Jumat, 28 Februari 2020

NGEMAN


Jemuah Wage 28 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yunus 4:1-11
Jabur 51
Mateus 9:15-15
Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Sira ngeman marang wit jarak, kang dudu rumatanira lan iya dudu sira kang nukulake iku, kang thukule sajrone sawengi lan alume iya sajrone sawengi. Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” Yunus 4:10-11

NGEMAN kuwi asale seka lingga “eman”, sing tegese ora gelem ngeculne samubarang kang dadi darbek’e. dene asale eman kuwi merga werna-werna kahanan, isa merga kuwi ajine gede, isa kuwi merga nggolek’a angel lansakpanunggalane. Seka tembung Eman kuwi sakbanjure dadi NGEMAN, sing tegese mbudidaya supaya ora pindah marang papan utawa pihak liya. Lumrahe wong, mesti NGEMAN sabarang kang disenengi utawa dadi klangenane. Merga rasa tresna, mula mesti NGEMAN lan yen ora tresna mesti ora bakalan NGEMAN.

Bab NGEMAN kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Allah marang nabi Yunus, nalika bubar ndadekne bangsa Niniwe mertobat. Nabi Yunus kuciwa, merga bangsa sing dudu golongane kuwi mertobat, kudune entuk paukuman. Merga kuciwa marang Gusti Allah, banjur nabi Yunus protes. Nguningani ”mutunge” nabi Yunus, Gusti Allah banjur mbabar piwulang. Nalika nabi Yunus mlayu menyang sisih wetane kuta Niniwe, banjur ngeyup. Ing kaanan iku Gusti Allah banjur nuwuhake Wit Jarak, cepete gede ngeram nganti ngungkuli duwure nabi Yunus. Merga leddung-ledhung mula nabi Yunus njur ngeyup. Merga wis rada sore, njur nabi Yunus mlebu meneh menyang pondok’e. esuk’e  bareng srengenge njedul, jebule wite  Jarak alum,kuwi sing ndadekne nabi Yunus nesu.

Nalika nabi Yunus nesu, njur diwelehke dening Gusti Allah, yen sejatine deweke ora pantes nesu, merga wit jarak kuwi dudu duwek’e.  Yen nabi Yunus NGEMAN sing dudu duwek’e, mendahneo yen sing nduweni. Kuwi sing dikersakne Gusti Allah, merga Niniwe kuwi sanadyan dudu golongane nabi Yunus, ananging kuwi kagungane Gusti Allah,mula Gusti ya NGEMAN marang kagungane.
Saka crita bab nabi Yunus isa dipethik pasinaon apik, yen sejatine Gusti Allah kuwi NGEMAN marang kagungane. Sing kudu disadari, yen wis dieman, njur apa kang kudu dilakoni para kagungane? Sumangga para maos kang kagungan hak kangge milih.

“Jo, jebul Gusti Allah kuwi tresna marang kabeh titah, ora nyawang kuwi manut utawa mbalela ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Ya mesti wae ta Lik..wong kabeh kuwi kagungane.” Wangsulane Dalijo.
“Yen ngono, rasah tumindak aik, rasah ngibadah wae ya, kan mesti dieman dening Gusti?” Lik Ndoleng sajak nduweni kalodangan kanggo nggolek alesan endha.
“Padune arep kokean alesan wae ndadak nggaya ngajak diskusi bab tresnane Gusti Allah Lik. Sampeyan wae ya NGEMAN sing dudu duwekmu!” Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Weh, kurang gawean wae In, dudu wek’ku kok ngapa ndadak take man?” Lik Ndoleng semaur rada kaget.
“Lha kae, angger nyawang Yu Wasti lungguh jejer pas kebaktian, sampeyan mesti mbingungi. Pora kuwi jenenge NGEMAN sing dudu duwek’e?” Nduk I’in nyemes Lik Ndoleng sakemenge, dene Lik Ndoleng sajak ngowoh, kaya Jangkrik kepedesen Lombok.

Simbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH