Jumat, 21 Februari 2020

PEGATAN


Jemuah Pahing 21 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 19:9b-25
Jabur 2
Markus 10:1-12
Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.” Markus 10:4

PEGATAN kuwi tembung sing “diharamke” ana ing tata panguripane brayat, mirunggan tumrap warga greja. Sanadyan mengkono, wis diarani haram, ananging ya jik sak ndayak abuh sing saben ndina wira-wiri menyang pengadilan negri, ngurus pegatane. Merga diharamke ana ing tata panguripane pasamuan, mulane PEGATAN kuwi jian kaya pirus sing medeni, sing bahayane ngungkuli pirus corona, mula arang ana ing tata panguripan saben ndina, bab PEGATAN kuwi dadi bahan rembugan utawa diskusi. Lha sejatine apa ta PEGATAN kuwi kok dadi kahanan sing nggegirisi kaya memedi tengah wengi?

PEGATAN kuwi seka tembung Pegat, sing tegese pisah, dene megat kuwi tegese misahake. Dadi PEGATAN tegese mbudidaya misahake samubarang sing sejtine wis manunggil, apa wae kuwi lan ora kudu wong sesomahan,ora kudu bab brayat. Ananging merga PEGATAN kuwi sing mopulerke bab tata panguripaning brayat, mula semune yen muni Pegat, Megat lan PEGATAN kuwi mung bab uriping brayat utawa bebojoan. Kabeh kuwi ana ing donyaning basa isa diarani “Sendimentasi Makna” utawa pendangkalan makna, lan kuwi ya ana ing tebung-tembung liyane, sing mbebayani malah saiki akeh tembung-tembung sing nduweni “agama”, yen muni tembung tertentu jare kuwi  duwek’e agama teretentu, iki kabeh lak mbebayani tumrap edeging basa.

Mbalik neng PEGATAN, sing tegese misah utawa misahake.sejatine PEGATAN kuwi apik yen dipapanke ana ing papan sing pas. Kanggo samubarang sing ora apik, apa ya kudu dirumati lan diuri-uri, kan ya kudu dipegat, kudu nganakne PEGATAN. Mulane saiki ayo pada niliki patrap uripe dewe-dewe, menawa jik ana sing ora apik kanggo urip,kanggo manembah lan kanggo urip bebarengan, enggal nganakna PEGATAN. Sing jik nesunan, srei lan drengki, sing malese ora ukuran, lan kabeh sing ala, ndang gek pada megat kuwi kabeh. Aja pada ngrumati sing ora apik!

“Jarene mbah’e, PEGATAN kuwi oleh ya Jo?” Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab PEGATAN.
“Oleh Lik, ananging tegese PEGATAN kuwi ora mung bab bebrayanan lanang lan wadon.”Wangsulane Dalijo.
“Lha apa rumangsamu oleh PEGATAN bab brayat ya Lik? Ngarep-arep kang Markun megat yu Wasti ya?” Seka pawon, Nduk I’in langsung nyoal-nyael rembug sinambi  nggawa kopi sing jik kemedul kukuse, tegese jik joss.
“Jindull…lha kok tekan Wasti ta In?..Hmmmm..jiannn!”Semaure Lik Ndoleng, sajak kaget.
“Lha umpamane Yu Wasti PEGATAN tenan kowe po seneng Lik?” Dalijo ya melu nggarapi pakne cilik.
“Weh, ya anu Jo..hmmm..anu..lha kuwi kan..hmmm..Anu Jo..”Blingsatan Lik Ndoleng mangsuli pitakonane Dalijo.
“Lha raktenan ta…mesti seneng. Nanging aku entuk kabar lho Lik, jare kang Markun karo Yu Wasti wis nglakoni PEGATAN.” Nduk I’in menehi info.
“Weh serius In??” Lik Ndoleng sajak sumringah.
“Iyo Lik, ning PEGATAN sing sakbenere. Megat kabeh sing ala ana ing uripe. Dudu Megat uriping bebrayatane.” Dalijo mangsuli sinambi nglepus MLDne, merga saiki kuwi klangenane, dene Lik Ndoleng sajak kegol atine.

Simbahe


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH