Minggu, 16 Februari 2020

MILIH


Minggu Pahing 16 Pebruari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

MILIHA WAE IKI


Pangandharing Toret 30:15-20
Jabur 119:1-8
1 Korinto 3:1-9
Mateus 5 :21-37
Langit lan bumi padha dakgawe seksi lawananmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadene berkah lan laknat. Kang iku kowe miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowe dalah turunmu,” Pangandharing Toret 30:19.

MILIH kuwi katone gawean sing penak, ora merlokake “keahlian” khusus, merga mung kari nudhing, beres! Kuwi yen sinawang sakleplasan. Yen mung MILIH babagan nudhing wae pancen mayar, gampang banget. Ananging yen MILIH kuwi ana gegandhengane karo sing bakalan klakon sakbubare MILIH, mesti rada angel.
Bab MILIH kuwi  ya dadi pokok piwulange Gusti Allah lumantar Kitab Suci, yakuwi tumrap menungsa ing donya iki. Arep MILIH urip sing kepenak apa MILIH urip sing ngrekasa. Sepisan meneh yen MILIH kuwi mung babagan nudhing, mesti kabeh MILIH urip sing kepenak. Ananging yen sakbubare MILIH kuwi njur ana “konsekwensine”,mesti ya mbingungi.

Lumantar Kitab Pangandharing Toret, ing bab telungpuluh, menungsa isa sinau yen sakliyane lair karo mati, ora ana sing jenenge Takdir, anane urip iki pilihan, mula ye kudu MILIH. Yen pengen sugih ya dadia pebisnis utawa pengusaha,yen arep terkenal ya dadia artis, yen pengen dadi pemain bal-balan ya sekolahe sepakbola lan sakteruse.Bab percaya marang sing nggawe urip ya ngono, ora ana sing meksa, merga kuwi ya pilihan. Mula saka kuwi, yen wis pada MILIH nderek Gusti (iki istilah khusus), ya kudu siap nanggung resikone. Aja mung gelem nampa berkate ananging wegah nglakoni pranatane, aja mung gelem nampa kiriman “kresek ireng” ananging wegah mangkat kenduren.

Lumantar BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, sapa wae sing maca diajak ngrasakne lan uga ngilo bab urip iki yen sejatine pilihan, mula kudu MILIH. Lan uga, yen wis MILIH aja mung nudhing thok-thil, ning ya apa wae sing dadi “konsekwensi” seka anggone MILIH kuwi ya kudu disangga. Kuwi kabeh merga dipahami yen anggone pada MILIH kuwi ora ana sing meksa, beda menawa anggone MILIH kuwi kepeksa utawa dipeksa. Mula ing bab “milih” dalan marang urip langgeng, aja pada sembrana, yen wis MILIH dalane, ya liwati nganti tumeka ing tujuane. Aja pisan-pisan njarag piwulange Gusti, merga mesti nampa “woh” ing uripe.

“Jo, kok dirimu kuwi yen tak sawang lan rasakne, sregepmu ngeram yen bab gawean nggreja, apa sejatine alesanmu?” Sore kuwi, nalika udan ngrecih, Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab anggone sregep kegiatan greja.
“Iki merga wis dadi pilihanku Lik. Aku MILIH misungsungke uripku manut sing dikersakne Gusti. Wong ya ora ben wayah, mung nalika dibutuhake. Mula nalika dibutuhake, aku ora suwala” Wangsulane Dalijo enteng banget.
“Weh, kok kayane abot ya Jo?” Lik Ndoleng sajak gumun.
“Ora kok Lik. Iki a pada karo wong nenandhur sing kudu ndangir, matun, ngrabuk lan sakpanunggalane. Aja ngarep-arep panen yen mung nyeblokne winih thok-thil tanpa dirumat.” Dalijo olehe njlentrehne jian cetha tur ya gambling.
“Emange sampeyan Lik, geleme penak thok. Bab konsekwensi seka anggone njenengan MILIH babar blas ora direken. Mula mbiyen Yu Wasti ya inggrang-inggring nampa tresnamu, wong mung MILIH kepenak thok!” nduk I’in njedul seka pawon nggawa kopi sinambi nyemprot Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya sing maca tulisan iki..

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH