Sabtu, 29 Mei 2021

DISENGIT

 

Setu Kliwon 29 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5 : 15-24

Jabur 29

Yokanan 15 : 18-20,26-27

“Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe. Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe.” Yokanan 15 : 18-19

 

DISENGIT kuwi linggane Sengit, kang tegese ora seneng utawa gething. Saka lingga sengit kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine ya DISENGIT. Dadi tegese  tembung DISENGIT kuwi ora disenengi. Dene apa kang dadi  jalarane DISENGIT kuwi maneka-werna, isa karana pancen tumindake kang ora bener lan pener, ananging sing paling okeh klakone neng manungsa kuwi anange kahanan Sengit kuwi amarga meri. Yen mung amarga Sengit bab tumindak kang ora bener, kuwi luwih mayar anggone mranata,amarga sing DISENGIT tumindake. Ananging menawa sing DISENGIT kuwi wonge, kuwi nggegirisi, amarga kabeh tumindake mesti sinawang ora bener lan kuwi kang njalari uripe tansah DISENGIT.

 

Piwulange Gusti Yesus neng Yokanan bab limolas menehi gambaran kang cetha bab DISENGIT. Kuwi piweling kanggo para pendereke Gusti yen bakalane DISENGIT dening jagad. Lho,kok isa?Kuwi manut jlentrehane Gusti, amarga Gusti kuwi matrapi urip ora kaya umume uripe wong ing kadonyan, ananging matrap urip kang ngemu kahanan kaswargan. Jagad ora bakalan nampa patrap urip kaswarganm mula sapa wae kang tumindak apik, kuwi isa nekakake berkah marang saguning titah, isa tetep wae DISENGIT.  Manut piwulange Gusti Yesus, saben tumindak kang nekakake babagan sing apik tumrap liyan, tumrap titahe Gusti, kuwi tumindak becik, kuwi tumindak kang cengkah karo alam pikire njagad. Mula nalika tumindak apik, isa nekakake kabar kabungahan marang sakpepada lan njur DISENGIT, ora usah kaget lan njumbul. Kabeh wis winagsit dening Gusti.

 

Ora mung ing jamane Gusti Yesus leladi babagan tumindak apik,ora nerak pranatan, ananging DISENGIT. Ing jaman saiki ya jik pancet, okeh tumindak apik kang merga ora gathuk karo kekarepane liyan njur DISENGIT. Kahanan disengit dudu merga ala utawa luput tumindake, kuwi kabeh merga kang diayahi ora gathuk karo kekarepane, mula njur Sengit. Mula saka kuwi, yen para sedulur nate DISENGIT liyan amarga tumindak apik ora usah kuwatir. sing eslow wae, merga kuwi malah wis netepi pengandikane Gusti. Beda karo DISENGIT amarga tumindak ala, kuwi pancen kudu sakmestine DISENGIT.

 

“Bo, kok aku krungu-krungu okeh sing ora seneng merga Dalijo nandhur Porang ya? Apa tenan kuwi?” Takone Lik Ndoleng marang siwo Solebo.

“Iya Leng, cen kaya ngono lelakone..”Semaure Siwo Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Weh, lha apa lupute bocah kuwi, kok DISENGIT wong-wong?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Hambuh, aku dewe ya ora dong. Lha wong Sengit kuwi okeh sinh sebabe ora mlebu nalar..” Unine Siwo Solebo.

“Yen sing takrungu, kuwi merga Dalijo  nandhur Porang. Ana sing ora seneng, mula njur nyebar pitenah. Kamangka Dalijo kuwi wis ajak-ajak kawit mbiyen, ananging ora padha nurut malah maido. Bareng ana hasile, njur okeh sing ora seneng mbek Dalijo” Pakde Kento melu urun rembug.

“Lha apa gaweane Dalijo minangka “guru les” keganggu karo gawean nandhur Porang kuwi?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ora jute kwi, ananging yen wong ora seneng, apa wae tumindake DISENGIT dening liyan..”Kandhane Siwo Solebo.

“Sssttt…kok malah ngrasani kang Dal ta niki,lha wong piyantune wae santai, eslow lan woles. Pas kula kandani yen DISENGIT tiyang, Kang Dalijo malah semaur. Ben In, wong sengit ora kulakan, ora sekolah wae. Ben maren, ben Sengit mku sak mareme..ngoten sanjange kang Dal” Unine Iin.

“Cen bocah mituhu Dalijo kae..ora males nyengit sanadyan DISENGIT. Iki apik..payo ditiru..
 Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

Jumat, 28 Mei 2021

MRANA

 

Jemuah Wage 28 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 2 : 1-5

Jabur 29

Rum 8 : 9-15

Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana” Yesaya 2 : 2

 

MRANA kuwi tembung kang ora bisa ngadeg dewe, kudu lumebu ana ing ukara cikben nduweni arti. Saka tembung MRANA kuwi isa digawa pirang-pirang ukara, kayata “ Payo lumaku MRAN, kanggo njupuk…” Utawa uga kanggo ukara pawarta, “Si Ndoleng nembe mlaku MRANA…” Lan sakpiturute. Yen wis dadi ukara, tembung MRANA kuwi nduweni arti sing luwih cetha, yakuwi tumindak tumuju marang papan kang beda, babagan adoh utawa cedak kuwi ora dadi masalah, sing penting tembung MRANA kuwi tumindak ngener marang papan liya, mingket saka papan kawitan.

 

Ana crita neng Kitab Suci kang ngemu teges bab tembung dalah ukara MRANA, yakuwi pangandikane Gusti marang nabi Yesaya. Ing kana disebutake bab kahanane Gunung Papan Pedalemane Sang Yehuwah, kang bakalan dadi papan kang mbungahake. Merga kahanan kang kaya mengkene, mula para kagungane Sang Yehuwah kudu “lumaku” MRANA, marang Gununge Sang Yehuwah cikben isa ngrasakne lan ngalami kahanan kang mbungahake kuwi. Lha apa dalam kanggo MRANA, meyang Kahanan Gununge Sang Yehuwah kang nyenengake kuwi mesti tansah enak lan kepenak? Durung mesti, malah kepara kudu ngliwati dalan-dalan kang nggegirisi, medeni, sepi lan uga okeh bebaya. Ananging sauger wis ngerti yen mung lumantar mlaku MRANA, menyang Gununge Sang Yehuwah isa ngrasakne kahanan bungah kang sampurna wae kabeh pepalang isa dikalahake.

 

Kabeh titahe Gusti kuwi mesti nduweni pengarep-arep, nduweni tujuan utawa ancas urip lan kuwi mesti kang apik lan nyenengake. Lan kabeh sing jenenge tujuan utawa ancas kuwi papane ana “ing kana”, mula kanggo nggayuh ya kudu MRANA. Lan maneh, ora gampang dalan kang kudu diliwati kanggo lumaku MRANA, okeh pepalang panggodha. Dene pangodha kang gede kuwi dudu saka saknjabane urip,malah saka njerone urip kang kinaranan mangu-mangu,wedi lan uga kuwatir. Mulane, tumrap sapa wae kang maca tulisan iki lan nduweni ancasing urip kang apik, lan nembe lumaku MRANA, ditatag lan teteg cikben tutug tumeka ing tujuane urip. Kabeh panggodha kang jumedul, mbuh saka njero lan njaba, adepi kanthi esem lan bungah.

 

“Jo, pas nandhur Porang musim wingi, jare ya okeh sing kena ama, awakmu ya jik tetep semangat nandhur maneh, malah saya okeh ya?” Takone Siwo Solebo, bab Dalijo olehe nandur Porang sing ana-ana wae alangane.

“Tetep Wo, malah nambah lahan aku.Kanggoku kabeh pengalaman kuwi minangka guru sing apik kok Wo. Sing cetha aku nduweni ancas, menawa Porang bakalan dadi srana berkahe Gusti sansaya isa takrumati. Kuwi tujuanku Wo,lan aku nembe lumaku MRANA..
Semaure Dalijo sajak pilosopis temenan.

“Dus, bahasamu Jo, kaya ngensinyur wae..nganggo pilosopir mbarang..” Unine Lik Ndoleng sinambi pah-poh ngekeb cebolan pituneme merga tanggal tuwa.

“Kuwi pancen apik Lik, urip kuwi kudu nduweni tujuan lan kudu ginayuh. Ora mung sakarepe dewe kaya sampeyan..nyambut gawe leda-lede, njur njaluk lawuh enak terus. Kae mbok cilik Trinil sambat” Unine Iin, sinambi nyuguhake kopi lan pacitan.

“Ndoleng tujuane mung piye bisane njawil Wasti gek In, aja mbok gagas..” Ngendikane Pakde Pakde Kento.

“Jrett, malah kowe saiki mele ngoso aku Toooo..dusss!!” Pambengoke Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Kamis, 27 Mei 2021

MITURUT

 

Kemis Pon 27 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG


Yesaya 1 : 1-4,16-20

Jabur 104 : 24-34,35b

Rum 8 : 1-8

Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake, sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik. Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela sira bakal padha kamangsa ing pedhang.” Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah. “ Yesaya 1:19-20

 

MITURUT tembung linggane nurut, kang tegese lumaku ana ing dalan kang sakbenere, ora menggok saka ndalan kang wus cinawis. Mula saka kuwi, tembung MITURUT kuwi tegese patraping urip kang manut utawa nurut karo pranatan kang wis cinawis.  Tembung MITURUT kuwi kosokbaline nglawan, kang tegese lumaku kang ora jumbuh karo dalan kang wus cinawis.

 

Neng Kitab Yesaya diwulangake bab pilihan patraping urip, yakuwi MITURUT utawa Nglawan. Yen patraping urip kuwi MITURUT mesti bakalane nemahi kahanan kang becik lan mbungahake. Kosokbaline menawa patraping urip kuwi Nglawan, mesti apa kang dadi pengalaman neng patraping urip MITURUT ora bakalan tinemu.  Neng Kitab Yesaya bab siji kuwi crita bab piwelinge Gusti Allah marang menungsa, supaya matrapi urip MITURUT karo kersane Gusti. Nymabut gawe kanthi bener lan pener jumbuh karo pranatane gawean kang dilakoni. Sakumpama dadi wong tani ya kudu nglakoni sakabehe pranatan donyane wong tani, nalika dadi bakul ya ngayahi pranatan ana ing donyane bakul. Kuwi kabeh kang njalari menungsa isa nemahi kahanan kang apik lan nyenengake.

 

Sanadyan katon mayar, yakuwi urip kanthi MITURUT, ananging ora sithik wong sing uripe nglawan marang “pranatane” Gusti Allah. ana sing nyambut gawe leda-lede lan ora isa entuk pametu apik saka apa kang dilakoni, ana sing ora gelem ngayahi pranatan ananging nduweni pepinginan ngluwihi apa kang ginaris. Ora sithik uga menungsa sing nggondeli penemu “ nyambut gawe enteng, entuke okeh”, lan kuwi mokal klakon. Ana uga golongan sing senengane “instan”, samubarang langsung dadi lan nyenengake, kamangka kuwi mokal amarga “nglawan” pranatane Gusti Allah kang ginelar ing njagad iki. Mula saka kuwi, payo padha matrapi urip kanthi MITURUT karo apa kang dadi pranata ing pilihan uripe. Yen dadi pwong tani ya dadia petani sing serius lan modern, yen dadi bakul ya matrapa dadi bakul kang MITURUT pranatane donyaning bakul. Kuwi kabeh kang njalari urip iki rinasa enak lan kepenak. Aja nglawa marang pranatane Gusti kang sejatine wis ginelar ing ngalam-ndonya iki.

 

“Jo,lha sliramu numpuk rabuk semana okehe kuwi arep mbok nggo ngrabuk Porang kabeh?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik” Semaure Dalijo.

“Weh, jare unine kandha Porang kuwi orasah dirabuk wae isa urip. Nyatane neng ngalas lank ebon kae, ora dirumat ya isa gede” Lik Ndoleng sajak jik durung marem karo wangsulane Dalijo.

“Lha sampeyan apa ya nggatekne, sing urip ora kerumat kae isane gede apa ya sediluk ta Lik? Mesti kae suwe, lan aku arep nggarap lan ngrumati tanduranku kanthi serius Lik. Rabuk iki cawisan kanggo “mangane” Porangku” Dalijo njlentrehake kanthi gamblang.

“Ngene lho Leng, kabeh kang ginelar neng njagad iki wis ana pranatane, mula ya kudu MITURUT karo pranatan kuwi. Porang kuwi klebu tanduran kang mbutuhake rabuk cikben isa ngasilake luwi apik. “ Pakde Kento nambahi katrangane Dalijo.

“Lha watakamu mesti nandhur, rasah dirumati njur panane okeh ya Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Kaya tresnamu karo Yu Wasti Lik, merga ora mbok rumati MITURUT kabutuhane tresna, mula ya ucul disamber Kang Markun..” Iin metu nggawa kopi lan pacitan sinambi melu ngoso Lik Ndoleng.

“Jrettt..malah kabeh ngroyok aku…Dusss!!” Lik Ndoleng nywara lirih, sajak kisinan karo penemune.

 

Mbah’e..

 

 

 

Selasa, 25 Mei 2021

KISRUH

 

Selasa Legi 25 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 11 : 1-9

Jabur 104 : 24-34,35b

1 Korinta 12 : 12-27

Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”Purwaning Dumadi 11 : 7

 

KISRUH, mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis dong apa tegese. KISRUH kuwi kahanan kang luwih saka siji lan ing antarane siji lan sijine ora gathuk utawa ora sarujuk. DAdi kahanan KISRUH kuwi isane kelakon ya nalika ana rong  kahanan utawa luwih. Saka tembung KISRUH kuwi isa ana pirang-pirang tembung, kayata Ngisruh sing tegese tumindak kang ndadekake kahanan kang sakdurunge anteng njur dadi KISRUH, Ngisruhi kang tegese tumindak kang ancas utawa tujuane ndadekake KISRUH, Ngisruhake, kang tegese tumindak kang wis marakake kahanan KISRUH.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab KISRUH, yakuwi nalika Gusti Allah kagungan kersa ngorak-arik sedyane menungsa kang ora apik utawa ala. Nalika kuwi menungsa mung siji basane (manut critane Kita Suci lho ya), njur kepengin mbangun menara. Anane arep mbangun menara kuwi cikben dadi kawentar utawa terkenal lan malah kawentarane ngungkuli Gusti Allah. Pirsa kahanan kang kaya mangkene iki, Gusti ora ngeparengake,mula bangsa kang okehe ora njamak kuwi basane diKISRUHake dening Gusti. Siji lan sijine dadi ora dong, njaluk bata diwenehi watu, njaluk kopi diwenehi sega, njaluk semen diwenehi klambi lan sakpiturute. Kahanane dadi KISRUH, njur ancas mbangun menara dadi ora kelakon.

 

Saka crita Kitab Suci bab KISRUH iki isa dipethik pasinaon apik, yakuwi aja nganti ing sakjroning pasamuan utawa paguyuban ora nyawiji. Yen ora nyawiji mesti kang kelakon KISRUH. Uga kudu dimangerteni yen ing sakjroning paguyupan kuwi mesti ana sing “hobyne” Ngisruh ,mbuh lumatar patolatan, lumantar pitembungan,lumantar prejengan lan sakpanunggalane. Mulane,sinau saka “kegagalane” bangsa neng Kitab Purwaning dumadi kang ora kasil mbangun menara amarga KISRUH, saiki ing sakjroning paamuan aja nganti tuwuh KISRUH, aja nduweni watek seneng Ngisruh lan sakpiturute. Payo nyawiji nunggal sedya sanadyan ora padha ing kahanan, payo nyawiji tunggal sedya mbangun lan mangun urip kang kebak ing tentrem lan rahayu.

 

“Jo,jare si Markun, saiki rega bibit Porang mundak ya? Tambah larang..” Takone Lik Ndoleng.

“Wajar Lik, lumrah kuwi…” Semaure Dalijo.

“Iyo kang, lumrah kanggone sing paham. Lha paklik kuwi nyebar inpormasi neng saben sing ditemoni, jare rasah nandur Porang wae, regane Bibit larange ngeram..nggawe KISRUH, ngisruh senengane..” Iin sajak erosi merga polahe pakne cilik sing baguse sundul gunung Mur.

“Weh, karepku ora ngono In, karepku kuwi..anu…”Semaure Lik Ndoleng, sakdurunge rampung rembugan, ketungka tekane Siwo Solebo lan melu nimbrung rembugan.

“Oalahh Leng, piye karepmu kuwi. Merga inpormasimu bab rega bibit Porang, kae Marmo Gomek dadi nglokro meh nandhur…Ngisruh kowe Leng…” Ngendikane Siwo Solebo.

“Ekspansi tenan Lik, sing mbok KISRUHi ora mung Yu Wasti, jebul bab Porang ya mbok KISRUH..” Unine Iin.

“Dusss..Jindulll..tekan kuwi meneh…!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Sabtu, 22 Mei 2021

MAREM

 

Setu Pon 22 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 15 : 6-11

Jabur 33 : 12-22

Yokanan 7 : 37-37

Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: “Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea! Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!” Yokanan 7 : 37-38

 

MAREM, beda lho ya karo Merem, amarga MAREM kuwi ndeweni arti utawa teges wis pas, legal an ora ngrasa kurang utawa luwih meneh. Wong jawa kuwi duwe piwulang luhur bab rembug, salah sijine samubarang kuwi aja ketambahan “en”. Wareg ya aja kewaregen, senneg ya aja kesenengen, sugih ya aja kesugihen lan MAREM aja nganti keMAREMen. Cukup MAREM wae. Apa wae yen durung MAREM, rasane ana sing kurang lan mesti ngupadi cikben isa dadi MAREM, kuwi wis pepestene menungsa, sing ora setuju isa komentar neng kolom komentar ya…hehe.

 

Ana piwulang bab MAREM neng Kitab Suci, yakuwi piwulange Gusti Yesus. Ing nalika kuwi Gusti mulang wong akeh kang ngrasa ora nate ngrasakne MAREM ing samubarang. Lumantar kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti menehi gegambaran utawa pasemon bab wong kang ngelak lan nggolek banyu. Gusti Yesus mapanake Sarirane minangka banyu kang marakne sapa wae kang ngombe marang Panjengane bakalan ngrasakne apa kuwi kang kinaranan MAREM. Lho, lha nalare kepiye?

Gusti Yesus wis memulang babagan urip kang sampurna, kang nyawang samubarang nganggo panyawang kaswargan. Kuwi isane kelakon nalika menungsa ngerti asal usule, mapane ing titiwancine lan arep ngener menyang ngendi uripe. Nalika menungsa durung ngerti asal-usule lan nembe mapan ana ing ngendi lan uga ora ngerti arah tujuan uripe, tangeh lamun isa ngrasakne kahanan kang sinebut MAREM. Nalika ngerti menungsa kuwi winates lan njur ana kang maido,ngritik lan sakpanunggalane, ora kudu ngamuk lan nesu, amarga rumangsa yen pancen kaya mengkono, winates. Isa nampa sakabehe pamaido lan kritik kuwi kang njalari MAREM.

Nalika mangerti yen urip kuwi wis rinumat dening Gusti, njur makarya sakuwate awake lan durung ngrasa nampa jumbuh karo kekarepane,  yen wis ngerti arahing urip mesti isa nemokake rasa MAREM. Beda karo sing durung isa ngerti kahanane uripe lan kahanane Gusti, mesti anane mung nesu, ngamuk, maido, ngrasani lan sakbanjure.

 

Sing sapa pengen ngalami kahanan urip kang kinaranan MAREM, nyedak lan sinaua marang Gusti Yesus. Ditampik tetep nresani, dipaido tetep ndongakake, diancem tetep sareh lan sakpiturute. Mula saka kuwi, menawa Gusti Yesus memulang nggambarake Sarirane minangka “Tukin Panguripan”, njupuka banyu saka ing kono, ngombea mesti bakalan MAREM.

 

“Kuwi arep nggo ngapa Jo, kok madahi Katak Porang neng kerdus?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Arep tango pisungsung undhuh-undhuh sesuk Lik” Semaure Dalijo sarehe ngeram.

“Walahh..iya ya sesuk undhuh-undhuh…meh lali akuuu Jo..” Lik Ndoleng sajak kaget ning ketok yen mung ekting.’

“Haiyah Leng, kokean alesan. Senen wing iwis takelikake, rebo mbengi ya, yen suk minggu kuwi undhuh-undhuh. Alesanmu kok konsisten, Lali!” Siwo Solebo sajak erosi ngerti omongane Lik Ndoleng.

“Padha dhe, kawit minggu takelingake, saben ndina ya ngono, y takkon ngethok gedang patang tundun nggon tegale, alesane sik..sik..lan mesti sambat lali..” Iin melu nambahi inpo bab alesane Lik Ndoleng.

“Leng, yen uripmu durung ngrasa MAREM, mesti bakalan kurang lan kurang terus..mbok diwenehi berkah sakndayak bengkah, ora gelem atur panuwun..mula sinaua marang Gusti Yesus ben isa ngrasakne kahanane urip kang kinaranan MAREM. Sawangen kae Dalijo, apa-apa kapisungsungake, ora mung Katak Porang, dhuwit iyo, sesuk palinga melu nglelang..Kang Solebo ya semono uga. Klapa, gedang, telo, Porang, Gude, Pitik, Lele, kabeh diaturake marang Gusti. Pelitmu kuwi tandane durung percaya Gusti” Ngendikane Pakde Kento.

“Sesuk bagean sing nampani Pisungsung undhuh-undhuh Yu Wasti lho Lik, pora isin yen mung nggawa klapa bajang lan pitik thelonen?” Takone Dalijo.

“Duss..kenek meneh cahh!” Gremengane Lik Ndoleng.

 

Mbah’e

Jumat, 21 Mei 2021

NGGAYUH

 

Jemuah Pahing 21 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 37 : 1-13

Jabur 33 : 12-22

1 Korinta 15 : 50-57

Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.”Ayub 37 : 13

 

NGGAYUH kuwi sawijining tumindak, yakuwi tumindak kanggo mujudake apa kang dadi pepinginan. Saben titah mesti nduweni paNGGAYUHan, mbuh apa kuwi wujude lan kepiye anggone ngupayakne cikben gegayuhane kuwi isa klakon.  Saben titah anggone NGGAYUH kang dadi kabutuhane kuwi mesti lumantar maneka werna cara lan ing kono bakalan nemahi mawerna-werna kahanan. Ana kalamangsane anggone NGGAYUH pepinginan kuwi kudu ngliwati dalan kang rumpil, peteng, adoh lan uga okeh pepalangae. Ananging menawa kang dadi gegayuhan kuwi pancen kabutuhan, mesti kabeh diadepi malah isa wae wani soroh nyawa cikben gegayuhane bisa klakon.

 

Manut Kitab Suci, ora mung titah wae kang nduweni gegayuhan, malah Gusti Allah uga kagungan kersa lan apa uga kudu ngadepi mawerna-werna kahanan anggone Gusti NGGAYUH kang dadi kersane. Neng Kitab Ayub dicritakake kepiye anggone Gusti Allah kagungan tujuan lan tansah NGGAYUH supaya apa kang dadi tujuan utawa ancas kuwi klakon. Nalika mirsa kahanane bumi utawa jagad kang menggok saka ing kersane, Gusti NGGAYUH cikben bumi utawa jagad mbalik marang entering laku marang kahanan kang becik. Lan anggone NGGAYUH kersane kuwi, Gusti isa wae migunakake pangwasane. Manut paseksine kitab Ayub, kahanane jagad kang kalamangsane horeg, ana bebende,pageblug lan bencana kuwi minangka bukti yen Gusti nembe NGGAYUH kersane, cikben jagad mbalik marang kahanan kang apik.

 

Meh kabeh menungsa nduweni pepinginan, mbuh kuwi isa ginayuh apa ora. Lan kabeh kang dadi pepinginan kuwi isane klakon kudu diupayakne. Anggone ngupayakne kuwi isa kinaranan NGGAYUH, lan dalane NGGAYUH pepinginan kuwi mesti ya ora gampang. Isa dadi kaca benggala kanggo pangilon sapa wae tumrap menungsa anggone NGGAYUH apa kang dadi pepinginane. Sing sapa NGGAYUH kanthi grengseng kang ngedab-edabi, kuwi isa dipestekake menawa pepinginan kuwi kuwat baget, ananging menawa anggone NGGAYUH kuwi mung leda-lede, tegese kuwi ora nduweni grengseng kang kuwat utawa gede. Ora mung babagan kadonyan wae kahanan kuwi kudu ginayuh, babagan kapercayan semono uga. Nalika menungsa anggone NGGAYUH kapercayane mung leda-lede, ngomonga percaya lan beriman wae kuwi ndobos, ngomonge percaya karo Gusti kuwi ngapusi. Mulane, sepira gedene grengseng anggone NGGAYUH kang dadi ancasing urip, kuwi nandakne gedene pepinginan.

 

“Jo, lha kae bibit Porang semana akehe kuwi arep mbok tandur ngendi?” Takone Siwo Solebo, nalika kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Prampalan Wo, lan aku arep nembung dulur-dulur sing tegale ora dirumati, arep taktanduri Porang kabeh” Semaure Dalijo.

“Aja ngathah-athah Jo, sakmadya wae..” Lik Ndoleng menehi penemu sinambi kepah-kepoh ngekep pituneme.

“Aku mung sakderma NGGAYUH penemuku  kok Lik, ben kabeh lemah rinumat lan ngetokne hasil” Wangsulane Dalijo.

“Mathuk karo penemumu Jo, pepinginanmu becik lan anggonmu NGGAYUH ya isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae..” Pakde Kento melu urun penemu, lan nalika kuwi Iin njedul, nggawa wedang lan pacitan.

“Lha tinimbang sampeyan Lik, sing dipikir mung kepiye anggone isa NGGAYUH kekarepan njawil Yu Wasti thok..”

“Jindulll..cah siji iki..mestiii ana wae anggone ngelingake aku marang masa laluku….Dussss!” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme sing mati amarga teles kebes mung kesuwen dimut.

 

Mbah’e..

Kamis, 20 Mei 2021

LEBU

 

Kemis Legi 20 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Tanduran Porang


Purwaning Dumadi 2 : 4b-7

Jabur 33 : 12-22

1 Korinta 15 : 42b-49

Nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.” Purwaning Dumadi 2 : 7

 

LEBU kuwi barang kang neng akeh papan kerep ora okeh paedahe. Arang wong sing ngrumati LEBU, malah sing klakon ya kosok-baline, nalika ana LEBU ing omahe enggal-enggal disapu ben ndang lunga. LEBU kuwi rereget, lan amarga rereget mula menungsa mbudidaya nyingkirake saka ing panguripane. Meh kabeh kahanan yen ketemplokan LEBU, dadi susahe menungsa. Nalika klambine kebak LEBU, mesti dadi ora pede, njur dikumbah. Nalika ing njogan utawa teras omahe kebak LEBU, njur akon anak apa rewange dikon nyapu cikben LEBU kuwi sirna saka ing uripe. Intine, meh sangang puluh sanga menungsa hora seneng karo barang kang kinaranan LEBU.

 

Sanadyan LEBU kuwi klebu barang kang dadi sesingkirane menungsa, ananging lumantar crita neng Kitab Suci ing dina iki, muga-muga wae menungsa njur ngelus dada (arep dada sisih kiwa apa tengen nyumanggakake..hihi) lan dadi sadhar sapa sejatine dewekne. Yen saiki jik rumangsa menungsa (sing maca tulisan iki lho ya..) njur rumangsa gagah pideksa, gede dhuwur lan nggantenge sundul langit utawa ayune ngebaki segara, kudu eling yen manut critane Kitab Suci, menungsa kuwi kawitane tinitahake mung ginawe saka LEBU. Gusti Allah “dolanan” LEBU, mbuh diembleg-embleg apa nganggo citakan baku , bubar kuwi samangsa wis rinasa wangun njur didamoni. Bubar didamoni, dadi menungsa, lan sakwise sansaya suwe mala hora sithik sing kemakine ngeram, kumenthus, kumlungkung, kumawasa lan malah kaya-kaya ngungkuli sing nggawe.

 

Jebulane menungsa kuwi mung ginawe saka LEBU, andikna okeh sing gayane ngeram. Ana sing rumangsane bener-benera dewe, kabeh dibiji manut penemune sanadyan cupete ngeram, Ana sing angkuhe ngeram kaya-kaya ngungkuli Gusti Allah kamangka yamung ginawe saka LEBU. Ana uga sing sok kumawasa, kabe dikonkon manut kekarepane, liyan mung kaya “batur” sing kudu manut, ora manut tinggal utawa sakora-orane disingkirake saka komunitase. Wis okehe ngeram yen arep nyatur menungsa, lan mbokmneawa tulisan dina iki isa dadi kaca pangilon kang isa ngelingake, sapa sejatine menungsa kuwi. Mung LEBU, hora luwih, LEBU kuwi njur didamoni Gusti Allah, mula aja pisan-pisan maneni Gusti Allah, ngrampok hak’e Gusti Allah lumantar ngakimi liyan. Payo tumindak kanthi permana lan manut tuntunaning Gusti, aja manut hardening ati kamanungsane kang mesti ngener cengkah karo kersane Gusti Allah.

 

“Ngapa ta Leng, teka-teka kok ora ndang lungguh, malah umyek tebah-tebah?” Takone Siwo Solebo, nalika mbengi kuwi wiwit lungguh arep jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

‘Iki lho Bo, LEBU kok ben ndina diresiki tansah ana wae..Jiann..” Semaure Lik Ndoleng.

“Ya pancen kahanane nembe kaya mengkene. Lan ora ana sing isa ngendalekne lakuning LEBU..mula ora usah sambat, nalika rinasa reget, ndang resiki..ngono wae, beres..” Semaure Siwo Solebo, sinambi nyumet cebolan jisamsune, mbuh apa merga iki wis tanggal tuwa, nyumete cebolan jisamsu.

“Aja sembrana karo Lebu Lik, Wo..jare Kitab Suci, awake dewe iki kawitane mung saka LEBU, njur diembel-emblek Gusti Allah, didamoni, njur urip…Mula jarene mbah’e, aja sok kumnthus, kemaki, kumulngkung, lhawong kabeh menungsa kuwi asale saka LEBU lan mung dinamonan Gusti” Dalijo melu urun rembug bab LEBU lan gegandengane karo menungsa.

“Bajekna mletik pikiranmu Jo, bar ngombe apa, apa bar WA nan mbek Tarsi?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo,lan nyrempet jeneng sing marakne Dalijo njondhil.

“Husshh…aja sembrana nyebut jeneng kuwi Lik..wis cukup Yu Wasti wae topike..” Dalijo menehi wangsulan.

“Dengkulmu Mlocot kuwi Jo..Oiya, eling ra karo kisahe Solebo , mbiyen pas tetak njaluk ditanggapke wayang direwangi nangis glundungan, kebak LEBU awake..” Muni ngono karo nglirik Siwo Solebo, sing dilirik mung klecam-klecom kae, ora nesu babar blas merga wis meneb ing sakabehe kahanan.

 

Mbah’e..

Rabu, 19 Mei 2021

BEBESANAN

 

Rebo Kliwon 19 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ezra  : 5-15

Jabur 115

Yokanan 16: 16-24

Ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.” Ezra 9:14

 

Tembung BEBESANAN, linggane Besan kang artine sedulur kang dumadi amarga ing antarane ana anak kang nyambungake katresnan. Dadi BEBESANAN kuwi kahanan kang dumadi amarga dimangerteni utawa disadari. Hora ana wong BEBESANAN kuwi ora sadhar, mesti sadhar.Lan maneh, wong BEBESANAN kuwi mesti dilakoni dening kang wus padha diwasa, sing jik bocah utawa durung diwasa, tangeh lamun isa BEBASANAN. Wong kang BEBESANAN kuwi ngangkahe apik, tambah sedulur lan uga tambah berkah, menawa ana sing BEBESANAN njur ora ngrasakne tentrem lan bungah, kuwi klebu kacilakan lan mbokmenawa ana sing maca tulisan iki lan ngrasakne kang kaya mengkono, enggal-enggal wae ditata maneh, murih luwih apik ing mbesuke.

 

BEBESANAN kuwi ngupadi nambah seduluran lan tegese uga srawung. Ora kabeh kahanan isa disrawungi, isa merga kuwi pancen mbebayani, uga merga ora pas menawa disrawungi. Ana crita neng Kitab Ezra, bab pandonga nyuwun ngapura nabi Ezra, amarga rumangsa yen bangsane ora manut kersane Sang Yehuwah. Mbiyen wus diweling dening Gusti, lumantar para nabi, supaya sakwise manggon meneh ana ing papan leluhure ora srawung karo apa wae kang ora apik, lha kok malah diterak. Ngelingi kahanan kang kaya mengkono kuwi nabi Ezra rumangsa luput, mula njur ndedonga njaluk ngapura marang Gusti. Ing jaman saiki mbokmenawa ya ora sithik sing wis diweling dening Gusti lumantar  Kitab Suci lan prananate Greja, ananging ya ora sithik uga sing nglirwakake. Bangsa liya ana ing critane  Kitab Ezra ing jaman saiki mbokmenawa isa diartekne samubarang kang ora becik.

 

Nesunan kuwi ora becik, mulane ya aja “BEBESANAN”, tegese aja srawung karo kahanan kang kaya mengkono kuwi, sing sabar lan jembar pangertene. Uthil-methithil kuwi ya ora apik, mula aja “BEBESANAN” karo uthil-methitil, sing loma wae. Kumlungkung sakbrayate kayata kemaki, kemayu, sombong, judes lan sakpranakane kuwi ya ora becik, mula aja pisan-pisan “BEBESANAN” karo kuwi kabehm supaya urip iki isa mardika lan kebak ing tentrem lan rahayu. Pancen ora mayar “Medot Katresnan” karo kang sinebut ing  ndhuwur, amarga pancen maremake isa nesu marang kang ora disarujuki, isa srawung karo si nesu merga ya marem yen klakon nesoni marang sing ora disenengi. Wis, semene ndisik, liyane bacutna dewe, sinambi ngasah rasa lan piker, ben pikiran lan rasane ora kethul.

 

“Jo, wingi ana sing njaluk bibit Porang ya? Ya mbok aturi?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya nalika aku anal an sing njaluk bener-bener merga kahanan, tak aturi Lik..”Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Suwening-suwe isa kukut yen patrapmu kaya mengkono Jo?”  Lik Ndoleng ngomongake penemune.

“Jagad iki wis tinata kanthi adil lan wicaksana dening Sing Ngecet Lombok kok Lik. Dadine ya menawa aku kudu ngaturi, mesti wis tumata ben keseimbangane njagad iki tetep jinaga. Aku percaya kabeh wis ginaris dening Gusti. Semono uga sing mung njaluk, sanadyan nduweni yatra, mesti nembe nyelaki kahanane, nggolek samubarang kepenak kanggo deweke, ora mikir liyan..Aku wis “Pegatan” karo kabeh kang ora becik kok Lik..” Semaure Dalijo.

“Rungokne Leng, kuwi diwulang ponakanmu. Jare mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, aja BEBESANAN karo samubarang kang ora apik, ora becik..” Siwo Solebo melu urun rembug.

“Yen sampeyan loma anggere kuwi kanggo Yu Wasti ya Lik? Yen kanggo mbokcilik Trinil mung saderma turahan..” Iin, ngetokne wedang sinambi urun rembug uga.

“Dengkulmu gowang kuwi In..Saben njedul kok bakatmu mung ngonceki aku!” Lik Ndoleng muni ngono sinambi nyaut kopi neng nggelas, kamangka durung diselehke Iin, sajak ngelake ngeram.

 

Mbah’e..

Selasa, 18 Mei 2021

DITINGGAL

Selasa Legi 18 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 8 : 5-22

Jabur 115

Titus 1 : 1-9

Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe..” Titus 1:5

 

Bebarengan kuwi kahanan kang becik, ananging ora kabeh kudu kelakon kanthi bebarengan. Ana mangsane pepisahan, ana kang kudu mbacutake lakune lan ana uga kang DITINGGAL. Sing kudu mbacutake laku, mesti nduweni ancas utawa tujuan kang wus gumathok lan uga ana ing papan liya rinasa bakalan ngayahi ayahan kang luwih migunani. Dene kang DITINGGAL ya mesti ana ayahan kang kudu rinampungake, ana ayahan kang kudu dilakoni. Ing kahanan kang kaya mengkene iki, ing antarane sing mbacutake laku utawa  kang pindhah ngenggon karosing DITINGGAL padha-padha ngayahi ayahan becik.

 

Rasul Paulus nate lumaku bebarengan karo wong akeh, salah sijine kang kinaranan Titus. Sakjrone mlaku bebarengan kuwi mesti wae klakon pasinaon kang becik. Rasul Paulus sanadyan minangka rasul lan guru isa sinau babagan urip lan pengalamane dene Titus isa sinau babagan kawruh kapercayan lan uga pranataning urip. Anggone lumaku bebarengan kuwi rinasa nyenengake, ananging manut pamawase rasul Paulus, ora kudu samubarang kuwi bebarengan. Mulane nalika tekan neng kutha Kreta lan sakwise manggon sakwetara wektu, rasul Paulus nduweni penemu becik, yaiku kudu ninggalke Titus neng kutha Kreta. Sakwise dirembug kanthi permana lan kebak ing kahanan wicaksana, pungkasane Titus kudu DTINGGAL ana ing kutha Kreta. Titus kudu ngayahi ayahan kaya kang wus diwulangake dening rasul Paulus lan Titus nyaguhi kuwi.

 

Anane Titus nyaguhi dhawuhe rasul Paulus ora amarga kumnethus, ananging amarga percaya panuntune Gusti. Sakliyane kuwi, anggone gelem DITINGGAL neng Kreta, amarga Titus nduweni rasa welas marang pasamuan ing Kreta kang mbutuhake kanca kanggo sinau bab kapercaya kang wus diwulangake dening rasul Paulus. Sakliyane kuwi, ana ing penemune (mbokmenawa lho ya) Titus, luwi becik DITINGGAL kanggo ngayahi ayahan kang migunani tinimbang mung greudag-grudug ora cetha apa kang kudu diakoni lan ora ana tilake babarblas.

 

Saka andharan ing ndhuwur isa dipethik pasinaon bab kena apa Gusti Yesus kudu “munggah” mbalik menyang Swarga lan para pendereke kudu DITINGGAL, yakuwi supaya isa nduweni tanggungjawab, kaya Titus neng kutha Kreta. Semono uga tumrap sing maca tulisan iki, aja nangis ngglolo nalika  DITINGGAL apa lan sapa wae, mesti kuwi ana ancase sing luwih apik. Yen nate ngalami kahanan DITINGGAL, jajal sinaonana, apa kersane Gusti karo kahanan kuwi.

 

“Jo, jan-jane manut penemumu, Wasti karo Trinil kuwi esip endi ta?” Takone Siwo Solebo marang Dalijo, nalika sore kuwi nembe wong loro neng Cakruk Sor Talok.

“Wuaduh, aku ora isa mbiji Wo,malah mengko klora-kleru. Tapi yen bab sabare, bulik Trinil kuwi jian poll..” Dalijo semaur sanadyan wiwitane wegah nyauri.

“Lha mbiyen kuwi janjane Ndoleng sing DITINGGAL apa kepiye?” Takone Siwo Solebo meneh.

“Iki padha ngrasani aku ta cah!?..Jian, poll..kayane aku saben wayah treding topik tenan..piralll neng jagading Cakruk Sor Talok iki..” Lik Ndoleng ujug-ujug njedul lan menehi tanggepan rembugane Dalijo karo Siwo Solebo.

“Mbiyen kowe DITINGGAL Wasti ya Leng?” Takone Siwo Solebo tunjeb poin.

“Ngene lho Bo, pancen aku DITINGGAL, ananging sakwise takrasak-rasakne, jebule ana kersane Gusti, aku kudu ngrumati Trinil, mbokne bocah-bocah lan Markun ya ana sing ngarepi..” Jlentrehe Lik Ndoleng sajak diwasane ngeram.

“Biyuhh..sakaje wicaksana temen saiki Lik..kamangka atine jik keranta-ranta…” Iin njedul, nggawa kopi lan pacitan, sinambi melu urun rembug.

“Dussss..malah kowe mbukak wadiku In….hmmm” Lik Ndoleng nyauri Iin.

“Ananging aku sarujuk karo statementmu  mau Leng. Ben isa ngrumati Trinil lan Markun ya ana sing ngarepi..sipp..aku setuju…josss” Ngendikane Pakde Kento, muga-muga wae okeh sing nduweni lelakon kaya Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Senin, 17 Mei 2021

NGEMBAN

 

Senen Kliwon 17 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 29 : 28-38

Jabur 115

Filipi 1 : 3-11

Mangkono Harun anggone NGEMBAN jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.” Pangentasan 28 : 29

 

Jejer EMBAN, nate kanggo ing nalikane BENINGE EMBUN ESUK pas neng dina Kemis Wage 18 Juli 2019. Lan menawa ing dina iki jejere padha, sing gede pangapurane, amarga winatesing pangertene sing nulis tulisan iki.Sanadyan padha, yakuwi bab NGEMBAN, ananging beda ing babagan undheraning kahanan. Ing dina iki, BENINGE EMBUN ESUK arep ngrembug bab NGEMBAN kang gegayutan karo tanggung jawab karohanen nalika lumebu utawa ngayahi ayahan manut dhawuhe Gusti Allah.

 

Tembung NGEMBAN kang tinulis neng Pangentasan bab 28 ayat 29 kuwi dhawuh saka Gusti Allah marang Harun. Dhawuh kuwi tumiba nalika menehi pangerten marang Harun nalika samengka ngayahi ayahan ana ing Pedaleman Suci. Gusti ngersakne kabeh jenenge trahing rama Yakub (Israel, iki rada resmi mula ora tak tulis ngisrael..hehe) tinulis, supaya kabeh klebu ing pangonga utawa ing tata manembah. Anggone nggawa jenenge trah Rama Yakub kuwi ginambarake lumantar tembung NGEMBAN. Harun kudu wani NGEMBAN kabeh tedak turune Rama Yakub, cikben kabeh winengku ing sih rahmat lan uga ora marakne ana crah lan tukar padu ing tembene.

 

Gawean NGEMBAN kuwi mbokmenawa dudu gawean kang abot, ananging isa wae dadi abot amarga wektune kang ora winates. Yen ora percaya, njajal wae NGEMBAN bocah cilik sing dudu anake, mesti ora kuwat suwe lan kokean alesan kanggo nguculake apa kang diemban. Beda menawa NGEMBAN anak’e dewe, sanadyan suwe ya tetep wae kuwat, amarga kuwi duweke dewe, kuwi wohing katresnane. Nalika NGEMBAN anake dewe, ing kono sanadyan suwene ngeram, ananging nduweni pengarep-arep kang ngluwihi nalika NGEMBAN anake liyan. Lha pengarep-arep kuwi kang njalari kuwat ngayahi ayahan kang batese angel dimangerteni.

 

Harun dinawuhan NGEMBAN kabeh trahing rama Yakub (ginambarake kanthi jenenge), semono uga menungsa ing jaman saiki ya kudu ngerti kudu NGEMBAN apa. Ana pitutur Mikul Dhuwur lan Mendem Jero, kuwi ya bab sing sejatine dikongkon NGEMBAN marang leluhur. Mula saka kuwi, payo sinau lan nuladha Harun kang kudu NGEMBAN okeh trah saka Israel lan ora nampik, ayo nampa apa wae timbalan kanggo NGEMBAN kabeh gawean kang sarwa apik, amarga kuwi kersane Gusti.

 

“Jo, sakliyane pancen asile jos, apa sing amrakne  sliramu kuwi gelem blepotan lendut, ngolah sawah tegal?” Takone Pakde Kento, nalika jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Iyo, Jo, lha nalika kabeh cah nom-nom padha lunga neng kutha, sanadyan kaya lagune kusplus (ke Jakarta aku jadi kuliiii), kok sliramu betah neng ndesa?”Siwo Solebo melu nakoni Dalijo.

“Oalah, niku ta. Lha sakliyane kula niku pancen mboten seneng  ten kutha, kula niku remen dolanan lemah kok dhe..Wo..niki ugi minangka srana anggen kula NGEMBAN welinge Swarga baak”Wangsulane Dalijo, nganggo basa karma sing ya lumayan alus.

“Rasah basa Jo, bindheng kupingku krungu  basa kramamu..” Lik Ndoleng njedul saka ngomah sinambi nesu merga pancen ora isa bsa karma.

“Oinggih Lik, pikantuk weling saking Yu Wasti. Kapurih NGEMBAN mbakyu, mesti paklik remen..” Iin kaya padatan, njedul lan langsung njaragi pakne cilik sing baguse kaya Irus Cedak Kandang Wedus.

“Crigis In…kon NGEMBAN awak sakhilolah ngana kae apa ya skuwat aku..” Unine Lik Ndoleng.

“Weh, jik ngarep-arep ta Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Ya..kala-kala Bo..jenenge wae kisah masa lalu gek..” Semaure Lik Ndoleng, lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ana sing sarujuk, menawa masa lalu kuwi ya olih wae dieling-eling..

 

 

Mbah’e..

Sabtu, 15 Mei 2021

LOLA

 

Setu Pon 15 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 34 :1-7

Jabur 47

Yokanan 16 : 4-11

Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.” Yokanan 16 : 7

 

LOLA kuwi kahanan, kang wus ora nduweni sapa-sapa, ora nduweni bapa lan biyung. LOLA kuwi ora nduweni bapa lan biyung ora amarga ditinggal pegatan, ananging amarga bapa-lan biyung wis seda utawa pindah alaming panguripan. Amarga wis beda alaming panguripan mulane wis ora isa srawung langsung maneh, isane srawung ya lumantar batin. Sanadyan LOLA kuwi kahanan kang isa kinaranan pepesten, ananging ora sithik menungsa sing ora langsung siyap nampa kahanan LOLA iki, akeh sing emoh nglakoni kahanan LOLA. Njur amarga LOLA kuwi pepesten, perangan apik apa kang isa dialami dening menungsa utawa titahe Gusti?

 

Crita neng Injil Yokanan bab nembelas menehi gambaran lan uga piwulang  bab kahanan “LOLA”, yakuwi kahanane para sekabate Gusti sakwuse ditinggal Gusti “mudik” menyang Swarga. Manut Pangandikane Gusti, sakwise para sekabat ditinggal lan dadi mlebu nang kahanan LOLA, para sekabat arep diparingi “hadiah”, kang sinebut Rohing Panglipur. Lumantar Rohing Panglipur kuwi, para sekabat (sanadyan LOLA), tetep isa makarya jumbuh karo kersane Gusti lan nglakoni ayahan kaya kang nate katuladakake dening Gusti. Menawa ora ditinggal Gusti, ora digawe LOLA, mesti para sekabat dadi manja, kolokan lan kadingalem, kabeh wegah ngayahi gawean amarga ngejibne Gusti kang nandangi.

Gusti kuwi wicaksana, mula pirsa yen sakwise ditinggal lan ngalami kahanan LOLA, para sekabat ida ngayahi pakaryan kang ngedab-edabi, para sekabat  malah isa mandiri anggone mbacutake pakaryane Gusti. Beda karo nalika ijik ketunggon, apa-apa dipasrahake marang Gusti, kari thenguk-thenguk isa mangan gethuk.

 

Saka critane Injil Yokanan ing dina iki, payo tansah nuwuhake kasadaran yen kahanan LOLA kuwi pepesten, mulane ora usah kokean sambat, ora usah baper. LOLA kuwi kinersakake dening Gusti, mula mesti ana ancas kang luwih prayoga. Anggone Gusti ninggal para sekabat lan ndadekake LOLA kuwi wus mlebu ing “area kawicaksanane” Gusti, mula ora usah kuwatir. Saiki mung kari mbalik parang pribadi siji lan sijine, gelem ngayahi pakaryan tinggalane Gusti apa ora? Arep tetep manja lan kolakan kaya nalika ijik bebarengan karo Gusti apa wise ling yen wis LOLA.

Kaya kang tinulis ing ndhuwur, sanadyan wong tuwa wus mlebu neng alaming klanggengan lan ora isa sesambungan patraping kamanungsan, ananging sejatine jik isa sesambungan batin, jik isa eling karo sakabehe piwulang lan patuladaning urip kang isa dadi jalaran mabcutake kabeh pakaryan kang apik. Sepisan meneh, ora usah keweden karo kahanan LOLA,  amarga kuwi kinesakake dening Gusti, mesti Gusti maringi pamrayogi.

 

“Leng, kae Dalijo jian sregepe ngeram. Kamangka mbiyen, nalika jik ketunggon bapak lan simboke, ora ketok kridane lho..” Siwo Solebo sore kuwi miwiti rembugan nalika jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Iyo gek Bo, aku ya nggumun setahun, njembleng serendeng..ingatase mbiyen bocah ingah-ingih kae, saiki jian..pol sregep lan tlatene nyambut gawe..” Lik Ndoleng ora menehi wangsulan malah melu gumun  karo kahanane Dalijo kang nembe dadi crita.

“Pancen, sakwise dadi bocah LOLA, cah kuwi pol-polan sregepe..” Swarane Siwo Solebo keprungu meneh.

“Kuwi amarga Dalijo nyinau kabeh piwulang lan pituture bapak lan simboke babagan olah tetanen. Malah deweke isa kinaranan luwih unggul tinimbang mbiyen carane tetanen bapak lan simboke, amarga Dalijo isa kreatif ngembangake ngelmune tani saka bapakne lan uga sinau saka ngendi-endi papan..” Pakde Kento melu menehi penemu bab Dalijo.

“Mulane Lik,  Ciprut karo Adine kae aja mbok uring-uring wae. Mulang anak kuwi sing sabar..aja sabarmu mung nalika nunggoni Yu Wasti nyusuki olehmu tuku udud sing ngantuk….wong tuku udud kok “ler-leran”..” Iin njedul, nggawa wedang lan langsung melu nimbrung rembugan.

“Crigis In…Ciprut karo adine sok njarak aku bab wasti kuwi aja-aja kowe sing menehi ngerti?” Takone Lik Ndoleng.

“Dudu Iin sing menehi ngerti pakmu…aku..” Ngendikane mbokcilik Trinil keprungu saka njero ngomah lan Lik Ndoleng sajak njomblak.

 

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH