Senin, 08 Oktober 2018

TATU ning TRESNA


Senen Legi 8 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Pangandaring Toret 22 :13-30
Jabur 112
Lukas 10        : 25-37
“Ahli Torèt mau mangsuli: “Inggih tiyang ingkang nindakaken kawelasan dhateng tiyang ingkang dipun bégal menika.” Pangandikané Gusti Yésus: “Wis, mundura, lan nglakonana mengkono uga.”Lukas 10: 37

Sing diarani TATU yakuwi kahananing raga sing rusak, lan biasane ngetokne getih. Biasane lara lan sansaya lara nalika kahanane TATU kuwi sansaya jero lan amba.  Seka tembung TATU kuwi banjur ana tembung KETATON sing tegese  kena ing tatu merga tumindaking litan, NATONI sing tegese ndadekne liyan lara lan TATU. Arang wong sing gelem kena TATU, uga arang sing gelem KETATON, ananging akeh sing tanpa sadar NATONI liyan, luwih arang meneh sing gelem NATONI awake dewe kanggo bungah lan tentreming liyan, merga sing ana menungsa kuwi mung mburu legal an mareming kekarepaning dewe, ora merduli kebtuhaning liyan.

Jare eyang Theresa, tresna tanpa TATU kuwi mbelgedes, omong kosong. Mula yen ana sing bengak-bengok tresna ananging wegah tatu, kuwi jian ngapusine pol.piwulange Gusti Yesus bab tresna ana ing Lukas 10 ayat 25-37 jian jero banget. Sing karan tresna sejati kuwi nalika  wani ninggalke,ngiwakne lan nyingkirke apa sing dadi kepentingan pribadine lan kuwi kabeh kanggo MITULUNGI liyan. Tresna sejati kuwi jebul ora ana neng pawongan sing nganggo klambining karohanen,uga ora ana neng wong sing katon sregep nindakne ayahaning agama, ananging sing wani NATONI awake dewe kanggo tetulung liyan.

Tulada seka wong Samaria sing apik bebudene kuwi jian pas temenan, nyindir kabeh sing anganggo “Pakaian-pakaian” ritualistik, ananging emoh tetulung, emoh mangerteni liyan,emoh nyelehke kepentingane dewe , emoh tumandang nyambut gawe. Katresnane wong Samaria klakon lumantar tumindake sing ninggalke kepetingane dewe, lan kuwi isa diarani TATUning Tresna, kuwi sing isa ndadekne urip luwih karasakne endah amarga marekne sing lara.  Tatuning tresna kuwi kudu klakon ana ing urip bebrayan, siji lan sijine kudu nggatekne kebutuhaning liyan, ora mburu kepentingan lan kemaremaning diri pribadi. Yen siji lan sijine isa nggatekne liyan, mesti tresnaning brayat bakal urip lan terus dadi murup kanggo madangi jagad, ananging yen ora gelem ngrasakne tatu, ora madangi, ndadekne peteng ta iya..

“Dal, brarti aku sing isa nglakoni tresna sing sejati ya?Lha aku rumangsa ana tatu neng atiku, merga Wasti jaman mbiyen kae”, Lik Ndoleng takon semu njaluk pasetujun karo Dalijo.
“Lha mbiyen sing marakne pepisahan piye ta lik?”, Dalijo genti takon.
“Lha janjane a..”, Durung nganti rampung Lik Ndoleng mangsuli, kesusul njedule Nduk I’in seka pawon nggawa kopi lan tela godog..
“Wong ya mung jonja-janji ora tahu kelakon wae kakea alesan lik..Wong wedok kuwi ajamung mbok dadekna dolanan, kudu ana rembug. Yu Wasti mesti wae klaran atine wong mung mbok nggo dolanan atine, bareng radigatekne Yu Wasti njur loap-laop jare wedokan rapnagerten, cen lanangan kuwi aLA ananging njaluke meNANG terus”, I’in malah ngamuk rakaruan…

Lur, ayo nelakne tresnane dewe iki lumantar ngiwakne kepentingane dewe, ayo siap natoni diri pribadi kanggo nulungi liyan..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH