Rabu, 17 Oktober 2018

CILAKA


Rebo Kliwon 17 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja  17-21
Jabur   26
Lukas 11 :42-46
“Cilaka kowé wong Farisi! Awit prasepuluhané asilé tanduranmu selasih, inggu lan sarupaning janganan kokbayar, nanging padha nglirwakaké kaadilan lan katresnan. Mangka kuwi sing kuduné kokdhisikaké, tanpa nglirwakaké sing liya-liyané mau.” Lukas 11:42

Ora ana wong siji-sijio neng ngalam ndonya iki sing seneng lan malah kepara mburu CILAKA. Sing ana malah pada ngendani ka-CILAKA-an ana ing sakdawane uripe. Lha sejatine apa ta CILAKA kuwi? Manut penemuku, cilaka kuwi kahanan sing dialami dening sapa wae lan kuwi ora ndadekne kepenak’e urip, mbuh kuwi urip saiki neng alam ndonya apa mengkone neng alaming klanggengan. Lumantar pengerten iki isa didang-dangi penemu yen rekasa neng njagad rapapa sing penting mlebu swarga, merga akeh sing ndueni penemu kaya mengkono. Mbalik neng bab CILAKA, mestine merga kuwi bab sing ala, kabeh wong wegah ngalami sing diarani cilaka, sakisa-isane ngupayakne urip begja..



Piwulange Gusti Yesus neng Lukas 11 , dadi pepemut tumrap sapa wae. Neng kana Gusti ngelikne supaya urip jujur lan ora lamis ben ora cilaka. Merga neng Injil Lukas bab 11, Gusti ndukane wong akeh sing tumindak lamis. Lamis neng sesambungan lan lamis neng kapercayan. Sing diarani lamis kuwi nalika wong nglakoni urip beda karo apa sing dirasakne, kayata nalika katone manembah ngibadah seneng pisungsung sing akeh-akeh ananging njaluk dialem,ora merduli kebutuhaning liyan. Ana meneh sing seneng disubya-subya, aleman baba pa wae uripe lan tumindak’e, kuwi kabeh ora dikersakne Gusti, kuwi kabeh sing isa ndadekne CILAKA. Njur apa ora olih pisungsung, apa ora oleh pamer, apa ora olih nunjukne prestasi apa ora oleh crita bab kesuksesan? Oleh wae, anggere uwi tujuane ora kanggo kesombongan, ning mung saderma crita ben isa dadi patuladan kanggo wong liya. Pokok’e anggere kabeh tumindak kuwi mung kanggo kemaremaning pribadi, kuwi kabeh sing ndadekna CILAKA. Mulane aja lamis..

“Lik, wingi pas rewang kae, aku weruh sampeyan lungguh cedak men karo kang Markun, kuwi apa aku salah nyawang?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Ora mung lungguh cedak kang Dal, lha wong rokok wae paklik nyuwun kang Markun. Ora mung sakler, malah setengah bungkus kayane”, Nduk Iin nimpali.
“Cen Pak cilik kuwi ngisin-isinei In..”, Dalijo semaur.
“Kupingku nggremeng ki jebule koe cah loro ngrasani aku bab cedakku karo si Markun. Ngertio ya cah, aku cedak kuwi merga neng papan umum, wong akeh pada ngerti, ben katon rukun” Lik Ndoleng wangsulan kanthi entheng..
“Lik, jare mbahe, urip lamis kuwi marakne cilaka lho, rapercaya wacanen,kurang percaya maca’a Kitab Sucine..”, Dalijo mangsuli karo rada meden-medeni Lik ndoleng..
“Dusss..apa iya Dal?”, Lik Ndoleng semaur karo mlayu pak branbat, sajak’e krasa meh bebuang…

Aja pada lamis lur…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH