Kamis, 20 Februari 2020

MRONGGOL


Kemis Legi 20 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 6:2-9
Jabur 2
Markus 9:41-50
Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratonin Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing Naraka.” Markus 9:47

MRONGGOL kuwi sebutan kanggo pagawean, sing pokok tugase ndadekne pisah utawa copot, mirunggane pang seka wit. Dadi yen ana wit sing pang-pange ora maedahi utawa dadi reribete kiwa tengene, kudu dipotong utawa dipronggol, lha gaweane kuwi diarani MRONGGOL. Dene gawean MRONGGOL kuwi macem-macem kahanane, ana sing gampang, ana sing angel, ana sing kudu nganggo alat abot lan larang, ana uga sing nganggo alat sederhana wae cukup lan hasile apik. Sing baku, MRONGGOL kuwi kudu dilakoni kanthi tujuan apik, aja nganti dilakoni merga sengit utawa getting karo sing arep dipronggol. Merga ana wae sing sejatine ora seneng karo uwonge, ee…lha kok tandurane sing dipronggoli…

Gusti Yesus nate mulang bab “MRONGGOL” kuwi, dudu merga panjengane kuwi anak’e tukang kayu, sing njur dikon ngurusi kayu. Ananging merga kudu mulang bab urip sing apik. MRONGGOL sing diwulangke Gusti Yesus kuwi bab uripe menungsa. Yen ana sing ora apik, isa kuwi sikep lan tumindak, kudu dipronggol wae, ben ora ngeridhu lakuning urip. Gusti ngendika, aluwung urip kanthi mata pece tinimbang jangkep ananging malah nasarake urip sakabehe. Piwulang iki uga ngemu teges bab sikep sing tegas, sikep sing gumathok. Kaya dene MRONGGOL pange wit-witan, MRONGGOL pang-pange urip iki ya ana sing mayar lan uga ana sing angele ngeram. Yen angel, ya aja wigah-wigih, nggolek ragat lan alat, aja ditkokne wae malah ndrawasi. Dene sakperangan kang kinaranan “pang-pange” wit uriping menungsa kuwi isa watak srei, drengki, uthil,pelit,males,kemaki lan sakpanunggalane, sumangga para maos njangkepi. Pang-pange Witing urip sing ora maedahi kuwi sing kudu dipronggol, ben isa luwih apik.

Mula saka kuwi, ayo saiki pada MRONGGOLI pang-pange uripe dewe-dewe, ben uripe luwih apik lan migunani. Aja nganti liyan sing MRONGGOLI, merga luwi nglarani lan nggegirisi, aluwng dipronggoli dewe-dewe. Ora usah kuwatir, yen ana “hobyning” urip sing kudu dipronggol, kuwi mesti tujuwane apik, mula orausah ditangisi lan banget olehe nggetuni.

“I’in ngandi ta Lik, kok ora enek ambune kawit mangesuk?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Mbuh, nesu kayane. Wingi bar takelikne, takkon MRONGGOL kabeh watak sing ora apik” Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi nggaya tur ya pethitha-pethithi kaya porong benthet.
“Weh, lha apa I’in kuwi nduweni watak ngono kuwi ta Lik?” Takone Dalijo, sajak kaget.
“Iya, bocahe njelehi. Gampang nesunan, ora gelem dicenthok, kena sithik wae njur nesu. Nesune njur nyetatus gek Jo..sing nganyelake, nggere natoni kancane ora sadar, biasa-biasa wae. Ananging yen disenggrok sithik wae, biyuh..kaya uler lintang neng wit pari, langsung mengkurug!!” Lik Ndoleng sajak emosional nyritakne bab I’in.
“Muga-muga bocah kuwi gelem MRONGGOL apa wae sing ora apik Jo. Ndang ganti topik, kae bocahe wis mulih seka warung.” Unine Lik Ndoleng nalika weruh I’in mulih seka Warunge Yu Wasti.

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH