Selasa, 04 Februari 2020

PANGLIPUR


Selasa Kliwon 4 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Rut 2:1-16
Jabur 37:1-17
Markus 7:1-13
Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”

Sajake sing padha maca tulisan iki wis paham karo apa sing diarani PANGLIPUR, yakuwi  samubarang, mbuh kuwi awujud barang apa tumindak lan uga penemu, sing isa nglipur sapa wae sing nandhang susah. PANGLIPUR kuwi dudu pawongan, isa dadi pawongan nalika ing tata basa Jawa ditambahi “Juru”, mula isa dadi Juru Panglipur. Kaya sing wis tinulis sakdurunge, PANGLIPUR kuwi isa awujud apa wae, mula isa didudut penemu yen apa wae sing marakne kahanan dadi (luwih) bungah, kuwi isa diarani PANGLIPUR. Mula saka kuwi, nalika ana sing ngalami kasusahaning rasa, kang isa nglipur ya PANGLIPUR, sing wujude isa apa wae.

MUNGSUHE KOLESTROL


Bab PANGLIPUR kuwi tau dadi bab sing dirasakne “luar biasa” dening Rut, pawongan saka Moab, sing ngetutne mbokne mertua menyang tanah leluhure . Dene anggone melu menyang tanah leluhure (mantan) mertuane kuwi merga bojone mati lan uga mertuane lanang ya semono uga. Rut ngerti kaya ngapa “kapercayane” mbokne mertua, Naomi sing ora mingset, sanadyan ngadepi aboting masalahe wong urip lan uga kepiye anggone nduwe semangat “mudik”menyang tanah leluhure. Kuwi kabeh dadi tudha sing ndadekne Rut manteb kekinthil karo (mantan) mbok mertuane.

Satekane ing daerahe Naomi, jebul urip ya ora langsung kepenak kaya sing diarepake, wong arep mangan ya kudu obah lan polah. Nalika gelem obah lan polah, mula isa mamah. Rut kudu ngasag ben entuk “bahan makanan”, lan kuwi ndilalah ya neng tegale Boas, si Bos sing wis rada tua ananging (kayane) hensam aliyas nggantheng. Lan nalika ngasag neng tegale Boas, dititeni sing pada nyambut gawe, merga carane menganggo beda, lan uga carane rembugan beda. Kuwi kabeh malah sing ndadekne Boas “nglirik”, beda karo sing pada ngasag liyane, merga wis kulina.

Liding dongeng, Boas “jatuh cinta pada pandangan pertama”, mula njur nggawe cara ben isa ngistimewakne Rut, lan klakon. Lha apa kang ditindakne Boas kuwi, ana ing rasa pangrasaane Rut, diarani PANGLIPUR. “…awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi…” Kuwi isa dadi gambaran, kaya ngapa bungahe Rut karo apa sing wis ditampa saka Boas.
Critane Rut isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae, yen sing kinaranan PANGLIPUR  apa wae sing marakne bungah, marakne tinampa maneh, marakne tentrem neng ati. Mulane, saiki payo padha mapanke apa wae ana ing urip iki, yen samubarang kang ana ing urip iki jian mung peparing saka Gusti, lan kuwi sejatine PANGLIPUR saka Gusti. Lan meneh, sapa wae isa tumindak kaya Boas lan isa ngalami kahanan kaya Rut.

“Kang, manut penemune sampeyan, kenapa Boas tertarik karo Rut?” Ujug-ujug sore kuwi Nduk I’in  ngajak “diskusi” bab tokoh Kitab Suci.
“Ya kuwi wis ginaris karo Gusti In, lan kudu kaya ngono lumakune crita…”Dalijo sajak krang sreg olehe mangsuli, merga jik asyik njingglengi androite.
“Hmmm, yen wangsulane kaya ngono, kukut kang…ditakoni tenan-tenan kok saurane sakpenake dewe..”I’in sing genti njabrut lan marakne raine rancu ora karuan.
“Yen manut penemuku In, Boas kuwi tertarik karo Rut, merga Rut kuwi ayu, seksi lan semlohai..” Ujug-ujug Lik Ndoleng njedul seka kulon ngomah, mbuh seka ngendi.
“Wah, sampeyan mesti mbayangke Yu Wasti ya Lik..lan ditambahi, Lemu..kaya Yu Wasti..”Dalijo sajak semangat yen urusane karo Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng sing genti njekethut raine, kaya Ayam Alas kepethuk menungsa.
“Hmm..nggere cah loro iki engkel-engkelan, rame tenan, lan iki sing isa dadi PANGLIPUR kanggoku lan mbokmenawa uga sing maca BENINGE EMBUN ESUK..” Batine Nduk I’in..

Simbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH