Rabu, 19 Februari 2020

WEWEH


Rebo Kliwon 19 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 2:1-15
Jabur 119:9-16
Markus 9:38-41
Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.” Markus 9:41

WEWEH kuwi jinising tumindak sing isa ndadekne sudaning apa duwek’e. merga saka pangerten sing kaya mengkono, mula akeh wong sing wegah yen dikon WEWEH, geleme diwenehi, utawa nampani pa-WEWEH.  Sejatine apa ya WEWEH kuwi kudu awujud banda sing isa didemek lan disawang? Ora!! WEWEH kuwi baba pa wae, sing baku tujuane ndadekne liyan “nduweni”. WEWEH pangerten, WEWEH perhatian, WEWEH piwulang, WEWEH esem lan sapa aruh. Pokok’e apa wae sing ndadekne Liyan nduweni kuwi isa diarani WEWEH. Ananging ya kudu dieling, yen ora kabeh pa-WEWEH kuwi apik, ana kala mangsane bab sing ala, mula ing kahanan kaya mengkene iki, kawicaksanan kudu diempakne, ben isa nuntun lakuning urip kang maedahi.

Bab WEWEH kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang karo para sekabate. Ing kana Gusti nganti ngendika yen sabarang cilik (kayata banyu secangkir) sing diaturke marang pendherek’e Gusti Yesus, mesti bakal tampa ganjaran. Lha yen digambarake nyaosi banyu secangkir wae nganti dadi pepeling ing piwulange Gusti, tegese ing jaman kuwi ya arang sing gelem menehi para sekabate Gusti bab sing sederhana, apa meneh sing luwih aji ing panyawanging donya iki. Saka piwulange Gusti Yesus, iki isa dipethik pasinaon, yen bab menehi, bab WEWEH kuwi jian aji temenan, uga ing jaman saiki, yen arep WEWEH ya WEWEH wae, ora usah ndadak ngakon ngapa-ngapa ndisik. Yen arep WEWEH jik dikongkon, kuwi jenenge dudu WEWEH, ananging opah. Dene opah wae ya mung manut adat sing lumaku, opah kuwi dudu pamaturnuwun, merga yen pamaturnuwun, tetep WEWEH sanadyan ora dikongkon.

Ing jaman saiki ya jik lumaku sing kaya mengkono. Bab WEWEH jik angel, merga akeh sing padha ngrumati pesugihan sing diarani PELIT. Ing tembung seneng WEWEH, ning neng tumindak jik petungan, memper blantik neng pasar sapi, kabeh-kabeh dieting bathi lan rugine. Mulane, sinau saka piwulange Gusti Yesus, ayo padha nggerakne grengsenging WEWEH marang sapa wae sing merlokake. Ben mengkone nampa ganjaran saka Gusti Allah.

“Jo,  sliramu seka ngendi, kok sajak rapi banget?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika  Dalijo mlebu ngomah, sinambi ngaturi jisamsu Lik Ndoleng.
“Seka dalem kapandhitan Lik, andum berkah!” Semaure Dalijo sinambi nyopot jaket kumel sing ana tulisane “99”.
“Weh, lha po bar bidston tik ndadak sowan dalem kapanditan kuwi?” Takone Lik Ndoleng sajak gumun.
“Lha ngapa ndadak ngenteni bidston, pomeneh ngenteni lara njur mari, wong mung arep andum berkah wae? Urip kwi kudu demen WEWEH Lik. Kuwi kaya piwulange Gusti neng Markus 9. Aja pelit-pelit Lik, mengko malah kembrukan banda, mot…opsss..rasida ding Lik..” Wangsulane Dalijo, sajak kendeg.
“O..oo..ngono ya Jo..?”Lik Ndoleng sajak isin,njur nyumet jisamsu  sing nukokne Dalijo.
“Kuwi, nyumet jisamsu ya ora maturnuwun, kamangka ditukokne kang Dal kan?” Nduk I’in melu nyemesi Lik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya  Yuyu Matil Lele.

Simbahe..





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH