Sabtu, 15 Februari 2020

NGAKONI


Setu Legi 15 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 30:1-9a
Jabur 119:1-8
Matius 16:13-19
Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” Mateus 16:15-16

NGAKONI kuwi yen mung disawang, diwaca lan diunekne mayar, ananging yen tekan ing tataran tumindak, ya angel. NGAKONI kuwi seka tembung “ngaku”, sing tegese nampa lan ngrumangsani nduweni. Kena bisa dingo conto, nalika ana sing kelangan, njur ana sing ngaku, kuwi tegese dewek’e sing nglakoni tumindak colong jupuk. NGAKONI kuwi isa uga mengkene, rumangsa nduweni lan uga mercayani. Ngaku yen isa menek wit klapa, mula pengakoni kuwi ora mung  mandeg ing wicara, kudu isa nindakne, isa menek wit klapa nalika dibutuhake. Mula saka kuwi, NGAKONI kuwi sejatine rumpil menawa dirasa ana ing tataraning tumindak.

Ana critane Kitab Suci, bab kepriye anggone Gusti Yesus nakoni marang para sekabate. Nalika kuwi sing didangu Simon Petrus. Didangu bab sapa Panjenengane kuwi manut para sekabat, ndilalah Petrus  sing ditakoni. Manut rasa pangrasa dalah penemune Simon Petrus, Panjengane kuwi Sang Kristus, kang Jinebatan minangka Juru Wilujeng. Apa sing dadi wagsulane Simon Petrus kuwi bener, mula entuk pangalembana saka Gusti Yesus. Anane entuk pangalembana lan diwawas bener saka Gusti kuwi ora mung ana neng tataran tembung ing sakjroning wangsulan, ananging Gusti Yesus ya pirsa dewe labuh-labete Simon Petrus saksuwene nderek Panjenengane. Mula saka kuwi, wangsulan kang kawetu ing tembung kuwi, dipirsani Gusti metu uga saka tumindak, lan kuwi wis dialami dening Gusti. Petrus kuwi wani “nggetih”.

Lha tumrap wong ing jaman saiki, utamane sing ngaku jare “Kristen”, apa yaw is isa nepakne ing uripe. Antarane NGAKONI yen tinimbalan dening Gusti Yesus saperlu nderek nampa keslametane lan uga ing pakaryane? Aja-aja mung mandeg neng tembung thok, lan nalika dikon tumindak, mandeg grek blas ora obah? Kuwi kabeh ya mung Gusti sing pirsa, lan uga diri pribadi, apa wis NGAKONI kalawan tumindak utawa ngakoni neng tembung wae. Sing wis NGAKONI lan NGLAKONI, terus disengkut nglanjutke, dene sing durung, sing jik mung neng tembung, enggal diowahi.

“ Lik, sampeyan percaya yen urip iki dirumat sakutuhe dening Gusti?” Sore kuwi Dalijo ujug-ujug nakoni Lik Ndoleng bab sing rada wigati.
“Weh, ya jelas Jo. Satus persen pull aku percaya marang Gusti. Aku NGAKONI yen Gusti kuwi juru slametku..”Wangsulane Lik Ndoleng muantepe poll.
“Wah, melu seneng Lik..muga-muga isa tak conto…”Dalijo sajak sumringah.
“Aku iya seneng kang, serius” Nduk I’in melu cawe-cawe. “Oiya, iki sesuk ana acara kunjungan neng panti asuhan lan butuh tambahan donasi. Isa melu ndonasi Lik?” I’in nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, mbok aja saiki, aku lagi anu…hmm..aku lagi repot..”Rada gagap LikNdoleng olehe wangsulan.
“Hmmm…jebul sampeyan kuwi lagi isa NGAKONI yen Gusti kuwi juru wilujeng, ananging durung isa NGLAKONI neng urip Lik..persis kaya sing maca tulisan iki..” Dalijo semaur, sinambi mak brabat, mbuh arep ngandi.

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH