Rabu, 03 Oktober 2018

NGEYUP


Rabo Legi 3 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Zakharia 10 :1-12
Jabur 5
Matius 18:1-5,10
“Nanging sedaya tiyang ingkang ngungsi dhateng Paduka badhé sami bingah-bingah, badhé sami surak-surak ing selaminipun, margi sami Paduka ayomi; lan krana Paduka tiyang-tiyang ingkang tresna dhateng Paduka, sami badhé bingah-bingah.” Jabur 5:12

Tembung ngeyup kuwi tegese nggolek papan kanggo ngeyup, dene asale seka tembung eyup. Eyup kuwi kahanan sing aman seka panas lan udan, dadi sing diarani ngeyup kuwi kabeh pambundidayaning titah kanggo ngendani udan utawa panas. Papan sing eyup kuwi akeh, bisa neng ngisor wit-witan, njero gua, sor kretek, njero omah lan sakpanunggalane, ananging tumrap manungsa, papan ngeyup sing paling jos ya ngomah. Dene omah kuwi papanne wong sing omah-omah, sing wis mbangun lan mangun brayat.

Bab ngeyup kuwi jebule ya dadi perkara sing digatekne dening Kitab Suci, paling ora ana neng wacane dina iki, rebo legi telu oktober rongewu wolulas, neng Jabur 5 ayat 112. Ananging neng kana LAI ngaggo ukara utawa tembung ngungsi, dicritakne neng kana, yen sapa wae sing NGEYUP utawa ngungsi marang Gusti Allah, mesti nampane katentreman, nampa kabungahan, merga wus kaayoman dening Gusti. Kuwi kabeh klakon merga juru Jabur yakin, yen ya mung Gusti Allah wae sing isa dadi papan sing paling aman kanggo NGEYUP, hora ana papan liyane sing bisa ngalahke Gusti. Dadi sing sapa wae duwe masalah, mbuh kuwi abot apa enteng, NGEYUPA marang Gusti,ngungsia marang Gusti, dijamin aman, joss.
Jejeg’e menungsa urip kuwi mesti duwe masalah, klebu brayat, merga iki wulan brayat. Seka masalah ekonomi tekan komunikasi, seka masalah sepele tekan masalah ruwet, seka masalah ngapusi lan diapusi, seka masalah ngenengake siji lan sijine uga dinengke siji lan sijine. Kabeh kuwi masalah, dene masalah kuwi kaya udan sing nelesake,uga kaya panas sing ngrepotke, mula kudu ngeyup.

Mula saka kuwi, yen wis sadar yen nalika ana masalah kudu ana papan kanggo sesambat, kaya nalika panas/udan kudu ngeyup, saben wong kudu isa dadi papan pangeyupan,papan sing eyup utawa edum. Wong tuwa isa dadi papan sing edum tumrap anak, wong lanang (suami) isa dadi papan sing edum kanggo wong wedok (bojone). Bocah-bocah ya bisa dadi papan sing edum tumrap wong tua, nalika uripe manut lan mbangun turut. sing baku, kabeh isa dadi papan pangeyupan kanggo sapa wae.

“Kang Dal, wingi nalika layat, paklik Ndoleng ketemu Yu Wasti, njur nggaya, saiki cipika-cipiki. Jare minangka tanda paseduluran, mumpung ana wong akeh,dadi aman. Piye kuwi kang?”, Nduk I’in takon Dalijo.
“Palinga modus kuwi In…”, Dalijo semaur sakenane.
“Wong mung cipika-cipiki wae kok mbok masalahke ta Nduk, saiki biasa. Aku dadi wong lanang kuwi kudu isa dadi papan sing ngayomi kanggo sapa wae, klebu Wasti. Cius, aku ramikir sing aneh-aneh”, Semaure Lik Ndoleng.

Tumindak apa wae kena, sauger ancase apik lan tulus iklas, sing penting saiki ayo pada madeg dadi papan pangeyupan sapa wae, lan uga  ayo dadegne  brayat minangka papan sing eyup ben isa nggo ngeyup..

Mbahe..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH