Senen
Pon 15 Oktober 2108
BENINGE
EMBUN ESUK
Obaja
1-9
Jabur
126
Lukas
11:37-41
“Dhuh Allah,
mugi kawula Paduka cobi lan Paduka uji, Paduka kersaa nitipriksa batos lan
manah kawula” Jabur 26:2
Wadul kuwi crita kahanan sing dialami, mbuh
karo sapa. Wadul isa karo sapa wae, intine, wadul kuwi crita. Sejatine ora ana
sing keru karo Wadul kuwi, sing kleru nalika ketambahan “an” dadine Wadulan,
sing tegese samubarang diwadulke. Wong sing seneng wadul kuwi biasane ngrasakne
aboting sanggan urip, ananing ya ana sing “hobby”ne wadul,apa-apa lan
sithik-sithik wadul. Mbalik neng babagan wadul sing bener tur pener, yakuwi
nalika rumangsa ora sanggup ngadepi kahanan lan rumangsa kahanan sing ora mihak
dewekne.
Bab wadul iki nate dilakoni deneng juru jabur,
yakuwi Raja Dhawud. Lha ngapa ta kok ingatase raja kawentar jik klakon Wadul?
Merga rumangsa uripe ora ngalami keadilan,. Iki bab RUMANGSA lho ya. Dhawud ngrumangsani
yen sing klakon kuwi ora adil, wis nglakoni kabeh sing apik lan ora ngrugekne
liyan, ning jatahe urip kon jik rinasa sengsara. Bab sengsara utawa rekasa iki akeh sebab’e, isa merga kahanane alam uga
merga tumindak’e liyan. Liyan ing kene ora kudu wong liya, malah sing kerep
wong sing paling cedak, kaya ta anak,wong tua lan uga bojo (pasangan). Bisa wae
raja Dhawud rumangsa ora digatekne dening anak lan bojone, isa wae merga
kahananing Negara ngisrael sing gawat. Sing baku, raja Dhawud wadul nalika
ngrasakne nyangga aboting momotaning urip. Dene wadule ora karo sembarang
kahanan, wadule karo Gusti lan lumantar pandonga, mula yen dirasakne kok kayane
raja Dhawud “sombong”, kuwi merga jabur 26 kuwi donga.
Uripe brayat kuwi mestine ngadepi akeh kahanan,
ana sing nyenengke lan uga nyusahke,sing nyusahke isa rinasa abot. Mulane yen
rinasa abot, njur mbutuhke papan crita utawa papan kanggo WADUL, sowan wae
marang Gusti. Yen ana anak sing rumangsa ngalami “kekerasan” seka wong tua,
wadul wae karo Gusti, yen ana sing rumangsa ditindes karo pasangane, isa lanang nindes
wadon lan wadon nindes lanang, wadul wae karo Gusti. Merga neng urip iki ya
tetep akeh kahanan kaya mengkono, ora nyawang drajad lan pangkat, kabeh isa,
malah sing “drajad’e” rumangsa duwur, kerep nindes, tumindak sakkarepe
dewe. Yen nemahi kahanan kuwi kabeh,
wadul wae karo Gusti..
“Rungokne kuwi paklik, ora sembarangan karo
wong wadon, aja semena-mena”, Nduk I’in ngelikne paklik’e, Ndoleng.
“Yen Paklikmu mono , cen isane mung kongkon,ngatur
lan nyalahke, pomeneh karo wong wedok,
semena-mena, sakrasane yen kongkonan”, Kang Markun sing sore kuwi dolan
nyambung rembugane Nduk I’in.
“Rapopo lik, cen wong wedok kuwi kala-kala
seneng sing “Keras-Keras”, Dalijo sajak mbelani lik Ndoleng.
“Jo, koe ki jane ngece po mbela aku ta?”, Sajak
bingung lik Ndoleng..
“Mbuh iki lik, sing genah aku ora wadulan,
rakaya sampeyan, sithik-sithik wadul, karo mbok cilik, jare ben romantic,
kamangka mung wedi konangan..hahaha”, Dalijo sansaya anggone ngece..
“Bajindulll Joooo…!!!”,Lik Ndoleng semrepet
krungu pangecene Dalijo
Lur, wadul kuwi oleh,anggere mung karo
Gusti,,,,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar