Jumat, 26 Oktober 2018

TITEN


Jemuah Wage 26 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia                     26:12-24
Jabur                          126
Lukas                                     12:54-59
Kowé dhasar wong lamis! Kowé ngerti tandha-tandha sing ana ing langit lan tandha-tandha sing ana ing bumi. Yagéné kowé ora ngerti tandha-tandhané jaman iki?”Lukas 12:56

TITEN kuwi asale seka tembung Niti, sing tegese nglakoni. Seka tembung Niti kuwi uga ana tembung NITENI, sing tegese isa mangerteni kahanan sing bakal klakon  lumantar kahanan sing lagi klakon. Dene TITEN kuwi tegese tansah bisa maca kahanan sing bakal klakon lumantar nyawang, ngrasa, krungu apa sing nembe klakon. Wong sing TITEN kuwi biasane seneng olah rasa lan olah pikir, mula saka kuwi mesti seneng kahanan sing wening, ora grusa-grusu. Dene TITEN dewe kuwi sejatine kanggo kahanan apa wae, sing mesti  obah mosik’e jaman. Isa dingo gegambaran, para ibu luwih bisa niteni apa kekarepane bayine tinimbang para bapak, merga ibu sing luwih akeh srawuh karo bayi, mulane para ibu luwih TITEN basane bayi tinimbang para bapak.

Bab ngelmu TITEN iki iya nate diwulangake dening Gusti Yesus marang para murid’e. nalika kuwi Gusti duka, merga para murid  pada isa nitene obah mosik’ing jagad , ananging ora isa niteni apa kang dadi kersane Gusti. Para murid babar blas ora bisa TITEN marang kahanan sing klakon. Gusti ngersak’ake para murid bisa mangerti apa kang mengkone bakal klakon ing pungkasaning jaman, supaya pada mratobat. Tujuanne mratobat supaya ora kesampyuk ing paukumaning Gusti sing kagungan jagad iki. Gusti Yesus ngersakne, supaya para siswane pinter niteni utawa TITEN marang obah-mosik’ing kahanan, supaya isa jumaga marang lelakoning jagad sing bakal klakon.

Mula saka kuwi, apik yen awak’e dewe, para menungsa (jare mbah Sranta menungsa kuwi menus-menus kebak dosa) sinau niteni kahanan utawa basaning jagad, supaya bisa TITEN marang kersane Gusti. Dene sinau supaya pinter kuwi mbutuhke wektu lan ragad, mula kudu sumadya. Aja ngasi duwe penemu, sinau sedina njur dadi wasis, TITEN marang kahanan apa wae.

“Kok iki neng meja ana kopi  mongah-mongah lan uga Jisamsu, iki wek’e sapa nduk?”, Lik Ndoleng takon karo Nduk I’in nalika sore kuwi lagi mulih seka rewang tanggane.
“Kuiwi kanggo sampeyan lik”, Dalijo sing lagi dolanan HP lan uga metu seka kulon omah malah sing semaur.
“Tumben  apik’an men koe Jo, kesampyuk roh seka ngendi awakmu?”, Sajak ora percaya Lik Ndoleng semaur.
“Niku wau wangsul saking rewang, kang Dalijo crita kalih kula, menawi paklik pirsa sesawangan ingkang nggegirisi. Paklik nyawang kang Markun lan mbakyu Wasti sarimbit mesra sanget. Lha kula lak nggih TITEN ta lik, dugi ndalem mesti paklik ngamuk, mula kula cawisi “alat penjinak” punika”, Wangsulane I’in luancar kaya dalan Tol.
“Ponak’anmu jian waskita lik, jian pinter, isa niteni lan titen marang lelakon sing bakal dialami dening pakne cilik. Sakdurunge nesu lan ngamuk, dicawisi obate sik...hahaha” Semaure Dalijo sajak semu ngece.
“Ngomongo terus JO…nganti sempal lambemu…pancen senengamu ngece aku..TITENono ana wektu, tak wales awakmu”, Lik Ndoleng sajak nesu, ning ya njur njupuk jisamsune njur disuwek,jupuk lan disumet..

Ayo pada sinau niteni kahanan lurr..ben isa TITEN

Mbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH