Senin, 02 Maret 2020

RINUMAT


Senen Pahing 2 Maret 2020
BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 19:1-8
Jabur 32
Mateus 25 :31-42
Sawuse mangkono panjenengane nuli leyeh-leyeh lan sare ana ing ngisor wit rotem mau. Nanging dumadakan ana malaekat kang njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana!” Bareng mirsani ing sakubenge, ing ulon-ulone ana roti panggang lan kendhi isi banyu. Banjur dhahar lan ngunjuk, tumuli sarean maneh. Nanging malaekate Yehuwah rawuh maneh kang kaping pindhone tuwin njawil panjenengane kalawan ngandika: “Tangia, mangana! Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.” Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb

RINUMAT kuwi seka tembung lingga rumat, sing tegese ngoleni supaya aman lan luwih apik. Tembung lingga Rumat kudu diwenehi tambahan ben isa nduweni makna, isa Ngrumati, dirumat,kerumat lansakpanunggalane. RINUMAT tegese ana ing kahanan kang apaik merga ana sing ngrumati. Apa wae yen ana sing ngrumati mesti luwih apik tinimbang ora ana sing ngrumati. Semono uga menungsa, yen ora dirumati dening Gusti, ya tangeh lamun isa nduweni kahanan sing apik. Lha kahanane menungsa sing dirumat dening Gusti Allah kuwi sing diarani RINUMAT.

Nabi Elianate meh mutung, meh lampus diri merga ngadepi aboting momotaning urip. Rumangsa ora kuwat ngadepi momotaning urip, nabi Elia kepengin mati wae. Ananging kuwi ora dadi kersane Gusti, mula nalika nabi Elia mlayu merga wedi karo penganceme Issebel, lan tekan ing saktengahe pasamunan lan wis mutung wegah urip, Gusti ngrumati. Anggone ngrumati, Gusti nyawisi apa kang dadi butuhe Elia, yakuwi panganan, merga dewek’e luwe utawa ngelih. Wiwitane nabi Elia kaget, merga ana cawisan panagan, njur dipangan lan bali leren utawa turu meneh. Gusti ora sarujuk menawa menungsa sakbubare diberkahi njur turu meneh, mula kudu digugah, ditangekne lan dikon makarya meneh. Penakmen nampa berkah ananging mung tura-turu wae! Mbokmenawa ngono penggalihe Gusti.

Saka critane nabi Elia, isa dipethik pasinaon, sing sepisan yakwi bab tanggung jawab. Apa wae pakaryan peparinge Gusti, aja diendani, tampa lan lakoni. Gusti mesti njangkepi lan nyukupi. Dene kaping pindhone, berkah kuwi diparingake saka Gusti kanggo neruske pakaryane,ora dipek, dipangan njur meneng wae utawa malah turu. Nabi Elia nalika turu, disentak Gusti Allah dikon makarya meneh. Dene kaping telune, lumantar nabi Elia isa dipethik pasinaon bab apa ta sing diarani RINUMAT. Kuranga apa wae, abote kaya ngapa wae lan angele ora ukuran, yen wis kinersakne Gusti, mesti RINUMAT. Dene carane Gusti Allah ngumat kuwi maneka cara lan mesti unik lan nyenengake.

“Jo, nggumunku kok Markun kae bola-bali pisungsung, kok ana wae bandane jan-jane nyambut gawe liyane apa ta ?” Saka erosi Lik Ndoleng nggrundeli kang Markun.
“Kuwi ora masalah bandha, dud masalah okeh lan sithik. Kuwi masalah ati sing nduweni rasa syokur lan maturnuwun merga rumangsa RINUMAT dening Gusti”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet eM eL De’ne.
“Emange sampeyan Lik, pelite ngeram. Lagi pisungsung ronggelo wae wis glelang-gleleng raukur. Kang Markun kuwi wong mituhu, tansah atur panuwun, ora nesu lan mutungan..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Weh, aku a sok pisungsung lenn…”Semaure Lik Ndoleng.
“iya sewindu pisan, kuwi wae petunganmu jian kaya blantik..”I’in mangsuli lan Lik Ndoleng sajak kisinan, merga sanadyan RINUMAT dening Gusti ananging blas ratahu atur panuwun, kaya sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem dewe.

Simbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH