Senin, 24 Februari 2020

NGECULNE


Senen Kliwon 24 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:7-23
Jabur 78:17-20,52-55
Markus 10 :17-27
Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!” Markus 10:21

Tembung NGECULNE (ana uga sing ngarani nguculne, nguculake lsp), kuwi linggane ucul, sing tegese pisah saka papan sakdurunge. Seka tembung Ucul njur dadi NGECULNE mesti wae dadi beda artine, mulane NGECULNE kuwi tegese tumindak kanthi sengaja kanggo nglepasake utawa misahake saka papane. Sanadyan kayane mung mayar, ananging durung mesti bab NGECULNE kuwi isa dilakoni, apa meneh yen sing kudud diculne kuwi sabarang utawa kahanan sing wis njiret lan wis suwe. Isa kanggo conto, nalika ana Pitik sing kena jiret tali, merga polah wae, mesti jiretane sansaya siset lan sansaya angel olehe NGECULNE. Kuwi yen bab jiretan sing nyata, durung “jiretan” liyane, kayata rumaket utawa ginubet marang bandha lan “tresna”.

Bab angele NGECULNE kuwi nate dicritakne dening Kitab Suci, kuwi cetha ana ing Injil Markus bab sepulu ayat pitulas tekan selawe. Ing kana ana pawongan kang kepengen nderek Gusti, ndilalah wonge kuwi sugihe pol-polan. Nalika pepinginane kuwi diaturne neng ngarsane Gusti, Gusti ora enggal-enggal nampani, ananging malah mbalik maringi piwulang. Nalika krungu bab nglakoni pranatane agama, wongsugih mau mangsuli kanthi manteb yen wis kabeh pranatane agama dilakoni. Gusti Yesus banjur ngendika, yen jik kurang siji,yakuwi dikon ngedol kabeh barang darbek’e. krungu syarat sing pungkasan kuwi, wong sugih mau isin, njur mundur lan ninggalke Gusti Yesus.

Wong sugih ing critane Gusti Yesus angel anggone NGECULNE banda-donyane, merga rumangsa yen kuwi sing paling aji. Bab nderek Gusti kaya sing diaturke neng ngarsane Gusti kuwi mung sampiran, mung ben katon apik,katon soleh lan sakpanunggalane. Ing jaman saiki ya akeh banget sing kaya patrape wong sugih neng critane Injil Markus sepuluh kuwi. Blegere nglakoni pranatane agama, ananging durung (apa amalah ora ya) isa NGECULNE bab kadonyane, jik luwih abot kadonyane tinimbang Gusti. Mula yen mbiyen nalika mirsani ana sing wegah NGECULNE kadonyane diarani dening Gusti “Luwih Gampang Mlebune Onta Neng Lubange Jarum”, saiki ya mengkono. Yen jik rungisa,rungwani NGECULNE “donyane” kanggo nderek Gusti, aja pernah ngarep kratone Swarga. Lan uga, bab netepi pepakone agama mung lamis lan ora sakwutuhing ati.

“Jo, kok sliramu kuwi loma banget, cal-cul yen babagan greja, apa sing njurung awakmu?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Mung sederhana kok Lik. Aku ngrumangsani urip neng ngalamdonya iki mung sedela, mung mampir. Aku eling yen jagadku sing langgeng kuwi dudu neng ndonya iki.mula nalika aku ngerti dalan marang bab kuwi, aku kudu nyengkuyung.” Wangsulane Dalijo, sajak pilosopis.
“Weh, lha brarti saksuwene iki, aku isa diarani durung weruh dalane ya Jo?” Takone Lik Ndoleng maneh, sajak bingung.
“Iyo Lik, yen watakmu jim pelit, methithit kaya saiki, jik nggondeli bada kaya ngrangkul Yu Wasti, tangeh lamun isa mlebu kratone Swarga, sanadyan ketok sregep ngaBEKTI”. Ujug-ujug Nduk I’in njedul seka pawon, nggawa kopi mongah-mongah.
“Wah, aku kudu wani NGECULNE apa wae sing ala neng uripku”. Lik Ndoleng muni sajak rada mbatin…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH