Selasa, 25 Februari 2020

NGUMPET


Selasa Legi 25 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 19:9-18
Jabur 78:17-20,52-55
Markus 10:28-31
Bareng ana ing kono panjenengane banjur lumebet ing guwa lan nyare ana ing kono. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ana apa sira ana ing kene iki, Elia?” 1 Para Raja 19:9

NGUMPET kuwi sawijining tumindak, dene tujuan utawa ancase supaya ora konangan dening liiyan. Dene cara anggone padha NGUMPET luwi ya maneka werna. Ana sing kudungan apa wae sing penting ora katon dening liyan, ana sing mlayu pindah papan utawa panggonan, ana sing mlebu neng njero guwa, ana sing mlebu neng njero alas, ana sing ganti jeneng, ana sing operasi rai lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi cara kanggo NGUMPET saka panguyaking liyan. Dene anane NGUMPET kuwi racak’e merga keweden. Ana sing keweden merga diuyak-uyak depkolektor, ana sing keweden merga konangan nglirik sing dudu pasangane lan sakpanunggalane.

Neng Kitab Suci ya ana crita bab Nabi sing NGUMPET saka tanggungjawab sing diparingake dening Gusti Allah. Nabi kuwi jenenge Elia. Nalika kudu ngelikake bangsa ngisrael sing ngeyele ngeram, ndilalah kudu ngadepi ratu sing wangkote kaya tunggak jati gunung watu Wonogiri. Merga rumangsa ora kasil lan malah wedi karo pengancemeratune ngisrael, nabi Elia njur mbedhal mlayu nggendring sipat kuping. Nebi Elia NGUMPET saka panguyak’e sapa wae sing ngancem keslametane. Lha nalika lagi NGUMPET neng papan sing sepi, neng Gunung Horep kuwi, Gusti Allah nakoni. “Ana apa sira ana ing kene Elia?”. Kuwi pitakonan retorik, sing sejatine ora mbutuhake wangsulan, wong Gusti yawis pirsa.  Lha iki sing sakbanjure dadi “ngguyokne”, lha nabi Elia njur goroh, ngapusi marang Gusti.

Wong wis genah-genah NGUMPET saka timbalane, lha nalika di takoni Gusti kok ndadak ngapusi. Mikire Gusti ora pirsa sejatine kang klakon. Lha apa sing dilakoni dening nabi Elia uwi saiki ya akeh sing nglakoni,akeh sing wasise ngeram olehe wangsulan nalika sejatine lagi NGUMPET. Alesane sibuk, repot, randuwe wektu lan sakpanunggalane. Kamangka sejatine ora ngapa-ngapa babarblas. Rumangsane isa ngapusi menungsa, kamangka sejatine ngapusi marang Gusti Allah. Saiki jajal padha dirasakne, apa ya mlebu ing nalar nalika ngapusi Gusti Allah? Nalika isa ngomong ora isa, nalika longgar nanging ngomong sibuk lan repot?  Ya manga, sampeyan sing maos ndang jujur wae, merga Gust iwis pirsa.

“Lik, sesuk kerjakti, ndandani bak sampah ngarep greja”, Omonge Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Aku ijin Jo, pamitna pengarepe greja ya. Aku ana urusan penting.” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Hayah gayamu Lik..saben-saben alesan ana urusan penting. Palinga yen ora turu ya tuku udud, kuwi wae mesti warunge Yu Wasti! Kokean Alesan wae!!”, Nduk I’in melu ngomongi Lik Ndoleng.
“Iya Lik, bener kuwi omongane I’in. rasah endha, rasah NGUMPET saka Gusti. Panjengane pirsa, sanadyan kanca-kanca ora ngerti..” Dalijo melu ngandani Lik Ndoleng.
“Wasismu ngeram Lik yen kon alesan…ananging yen bab Yu Wasti, pintermu nggolek cara ora ukur. Awas kapan lungane kang Markun!!” Nduk I’in sansaya pol ngosone Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung cengar-cengir kaya Manuk kelangan susuh.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH