Senin, 10 Februari 2020

TOBAT


Senen Legi 10 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 22:3-20
Jabur 119:105-112
Markus 8:11-13
“..sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah, -- mulane lah sira bakal Suntunggilake kalawan para leluhurira lan sira bakal kapetak ing pakuburanira kalawan tentrem, apadene mripatira ora bakal nyumurupi sakehing kasangsaran kang bakal Sundhatengake ana ing panggonan iki.” Para utusan mau iya banjur padha ngaturake wangsulan iku marang Sang Nata.” 2 Para Raja 22:19-20

TOBAT, kuwi tembung sing cekak lan katon mayar anggone nglakoni, ananging durung mesti mayar temenan nalika kudu nglakoni sing sakmestine. Lho kok isa mengkono? Iya, merga TOBAT kuwi ora mung winates ana ing tembung, ananging kudu kelakon ana ing tumindak. Nalika mung ana ing tembing, mayar banget ngomonge, ananging sing diarani TOBAT kuwi tumindak, sing tegese mbalik saka kahanan sing ora pas lan tumuju marang papan sing sakmestine.

TOBAT sing  pas kuwi nate kalkon lan isa dadi patuladan saka crita neng Kitab Suci. Neng 2 Para Raja 2 22:3-20. Ing kana dicritakne kaya ngapa cara TOBAT (nelangsa) sing sakbenere.  Dene lakuning TOBAT kuwi lumantar adat lan tradisi sing lumrah. Ing jaman Para Raja 2, lakuning TOBAT yakuwi  lumantar nyuwek-nyuwek penganggo lan uga ngeblegi awu ana ing sirahe. Nyuwek-nyuwek penganggo lan uga kalawan nangis kuwi mratandakne getun sing jero banget, lan getun kuwi ora ngelingi marang kahananing awak, merga mung ngener marang Gusti Allah. Getun utawa TOBAT sing jik isin, dudu tumindak kang bene rana ing ngarsane Gusti.

Ing jaman saiki akeh TOBAT sing mung ana neng lambe, mung ngomong thok ananging tumindak’e babarblas ora ana. Akeh sing wasis nalika muni TOBAT, ananging sesuk-sesuk’e njur mbaleni tumindak sing luput lan nate kaapura, kanthi wasis ananging lamis. TOBAT wis ora ana maknene sakliyane mung tembung, merga ora ana tumindak sing nandakne yen kuwi bener-bener TOBAT sing mbalik saka tumindak sing luput tumuju marang tumindak kang apik.

“Lik, wingi sing kotbah sapa?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng bab sing kotbah saja neng nggrejane, merga dewekne nyumbang neng omahe kancane, sisan neng nggreja cedak omahe kancane.
“Aku linggih neng mburi Jo, ora ketok lan ora krungu swarane”, Wangsulane Lik Ndoleng sajak bingung.
“Weh, lha pora maca Warta Greja?” Dalijo jik nguyak.
“Ora kumanan gek Jo.. Lha tekaku rada telat…anu hmm…”Sajak  wiwit kewuhan Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Haiyahh..ndadak kokean alesan Lik..wong wingi ora mangkat neng nggreja wae alesan neka-neka..Jare wis TOBAT ora arep ngapusi, kok malah mbok baleni?” Nduk I’in tanpa tedeng aling-aling mbukak lamise Lik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng mung kaya padatan, mesam-mesem tanpa rumangsa salah..

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH