Jumat, 14 Februari 2020

PALENTINE


Jemuah Kliwon 14 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Kaimaman 26:34-46
Jabur 119:1-8
Markus 8:34-9:1
Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe. Murih kaslametane wong iku Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang para leluhure kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir ana ing ngarepe para bangsa, supaya Ingsun dadi Allahe; Ingsun iki Yehuwah.” Kaimaman 26:44-45

Crita Kitab Suci bab mbalelane menungsa, pepeling saka Gusti Allah,mertobat lan urip kepenak, bar kuwi njur mbalela maneh kayane uakih banget. Apa meneh ana ing Kitab Perjanjian Lawas, ing kana dicitakne kaya ngapa polah tingkahe para menungsa sing ndableg lan ngeyele ngandubillah. Mula saka kuwi, supaya menungsa ora kokean polah lan ndadekne ati mongah-mongah, njur digawekne paugeran-paugeran utawa pranatan-pranatan. Tujuan utawa ancase paugeran utawa pranatan kuwi ya supaya menungsa eling lan waspada bab endi sing oleh dilakoni lan  ora olih dilakoni. Ananging sanadyan kaya mengkonoa, ya akeh sing tetep padha mbalela,ndableg..(mbokmenawa sing maca tulisan iki ya anal ho..hehe)

Kitab Kaimaman nyritakne bab apa kang dadi paugeran-paugeran saka Gusti Allah kanggo menungsa. Ora mung paugerane, ananging uga kaya ngapa gede lan jerone tresnane Gusti Allah marang menungsa. Saking gedene tresnane Gusti Allah marang menungsa, mula sanadyan wis nerak paugerane Gusti Allah lan nampa paukuman lumantar diuncalne neng negara kang beda, tetep wae dijaga dening Gusti Allah. Kaya sing tinulis ana ing Kitab Kaimaman 26 ayat 34-46. Neng kana dicethakne kaya ngapa kaluputan sing dilakoni dening menungsa lan uga paukumane. Anaging sanadyan kaya mengkono, Gusti ora negakne kagungane nampa paukuman suwe, sebab mbok’a diukum tetep wae dijaga keslametane. Paukuman saka Gusti Allah dudu merga gethinge Gusti, ananging malah kuwi wujud tresnane Gusti marang para kagungane. Mula saka kuwi menawa ana sing nate nerak paugerane Gusti Allah, njur rumangsa nampa paukuman, aja kuwatir. Katrenane Gusti Allah kuwi ngungkuli paukuman.

Saka kitab Kaimaman, ayo pada sinau bab lakuning urip, yen ing urip iki sejatine merga katresnane Gusti Allah. Menawa ana sing ngrasa uripe rada rekasa lan abot, aja kuwatir, kuwi mingaka carane Gusti mratelakake katresnane. Saking tresnane Gusti marang menungsa (jarene jarwa dasa saka menus-menus kebak dosa..hehe..) mula sanadyan luput lan kudu nglakoni paukuman, tetep wae djaga lan diayomi.

“Jo, tak jingglengi BENINGE EMBUN ESUK dina iki kok jian ora ana gathuk’ane babar blas ing antarane judul karo andharane?” Sajak serius Lik Ndoleng maca androite  lan uga takon marang Dalijo.
“Weh, kok padha karo aku Lik, iki karepe piye ta?” Nduk I’in melu urun  omong lan ndilalah gathuk karo Lik Ndoleng, kamangka biyasane banyu mbek lenga.
“Woooo..lha kurang tiliti..coba balenineh macane..”Semaure Dalijo sinambi ngisep MLD, klangenane sing anyar.
“Tetep ora ana ….”Meh bareng Lik Ndoleng karo Nduk I’in semaur, sakwise sawetara maca meneh.
“Hmmm…yaowis. Lha kuwi nggon jaket sampeyan kok ana sing mbedusul, kuwi apa Lik? Kok kayane aku ngerti..” Dalijo ngalihake konsentrasine I’in karo Lik Ndoleng saka androit marang jakete Lik Ndoleng, sing dingo merga jare atis. Bareng weruh, I’in njur mbengok.
“Lho, kok ana silperkuwin Lik, hayo arep kekne sapa?” Nduk I’in takon marang Lik Ndoleng.
“Weh, kok ya jik konangan ta cah..asemb..” Rada lirih Lik Ndoleng semaur, dene Nduk I’in sajak nduwe cara njarag Lik Ndoleng.
“Oiya, iki lak dina PALENTIN. Hmm..mesti silperkuwin kuwi arep sampeyan kekne Yu Wasti ya Lik?Ngko bengi kan ana rapat, mesti sampeyan mangkat, merga yu Wasti ya diundang, ndilalah ngepasi PALENTIN.” Nduk I’in nyemes Lik ndoleng, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya jomblo nduwe coklat okih pas PALENTINE.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH