Kamis, 27 Februari 2020

MANGKAT


Kemis Pon 27 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yunus 3:1-10
Jabur 51
Lukas 9:22-25
“Mangkata, menyanga ing Niniwe, kutha kang gedhe iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingake marang sira.” Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwe, cundhuk karo pangandikane Gusti Allah. Yunus 3:2-3b

Sing diarani MANGKAT kuwi tumindak, yakuwi tumindak ninggalke papan lawas lan tumuju marang papan anyar. Dene mula bukane MANGKAT kuwi isa merga werna-werna kahanan, ananging racak’e merga timbalan. Dene timbalan kuwi isa seka pihak njaba lan uga seka pihak njero. Seka pihak njaba isa kuwi sedulur, isa kanca lan uga wong lya. Isih seka njabaning awak pribadi, timbalan seka njaba isa uga merga kahanan sing ana ing sakiwa tengene. Dene timbalan seka njero, merga kahanae awak. Isa kanggo conto sing timbalan seka njero, nalika esuk tangi turu njur krasa pipis, kuwi ya jenenge timbalan, lan akeh-akehe mesti ya MANGKAT. Lha yen ora MANGKAT apa ana ukumane? Ya ana.

Nabi Yunus nate ditimbali lan didawuhi dening Gusti Allah. Wiwitane ya MANGKAT, ananging menggok, njur kena bebendu. Kaping pindone MANGKAT lan kasil. Njur apa sing ndadekne nabi Yunus ing kala sepisan tinimbalan makarya MANGKAT, ananging menggok? Kuwi merga wedi marang kahanan sing durung dialami, mung wedi marang wewayangan sing ana ing pikirane. Manut penemune nabi Yunus, Niniwe kuwi kutha sing bejad lan ora pantes nampa nugraha nalika mertobat. Ngerti kang kaya mengkono, nabi Yunus ya mangkat nalika ditimbali, ananging njur menggok. Nabi Yunus MANGKAT, merga ninggalke papan panggonane sakdurunge, ananging ora nuju marang kang dikersakne dening Gusti Allah, mula njur entuk pepeling. Sakwise sadar, njur ya mangkat lan akhire kutha Niniwe mertobat.

Ing jaman saiki ya Gusti tetep nimbali umate, kanggo makarya. Ana sing enda (iki sing akeh), ana uga sing MANGKAT. Dene sing MANGKAT, jik dipilah dadi loro, sing manut jumbuh karo dhawuhe Gusti, ning ya akih sing MANGKAT ananging menggok,mula ya ora tekan tujuan lan kaya jamane Niniwe, padha ora mertobat. Mulane sumangga, sing pada maca tulisan iki,wis padha MANGKAT netepi timbalan durung?Yen uwis, ngerah kang dikersakne Gusti apa malah menggok?Kuwi mung sampeyan dewe-dewe sing pirsa.

“Mau bengi rampung jam pira Lik rapat panitia undhuh-undhue?” Takone Dalijo nng Lik Ndoleng.
“Hmm..jam pira ya, aku lali ora niliki jam gek Jo..”Semaure Lik Ndoleng.
“Lha hasile piye Lik?” Dalijo jik nguyak informasine, merga ora isa mangkat, kudu kenduren.
“Weh, aku ya ora patio eling..apa ya..” Sajak bingung Lik Ndoleng menehi wangsulan.
“Mbok jujur wae Lik, ora ngerti apa-apa bab rapat. Lha wong ora MANGKAT.” Nduk I’in melu mangsuli.
“Weh, lha mingket seka ngomah, pamite arep MANGKAT, jebul malah Menggok ndalan. Po mampir mae Yu Wasti Lik?” Dalijo nakoni sinambi ngisep eM,eL,De sing sajak nikmat banget, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Kinjeng ditinggal yange.

Simbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH