Sabtu, 13 Oktober 2018

LEMU GINUK-GINUK


Setu Legi 13 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Amos 3:13-4:5
Jabur 90:12-17
Lukas 11:27-28
“Iki rungokna, hé para wong wadon Samaria, sing padha lemu ginuk-ginuk kaya sapi Basan sing dilemokaké. Kowé padha nyia-nyia wong sèkèng lan nindhes wong miskin, sarta akon bojomu nyawisi kowé anggur sing apik dhéwé!” Amos 4:1

Kok ya ngepasi, dina iki 13 oktober 2018, petungan jawa SETU LEGI, sing isa dijarwa dasakne Setengah Tuwa Lemu Ginuk-ginuk. Sanadyan  jarwadasa, ananging bab iki isa dadi geguyonan ing rembugan padinan, ana sing mung ngguyu nalika krungu ananging ya ana sing nesu amarga rumangsa kesenggol karo kahanane awak’e. Njur apa kleru ta yen nduweni awak sing lemu? Ora. Merga  lemu kuwi isa kanggo pralambang yen uripe binerkahan,  makmur lan kebak ing rasa syukur. Dadi yen kebeneran para maos renungan Beninge Embun Esuk iki lemu, tur ya ginuk-ginuk,rasah nesu ya..santai wae..hehe. Ananging apa ya lemu uwi kabeh mratandani yen binerkahan?Durung tentu..Mula ayo ngaca seka piwelinge Gusti lumantar nabi Amos.

Ana ing  Amos bab 3 tekan 4, mirunggan ana ing bab 4 ayat siji, ing kana sinebut bab sing lemu ginuk-ginuk kuwi. Lemu diumpamak’ake kaya sapi seka Basan. Sing kudu dimangerteni, sapi Basan kuwi sapi sing kondang lemune, merga kopen lumantar panganan kang luber. Njur apa wigatine nabi Amos nyindir bab lemu kaya sapi Basan? Iki sindiran sing katujok’ake marang para wadon neng ngisrael, para bojon pejabat sing gaweane mung pesta andrawina, mongan-mangan kanthi kemlekeren lan nglalekne marang wong kesrakat. Sejene kuwi, para  bojon pejabat ngisrael kuwi malah jik nindes  wong kesrakat, supaya ngladeni lan maremake kabutuhane. Merga gaweane mung mongan-mangan wae,kuwi wae enak tur ya larang, mula awake’e bojon pejabat ngisrael kuwi jian luemu tur ya ginuk-ginuk tenan. Dadi lemu neng crita kitab Amos kuwi ora merga binerkahan, ananging merga nindes wong liya mung kanggo mareme dewe, iki sing ora dikersakne Gusti.

Lemu ora apa-apa, anggere kuwi merga olah urip sing pener, ora merga kakaean pesta andrawina lan nuwuhke kapitunan liyan. Anane Amos ngritik bojon pejabat kuwi mergane lakuning urip sing luput, mula Gusti ora kersa lan makal nekakne paukuman. Paukuman kuwi sejatine pepeling, supaya pada nyadar yen patrab uripe luput. Mulane, sapa wae sing rumangsa luput ana ing uripe, enggal-enggala mertobat, supaya ora tinempuh ing paukumane Gusti.
“Lik, saikikok Yu Wasti kae jian, lemune ngayang. Kuwi merga uripe tentrem apa merga serakah ya lik?”, Dalijo esuk kuwi takon karo Lik Ndoleng, bab kahanane yu Wasti sing lemune poll..
“Kuwi merga dekne mung kaya lampu Jo, madang ngising turu!”, Lik Ndoleng wangsulan semu nesu, merga  Yu wasti saiki bahagia pol karo kang Markun, Mantri Kesehatan Puskesman kecamatan.
“Aja nesunan ta lik, lemune Yu Wasti kuwi merga binerkahan, ora kabeh wong lemu kuwi kaya penemumu, sanadyan bener ana neng kitab suci,ana wong lemu merga patrab uripe ora manut kersane Gusti”, Nduk I’in ngelekne paklik’e.

Lemu kuwi ora salah, pomeneh lemu ginuk-ginuk. sing kleru nalika lemu kuwi merga nindes liyan supaya marem lan lega..

Mbah’e   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH