Rebo
Legi 5 Februari 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Rut
3:1-`3,4:13-22
Jabur
37:1-17
Markus
7:14-23
Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku
sing marakake najis, sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa,
thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati, laku
bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe,
tanpa budi. Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang
manungsa.” Markus 7:20-23
Ana sing ngarani yen sakabehing kahanan
kuwi ana sumbere, mula kaya ngapa sumbere ya kaya mengkono kahanan sing bakal
klakon. Yen sumbere apik ya mestine bakal metu samubarang kang apik. Semono uga
kosok baline, yen sumbere ala a mesti kabeh bakalane ala utawa ora apik. Sumbr ing
kene isa diarani “undheran” lan uga isadiarani “pusat”, mula ya saka ing
undheran utawa pusat kuwi mau kabeh lumaku. Isa nggo gawe conto, anane lampu listrik,
isa nyetel tipi, nguripke setrika lan sakpanunggalane kuwi merga ana daya
listrik, lan daya listrik kuwi ana pusate. Mula yen pusate mati utawa sudha
dayane ya kabeh isa lumaku ora sing sakmestine.
Bab “pusating” samubarang kuwi
kasunyatan, lan ora isa diendhani. Semono uga menungsa ya nduweni “pusat”
sakabehing obah osik’e. dene sing dadi pusat utawa sumbering polah menungsa
kuwi PIKIRAN. Menungsa isa tentrem lan bungah merga nduweni PIKIRAN sing bungah
lan tentrem, sanadyan yen disawang tata kadonyan ora nduweni bandha kang
akeh. Menungsa arep mangan, arep
ngombe,arep ngapa wae, kabeh dikendaleni utawa diwiwiti seka PIKIRAN. Mula saka
kwi, yen PIKIRANe wening lan bening, mesti nyawang samubarang ya bakalane
wening lan bening. Beda menawa PIKIRAN’e buthek lan kemrungsung, mesti sing
bakal kawetu ing tembung lan tumindak ya buthek lng kemrungsung.
Banjur kepiye anggone isa nduweni
PIKIRAN sing wening lan wening kuwi? Mayar wae! Nyuwun marang sing kagungan Urip,
bubar kuwi dilatih supaya isa nduweni PIKIRAN sing wening lan bening. Bab
PIKIRAN sing dadi undheraning kahanan kuwi ya pernah dadi piwulange Gusti.
Gusti mulang yen sing ala utawa najis kuwi dudu sing mlebu menyang ing ragane
menungsa, ananging apa kang metu, merga kang metu kuwi asale saka PIKIRAN. Lan PIKIRAN
kang ala isa ndadekne kabeh kang metu ya ala, ora mung kanggo awak’e dewe,
ananging ya isa marakne rusak liyan. Mula saka kuwi, yen kepengin kahanane urip
apik lan tentrem, ditata wae PIKIRAN, lan sakwise PIKIRAN wis apik, mesti kabeh
lumaku apik lan becik. Sebab apa wae klakone kawiwitan saka PIKIRAN.
“Jo, kok takrasak-rasakne, awakmu kuwi
ora pernah nesu, sanadyan dirasani, dipaido lan sakpanunggalane?” Takone Lik
Ndoleng.
“Kuwi merga aku ora tau nganggep ala
Lik, pikiranku sareh, wening,anteng lan bening. Mbok’o dipaido, ya takrasakne
minangka kritik sing apik, sanadyan ditampik, ya aku mikir menawa pancen ora
ana aku yawis mlaku, kuwi sing ndadekne uripku penak, kuwi merga aku wis nata
PIKIRANku, lan nyawang samubarang becik lan apik” Wangsulane Dalijo.
“Emange sampeyan Lik, sithik-sithik
nesu,ngamuk,nglabrak lan sakbanjure. Wis nesunan, pelit meneh! Kuwi merga sing
ana ing PIKIRAN sampeyan mung bab kauntungan kanggo sampeyan Lik, ora nate
mikir liyan..” Nduk I’in melu cawe-cawe, sinambi dondom.
“Lha kuwi bener kandane I’in Lik,
ditata seka PIKIRAN..ben isa wening..” Dalijo nganjutke omongane I’in.
“Paklik isa kang, nggere direwangi Yu
Wasti..hahaha..” Pangedene I’in.
“Kamprett..malah tekan Wasti bocah siji
iki….”Batine Lik Ndoleng…
Simbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar