Kamis, 06 Februari 2020

MODIPIKASI


Kemis Paing 6 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Pangandharing Toret 4:1-14
Jabur 112:1-9
Markus 7:24-30
Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.” Pangandharing Toret 4:2

Wis umum dadi sesawangan ing padinan, ana pit motor sing swara knalpote njerit-njerit kaya prawan nyawang dudha mesem, wis umum nalika neng ndalan ya sliwar-sliwe ana pit motor rodane cuilik, setange digawe mingkus kaya pitik angrem, uga sesawangan mobil sing dipasangi ban miring. Mbuh kuwi sejatine tujuane apa, ning ya sing nganggo diswang marem,mongkog lan malah kayane sansaya kemaki. Ban pit motor dipasangi sing cilik, ban mobil dipasang miring, setang pit motor digawe njingkrem kuwi kabeh isa diarani MODIPIKASI. Dene tembung MODIPIKASI kuwi tegese ngowahi  wujud lan isine,  sanadyan ora mbubrah total. Sanadyan dipasangi ban cuilik, ananging pit motor ya tetep isa mlaku,ning ya bab “kenyamanan” ora dong.

Bab MODIPIKASI kuwi ora luput, malah apik sauger tujuane nambahi fungsi, dene MODIPIKASI sing tujuane nyudha utawa ngurangi fungsi, kuwi sing ora apik. Apa meneh ora mung  ngurangi fungsi,malah uga isa marakne nuwuhake bebaya marang kahanan. Kabeh sing wis dadi produk masa, kayata pit motor lan mobil kuwi sakdurunge diuncalke neng pasaran, wis ngliwati “studi kelayakan” sing ketat lan ragate larange raukur, mula yen njur ana sing MODIPIKASI ananging nyudha fungsine, kuwi apa ora ngece marang sing nggawe? Njajal wae para maos BENINGE MEBUN ESUK iki, yen apa sing wis digawe njur digunakne beda karo tujuan wiwitan lan kuwi malah nekakne kapitunan, apa ya ora nesu?

OBAT TURU


Bab MODIPIKASI kuwi jebul wis dadi karaktere menungsa seka jaman mbiyen. Paham karo karaktere menungsa sing kaya mengkono kuwi, nabi Musa mulang lan meling, supaya para umat sing dipimpin tansah setya netepi piwulange Gusti. Setya kanthi netepi kabeh apa kang dingendikakne Gusti, ora olih di MODIPIKASI. Nabi Musa sdhar yen para umat sing dipimpin kuwi “kreatipe” pol lan seneng MODIPIKASI apa wae, klebu dawuhe Gusti. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana sing nate (malah kerep??) MODIPIKASI apa kang dadi dhawuh pangandikane Gusti? Kudune ngibadhah malah nyang sawah, kudune sinau malah turu lan sakpanunggalane.

“Jo, kok grejane dewe ora ngalkoni pisungsung “perpuluhan” ya?” Takone Lik Ndoleng neng I’in lan Dalijo sing lagi nyawang androite dewe-dewe.
“Ssst..jare mbahndito, etungan basa jawa sepuluh kuwi sejinah Lik..wedi yen perpuluhan dadi perjinahan..”Dalijo semaur sakenane.
“Apa ya yen ditrapke arep perpuluhan ta Lik? Gaya sampeyan iyak-yak’o! Persembahan mingguan wae raluwih seka mangewu wae kokean iyik.. “ Wangsulane I’in sajak mendem rasa erosi.
“Weh aku kuwi mung takon In, kok malah kok kumbah kaya ngene?” Lik Ndoleng sajak isin lan kaget.
“Kuwi kabeh sing diarani MODIPIKASI. Pasamuan saiki kreatipe poll..pisungsung wulanan dirapel, kaya pajekan kae, kebaktian nyicil ya ana, sedina pas minggu mangkat ping 4 njur sesasi ora mangkat. Pokok’e apa wae yen isa arep di MODIPIKASI, sing penting marem. Kebaktian wae tujuane marem, ora kanggo kamulyane Gusti..” Dalijo kojah sakkemenge, dene Lik Ndoleng theklak-thekluk sajak ngantuk.

Simbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH