Senin, 17 Februari 2020

NUNDHUNG


Senen Pon 17 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

NUNDHUNG PANASE BOCAH


Pangandharing Toret 20:1-21
Jabur 119:9-16
Markus 9:14-29
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!” Markus 9:25

NUNDHUNG kuwi meh padha karo prentah, sing tegese ngongkon lunga. Dene sing dikongkon isa apa wae, isa menungsa (basane nalika nembe padu), isa kewan, isa kahanan kang ala lan uga isa dhemit. Anane ditundhung kuwi merga wis ora ana paedahe meneh ana ing uripe. Yen ijik maedahi, mesti ora ditundhung, wong yen isa malah digoleki lan diparani ben gelem manggon ana neng uripe. Yen durung manteb bab tegese tembung NUNDHUNG, gegambaran iki isa didadekne kaca pengilon, ben ndang isa dong utawa paham. Coba wae nalika bengi-bengi neng ruang tamu nembe santai sakbrayat, njur ana Ula sing “melu jagongan”, mesti enggal NUNDHUNG si Ula cikben enggal lunga utawa minggat saka njero ruang tamu kan?

Gusti Yesus nate NUNDHUNG uga ana ing sakjroning wektu peladosane neng njagad. Kaya crita ana neng Injil Markus bab 9. Neng kana ana crita bab bocah sing saka cilik wis kepanjingan dhemit, lan kuwi ndadekne uripe rekasa lan mesakake temenan, mula Dhemite kudu kon lunga. Sanadyan wis suwe nderek Gusti, jebule para sekabate Gusti durung wasis anggone NUNDHUNG dhemit, mula jik mbutuhake Gusti Yesus. Lan nalika si Dhemit mau weruh Gusti Yesus, wedine ora njamak lan nalika Gusti NUNDHUNG si Dhemit, enggal minggat sakadohe. Sakwise Dhemite  ditundhung dening Gusti Yesus, kahanane si Bocah mau njur sehat,waras, kuwi dilapurake  dening Injil Markus lumantar crita yen si bocah njur digandheng tangane karo Gusti Yesus lan didekne. Nalika si Dhemit minggat, uripe menungsa bakalan luwih kuwat lan isa ngendani laknat.

Urip ki sejatine ya kaya kahanane si bocah sing kadunungan Dhemit, sanadyan “model” dhemite beda-beda. Ing jaman saiki dhemit kuwi isa awujud rasa kemunthus, rasa egois, rasa kumlungkung, rasa minder, rasa srei-iri landrengki, rasa eman sing ora tinlungan utawa pelit. Kuwi kabeh “model” Dhemit ing jaman milenial, jaman dijital. Yen menungsa kadunungan dhemit kuwi, mesti uripe ya ngrekasane ngeram, mulane ya kudu dikon lunga,kudu wani NUNDHUNG ben ora ana ing urip iki.  Yen isa NUNDHUNG dhemit “model” digital lan milenial, mesti urip iki luwih eteng lan nyenengake. Ananging ya kudu dieling yen NUNDHUNG dhemit ing era dijital iki ya angele ngeram, mung sing Tatag-Teteg  lan Tutug wae sing isa NUNDHUNG si dhemit milenial iki.

“In, kok tumben paklik ora njedul, mung neng kamar wae, kuwi ana apa ta?” Pitakone Dalijo marang I’in bab Lik Ndoleng, merga saiki rada arang jagongan neng Lincak.
“Haiyah, kuwi lho kang, saiki kedanan egim, kuwi lho dolanan sing neng HP..” Wangsulane I’in. “Wis tak elikne ora isa leren..”
“Hmmm…kleru strategimu ngelikake. Nganggo caraku mesti manjur..top markotop..” Dalijo ngomentari Nduk I’in, sinambi ngisep MLDne lan banjur nywara rada mbengok.
“Lik, entuk titipan surat. Mbuh bab apa, sing nitipi Yu Wasti. Wingi aku mampir warunge. Arep dikekne dewe rasido, merga nunggu sampeyan sing biasane mampir, ndilalah ora..” Semu Mbengok Dalijo nyeluki Lik Ndoleng. Ranganti limangndeti, Lik Ndoleng mlayu seka kamare, jik sarungan lan meh mlotrok, enggal nakoni Dalijo.
“Weh, endi Jo..endi surat sing seka Wasti..endiii Jooo..” Mbengok Lik Ndoleng anggone njaluk marang Daljio.
“Lha tenan ta In. Mayar NUNDHUNG dhemit egim neng Paklik, sebut wae tembung “Wasti”, mesti mari. “Unine Daijo sareh, sajak ngenyek Paklik’e, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kae..


Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH