Sabtu, 08 Februari 2020

NYUWIL


Setu Wage 8 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 29:13-16
Jabur 112:1-9
Markus 8:1-10
Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.”Markus 8:6

NYUWIL, kuwi tegese misahake sawetara bagian saka induk utawa pusate. Nyuwil kuwi sithik, merga yen akeh ora isa diarani NYUWIL. Apa wae sing dicuwil mesti bakalan kalong utawa susut lan malih dadi luwih sithik. Akeh wong sing ora gelem NYUWIL darbek’e yen kuwi barang sing nduweni pangaji kang gede, dene yen ora ana pengajine, gampang olehe NYUWIL malah maro ya oleh. Sanadyan bab sing mayar, merga ora mbutuhake kuliah tekan  sundul langit, ananging bab NYUWIL kuwi ya isa angel tumrap sing nduweni watak pelit,uthil lan ora gelem andum-inganduman.

Bab NYUWIL kuwi nate ditindakne dening Gusti Yesus, nalika ngadepi wong akihe buanget kang keluwen. Nalika ngadepi wong akeh sing keluwen, Gusti Yesus ora ngakon pada lunga, ananging ndawuhi supaya para sekabate nyawisi pangan. Amarga anane mung sithik, mula ya kudu dicuwil-cuwil. Sakwise dicuwil-cuwil banjur diedumake, ora disimpen dewe. Sakwise dicuwil njur diddum-dumke, jebule wong akeh banjur warge lan malah kepara turah akeh. Kamangka rotii sing dicuwil lan diedum ora akeh, mung ana limang rep lan sing butuh wong patangewunan. Kabeh kang ditindakne Gusti Yesus marane wong akeh gumun, lan merga saka gumun kuwi sakbanjure langsung tambah kapercayane. Lumantar NYUWIL roti, nandakne yen Gusti Yesus maringi piwulang supaya urip lan berkah kuwi kudu dindum, ara dipek lan disimpen dewe.

Ing jaman saiki bab NYUWIL “roti” kuwi ya ora gampang, merga akeh sing pada mbledig kasugihan kanggo awake dewe. Merga pengen sugih, mula akeh sing padha korupsi, akeh sing padha ora jujur lan sakpanunggalane. Ing kahanan kang kaya mangkene, kudune sing padha maca tulisan iki sadhar, yen jik kerep wegah NYUWIL rotine, malah kepara ana sing gogrok lan dijupuki liyan wae, diuyak sakecekele. Akeh sing paham bab patuladan lan piwulange Gusti Yesus, ananging sithik sing gelem nindakne tumindak kaya Gusti Yesus. Mula yen akeh sing pada keluwen ya lumrah wae, merga wegah NYUWIL rotining panguripane.

“Lik, ngampil artane nggih, kalih “ewu” mawon..” Dalijo ngomong wuasis merga nduweni karep mirunggan.
“Weladalah, kok mlipir Jo basamu? Hmmm…kuwi merga meh ngutang kan?” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Inggih Paklik…” Wangsulane Dalijo.
“Aku lagi sepi, ora nduwe duwit..”Sengol Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Muga-muga klakon sing mbok omongke Lik..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Weh, iki merga Dalijo ngowahi adat, ndadak basa nrithil In..”Jawabe Lik Ndoleng.
“Haiyah, sampeyan nggere duwe karep karo Yu Wasti ya mengkono, lan malah kabeh mbok kekne yen urusane karo Yu Wasti..”I’in njawab lan njur ditinggal nyang pawon, dene Lik Ndoleng praupane langsung mbranang sajak nesu.

Simbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH