialami.

 

Mula saka kuwi, payo sadhar yen urip iki kayadene peperangan, kudu isa nelukake mungsuh lan uga mbutuhake sawabe Gusti Allah.Aja nganti sawab saka Gusti kuwi SUMINGKIR amarga tumindak kang ora nyondongi kersane Gusti. Wis, semene ndisik, arep nyusul Lik Ndoleng lan ce’ese neng Cakruk Sor Talok.

 

“Weladalah, ngandi Jo kok seminggu ora njedul?” Takone Siwo Solebo.

“Dalijo arep nggolek bojo Bo, sakwise ditinggal Tarsi nikah, iki wiwit arep nata ati jarene.

“Yen bener ya esip Jo. Muga-muga ndang mop-on (move on)..ndang entuk bojo..ndang SUMINGKIR gleaning atimu..” Pakde Kento melu menehi wewarah.

“Weh, lha kok malah tekan rabiku kuwi piye, wong sing pengen rabi meneh kuwi Paklik Ndoleng, jare jik nunggu Yu Wasti..” Semaure Dalijo, makclemong lan marakne Lik Ndoleng njenggirat.

“Dusss..malah aku kenek meneh…kapan pacoban iki isa SUMINGKIR ya…?” Lik Ndoleng sajak klimpungan.

“SUMINGKIR’e ngko yen Yu Wasti tuwek Lik..” Iin njedul lan melu njarag Lik Ndoleng.

“Jindullll..kowe meneh In…Duss!! Gremengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH