Rabu, 12 Februari 2020

KESED


Rebo Pon 12 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 6:6-23
Jabur 119:105-112
Markus 8:1-26
He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter. Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin, ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni, iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas, lan tandho pangan ing mangsa panen.” Wulang Bebasan 8:6-8

KESED kuwi dudu sing dipasang neng ngarep lawing, nggo ngresiki sandal apa sikil sing reget. KESED kuwi patrap urip sing wegah nyambut gawe, utawa nglakoni apa wae. KESEP kuwi wiwit tuwuh seka pikiran lan sakbanjure dilakoni dadi patraping urip. Wong KESED kuwi angel dijak ngapa wae sing gegayutan karo pakaryan. Sing dipikir mung enak lan kepenak. Dijak investasi wedi lan sujono, dijak kerja jare rekasa, dijak maju malah turu lan sakteruse. Senengane udad-udud sinambi ngopi lan ndemung ora mbrejaji.

Bab KESED kuwi nate dadi pitutur ana ing Kitab Wulang Bebasan. Ing kana menungsa dikon ngaca karo patrap urip kewan sing kinaranan Semut. Semut kuwi sanadyan ora ana sing mandegani, ananging nyambut gawe saktulusing ati. Beda karo menungsa,nymabut gawe mung yen diawasi. Semut kuwi makarya kanggo ngrancang urip sing luwih penak, lan kuwi mung lumantar kerja. Beda karo menungsa, sing senenge mung ngimpi urip penak ananging wegah ngobahke awak. Semut kae ya ora nate tukar padudon sanadyan ana sing nalika nggotong panganan ora ketok babar blas gaweane, malah yen para maos BENINGE EMBUN ESUK kera nyepadakne, nalika nggotong panganan sing meh disimpen, ana sing malah numpaki, ora melu nggotong. Sanadyan mengkono, ara dimungsuhi lan dipateni. Iki beda karo menungsa, nalika wis rumangsa nymaut gawe lan nyawang liyan ora melu cawe-cawe, unine wis ora nggenah.

Semut kuwi ngrancang kahanan sing luwih apik lan uga sengkut makarya, sanadyan ora dikon lan diawasi. Semut kuwi nduweni naluri kanggo cecawis, beda karo menungsa KESED, sing mikire mung turu lan turu. Mula saka kuwi, apik yen sing pada maos tulisan iki enggal sengkut makarya, cecawis kanggo kahanan ing tembe, ben isa ngawekani nalika ana kahanan kang mbebayani.

“Lik, ayo nanduri kebon dulkali..ben nggo celengan mbesuk..”Dalijo ngajak Lik Ndoleng.
“Rasudi Jo, urip kok kokean pikiran. Urip kuwi dinikmati, orasah kemrungsung..gawe penak wae..” Semaure Lik Ndoleng.
“Sinauo karo Semut kae Lik, makarya nggo cecawis . aja mung udad-udud an tura-turu..”Nduk I’in melu mangsuli.
“Urip beriman kok keweden bab sesuk, kuwi tandane ora beriman..” Lik Ndoleng jik isa mangsuli.
“Lik, Yu Wasti yaw is nandur lho” Dalijo nyebut ajian sing marakne Lik Ndoleng njenggirat.

Simbahe..




1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH