Senin, 22 Oktober 2018

AWATAK PAWUHAN


Senen Kliwon 22 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK
1 Samuel       8   :1-18
Jabur              37 : 23-40
Lukas                         12 :13-21
“Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh sing ana ing kono: “Padha sing awas lan dingati-ati bab watak karem bandha. Sebab senajan wong duwé bandha akèh, éwasemono uripé wong mau ora gumantung ing bandha kuwi.”Lukas 12:15

Tembung PAWUHAN kuwi seka tembuh “Wuh” sing tegese rereget sing wis ora kanggo, utawa basa ngindonesa’ne sampah. Dene  pawuhan kuwi tegese papan panggonane Wuh, dene  awatak kuwi tegese nduweni watak. Mula yen dijlentrehne tembuh AWATAK PAWUHAN kuwi tegese nduweni watak sing kaya papang panggonane Wuh, sabarang kalir isa mlebu utawa tinampa. Mulane PAWUHAN kuwi biasane ambune ora enak lan kahanane ya ora apik, merga apa wae isa tinampa. Sejatine pawuhan kuwi migunani tumrap menungsa,merga neng papan kuwi sabarang  rereget utawa sampah bisa dibuwang. Ananging sing arep dadi bahan renungan iki bab WATAK, yakui nduweni watak PAWUHAN, sing tegese gelem nampa apa wae utawa serakah.

Nalika Gusti Yesus memulang wong akeh, ndilalah ana sing pengen njaluk tulung marang Gusti. Wong kuwi njaluk supaya Gusti dadi juru ngedum warisan. Gusti ora kersa, lan sejatine Gusti pirsa tujuanne wong sing njaluk supaya Gusti dadi juru andum warisan, yakuwi supayane oleh panduman kang gede. Wong kuwi kepengin nguwasani banda warisane wong tuwane supaya napa luwih tinimbang apa sing kudune dadi bageanne. Ana watak srakah sing nginjen sakjroning pepinginan wong sing njaluk diddum warisane kuwi, mulane Gusti Yesus emoh, wegah nuruti kekarepane wong sing srakah kuwi. Ana ing pamirsane Gusti, wong sing njaluk diedumke warisane kuwi nduweni watak PAWUHAN, sing momot akeh barang lan ora isa ngelola mula dadi bosok lan ngembon-mbone kiwa tengene.

Watak’e wong sing njaluk didumke warisane kuwi tekan saiki jika ukehe pol, malah kepara sing maca tulisan iki klebu sing nduweni. Mung dikon ngedum wektu 2 jam seminggu kanggo ngibadah wae, serakahe ora njamak. Wektune mung kanggo nguyak senenge awak kamanungsane, mburu banda,mburi duwit. Dikon ngedum wektune kanggo peladosan wae alesane ndakig-ndakig, kamangka sejatine mung seka srakahe ,anggone nganggokne wektune kanggo mareme dewe,kanggo mbledig kadonyane wae. Disuwun Gusti melu cawe-cawe lumantar pisungsung, ben pakaryane Gusti lancer lan sansaya amba, jik ngenyang, kuwi wae ndongane ndakig-ndakig…Jian pol tenan wong saiki kuwi..Srakahe..Awatak Pawuhan tenannn..

“Jo, dek wing kowe arep neng nggrejo kok ndadak mampir warunge Jamali, ngapa?”, Lik Ndoleng esuk kuwi takon karo Dalijo.
“Meh tuku udud lik, kentek’an”, Wangsulane Dalijo sareh.
“Halahhh, padune mung meh ngijolke duwit wae, rongpuluhewu nggo tuku jarum super  pitulas ewu, njur telungewune nggo pisungsung, rong kantong, siji sewunan sijine rongewunan”, Alok’e Lik Ndoleng sajak menang isa miring-mirangke Dalijo.
“Jik mending kang Dalijo lik, timbang sampeyan, meh tuku rokok wae ndadak neng warunge Yu Wasti, kuwi wae sok-sokan semugih, susuk’e rasah dibalekne, kamangka yen karo aku, duit  mangewu wae eling terus”, Nduk I’in mbelani Dalijo.
“Biasane sing ngece kuwi ya tahu nglakoni In, mula toknewae karepe paklik, ben marem…hahaha”, Semaure Dalijo..
“Dusss….kok mesti aku sing kena ta yaa..ya”, Lik Ndoleng semaur karo mecucu..

Aja pada srakah lur, ngko malah kaya pawuhan sing ambune ora enak blass..


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH