Jumat, 07 Februari 2020

MANGAP


Jemuah Pon 7 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 29:1-12
Jabur 112:1-9
Markus 7:31-37
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa! Sanalika kupinge padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh. Markus 7:34-35

MANGAP kuwi tegese mbukak tutug. Dene ancas utawa tujuane mbukak mau ya werna-werna, isa merga reflex kanthi tujuan gerak kesehatan, isa uga merga nembe ngendikan utawa omong-omong, isa uga merga nembe mangan utawa liyane. Sing baku, MANGAP kuwi tumindak lumrah sing isa dilakoni sapa wae. Ananging tembung MANGAP kuwi ia diwenehi arti utawa teges sing :negative”, nalika kanggo ngarani sapa wae sing ngomonge ora ditata lan marakne liyan tatu. Saben tembung sing ndadekne liyan tatu, kuwi njur ana tetembungan sing (rada) saru, “Nggere MANGAP kok  ora ditata..”. Ing kene tembung MANGAP kuwi isa diartekne ngomong sing ora nggenah lan natoni liyan.


Dina iki BENINGE EMBUN ESUK ngajak sapa wae sing (gelem) maca ngrasak-ngrasakne piwulange Gusti Yesus. Dene sing dadi pokok piwulang yakuwi nalika Gusti Yesus nambani wong bisu, sing tegese ora isa ngomong (MANGAP), nganti tumeka ing mari utawa warase. Dene carane Gusti nambani kuwi unik, sing lara diajak sumingkir, banjur “nggawe” ramuan (ramuane aja ditiru lho ya..), lan dioleske lan ilate sing bisu didemek. Kuwi sing ndadekne sing bisu isa MANGAP utawa menga lan kuwi kang ndadekne dewekne (sing maune bisu) isa caturan meneh. Isa caturan tegese isa ngomong, isa ngetokne ide, isa ngetokne uneg-uneg .

Ing jaman saiki sejatine akeh wong sing pada “bisu”, merga padha ora isa (gelem) ngomong. Merga saka kahanan “bisu” kuwi, mulane siji lan sijine ora isa ngerti apa kang dadi kekarepane lan kuwi sing ndadekne “komunitas” utawa pasamuan angel majune. Yen dijak rembugan mung monthag-manthug wae, mbuh kuwi dong apa ora, yen dijak diskusi malah teklag-thekluk wae, ananging bareng metu wedang lan pacitan, banjur teges lan telap-telep katon yen waras-wiris. Lha sing nandhang kaya mengkene iki sing kudu disowanake marang Gusti, ben ditambani. Dene tujuane ditambane ya ben isa pulih, isa MANGAP meneh sing tegese isa caturan, isa rembugan, isa disksi kanggo tujuan sing apik bebarengan.

“Lho, jam yahmene kok wis balik Jo, aja-aja mbolos ora sida satasehan?” Takone Lik Ndoleng sing lungguh neng lincak sor Talok,merga dewekne ora mangkat sarasehan,alesane “M”, males.
“Lha arep suwe piye Lik, arane wae sarasehan, ananging dijak diskusi malah mung meneng wae, dijak ngomong malah pating klesik, bareng ditutup sarasehane, njur metu wedang teges kabeh. Aku njur mulih wae..” Wangsulane Dalijo, sajak mendem rasa kuciwa.
“Weh, jebule pada angel dijak caturan dijak rembugan ta..kuwi kudu takkek’I trik, ben wasis caturan, ben MANGAP..” Lik Ndoleng sajak nduweni trik sing jos.
“Haiyah, sampeyan kuwi gelem mangkat wae kujijat kok Lik, ndadak kokean rembug. Nggere dijak alesane enek wae. Paling gelem mangkat yen neng mae Yu Wasti.” Nduk I’in semaur lan sajak pedes nyemes Lik Ndoleng.
“Weh, bocah iki nggere MANGAP mesti pedese ngeram..Dussss…!” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni pekewuh karo para priyayi sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, merga yen dijak sarasean yan arang gelem MANG…..(opss..mangga dilanjutne nggih..)

Simbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH