Selasa, 11 Februari 2020

RERESIK


Selasa Pahing 11 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

CARANE RERESIK


2 Para Raja 23:1-8,21-25
Jabur 119:105-112
Markus 8:14-21
Sang Nata nuli dhawuh marang Imam Agung Hilkia, para imam pangkat loro lan para kang padha jaga lawang, supaya padha nyingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah sakehing piranti kang digawe kanggo Baal lan Asyera lan kanggo sakehing wadya-bala ing langit, iku kabeh tumuli padha diobong ana ing sajabaning kutha Yerusalem ana ing ara-ara ing sapinggire kali Kidron, dene awune digawa menyang ing Betel. 2 Para Raja 23:4

RERESIK (meh pada karo NGRESIKI, ananging iki wis katulis ing 14 September 2019) kuwi tembung daden, linggane Resik (bab tema RESIK wis nate katulis tanggal 1 November 2018) sing tegese kahanan kang tanpa regetan babar blas. Seka Lingga “Resik” kuwi njur ketambahan “re” sing yen kanggo tembung Resik isa dadi tanda pagawean. Beda karo “re” kanggo tembung Reget, merga tegese kuwi nudhuhne kahanan. Mbalik neng tembung RERESIK, kuwi tegese pagawean kang nduweni ancas supaya kahanane Resik. RERESIK kuwi isa lumantar sabarang kahanan, sing penting kuwi ndadekne resik. Isa lumantar disaponi, dipel, dilap,disingkirke lan diobong utawa dipendem lan sakpanunggalane. Sing baku,sakwise RERESIK kahanane dadi resik,edipeni nyenengake. Dene RERESIK kuwi ya butuh tenaga,tekad lan niat lan uga rasa wani. Yen nduwe niat lan tekat, ananging ora nduweni kewanen, mesti ora bakalan klakon nglakoni RERESIK.

Bab RERESIK kuwi nate ditindakne dening Yosia, sang nata ing Yehuda nalik jumeneng nalendra. Nalika kuwipatrap uripe wong-wong Yehua jian ora nggenah, sanadyan okeh sing nindakne pangibadah, ananging kuwi mung lamis, mung sing katon, merga ing tata tumindak blas ora manembah marang Gusti Allah. Kuwi kabeh isa dititeni nalika ing saknjeroning Pedaleman Suci akeh piranti kanggo manembah marang reca sing dudu Sang Yehuwah. Mirsani bab kang kaya mengkono, ratu Yosia duka lan paring prentah supaya nganakne RERESIK, ngresiki sabarang kang ala ing Padalemaning Sang Yehuwah. Sing diprentah kabeh wong  kang ana ing Yehuda, ora pilih-pilih. Dene tujuane RERESIK kuwi supaya kabeh resik lan mbalik manembah marang Sang Yehuwah.

Yen ing jamane ratu Yosia, sing padha nindakne pangibadah mung kebak ing lamis, semono uga ing jaman saiki ya akeh sing lamis. Sing katone manembah marang Gusti, ananging ing sakjroning ati jik akeh “brahala” sing dumunung. Jika akeh sing padha satru, padha jothakan, pada neson. Sanadyan katone ngibadah lan manembah neng papan pangibadah, akeh sing jik nduweni rasa serik, pelit utawa uthil-methitil, jika akeh sing jik nyimpen “wuh” ana neng atine. Lha kahanan kang kaya ngono kuwi sing kudune dianakne ayahan RERESIK. Mula sing sapa jik rumangsa ana ing atine jik ana rasa serik, gething,nesu,uthil methitil lan drengki srei sarta mung nguber bandha, enggala padha RERESIK, cikben mungguh ana ing ngarsane Gusti Allah.
“Jo, kira-kira sing maca tulisane mbahe iki ana sing kudu nganakne ayahan RERESIK pora ya?” Takone Lik Ndoleng, sinambi klepas-klepus udud, merga jik tanggal (rada)nom.
“Weh, ya kuwi jelas Lik, lha kae sing maca sinambi mesam-mesem, sajak kaya ngilo neng ngarep kaca, kae mesti jik akeh sing kudu diresiki, jik kudu nganakne RERESIIK..” Wangsulane Dalijo, sinambi nyruput kopi gaweane dewe, merga I’in lagi pikenik.
“Lha yen awakme apa ya jik kudu nglakoni RERESIK Jo?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo.
“Kuwi mesti Lik, merga bendina tansah nglakoni salah, luput.. Lha sampeyan Lik?” Semaure Dalijo, sinambi nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, yen aku ya…emm..aku ya..” Semaure Lik Ndoleng sajak gugup.
“Jik kudu nyambat tangga teparo ya Lik, merga regete akehe poll..Jik nggolek wektu njawil Yu Wasti ya? Paling ora nyolong nyawang yu Wasti…” Dalijo kaya padatan, njarak Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng raine dadi mbranang merga erosi..

Simbahe..


3 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH