Selasa, 16 Oktober 2018

MIK'AP


Selasa Wage 16 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Obaja 10-16
Jabur 26
Lukas 11 :37-41
“Mulané Gusti Yésus ngandika: “Kowé wong Farisi padha kulina ngasahi njabané mangkok lan piring. Nanging ing njeroné atimu kebak gagasan ngrodha-peksa lan piala.” Lukas 11: 39

Basa asline jan-janne “make up”, ananging ilat Jawa dadi mik’ap, sing tegese dandan utawa macak supaya katon beda  tinimbang asline. Kenapa diarani  beda?Merga ora ana wong sing mik’ap’an tetep kaya asline, mesti tujuanne mik’apan kuwi supaya sing katon beda karo asline. Biasane wong mik’ap kuwi ben katon luwih ayu po bagus, arang sing mek ap njur ben katon sansaya elek. Dadi sing diarani mik’ap kuwi sabarang pambudidaya supaya katon beda. Banjur pitakonane, apa luput yen ana sing nindakne mik’ap kuwi?Jawabane ora, sauger tujuanne apik kanggo liyan, ora mung nggolek untunge awake dewe…

Ana neng Injil Lukas bab 11 ayat 37-41, Gusti Yesus ngelikne para wong Parisi. Bab sing dielikne ya bab mik’ap. Wong Parisi kuwi senenge mik’ap, kuwi klakon ana neng tata panguripan karohanen, pangibadah. Macak sing katone soleh,apik,tekun ngibadah, ananging  mung njabane wae, merga sejatine isen-isen njero atine  (asline) beda adoh kaya sing kapacak. Gegambaran sing digunakne Gusti Yesus kaya wong ngresiki mangkok, njabane disabun lan kinclong, ananging  jerone jik kisenan barang-barang sing bosok. Tumrap sing kaya mengkono kuwi, Gusti ora kersa, Gusti ngersakne yen urip kuwi jujur,terbuka apa anane, ora ana apane. Yen wis terbuka, kuwi ora ndadekne bebaya marang liyan, merga yen mung mik ap’an, kuwi isa ndadekne gaswat kanggo sapa wae.

Piwulang ing dina iki, selasa wage 16 Oktober 2108 jian cocok kanggo mranata uriping brayat, supaya  tansah isa maringi pengarep-arep. Pada nglakonana urip sing  jujur,terbuka, apa anane orasah mik’apan!. Ora mung ngresiki sing njaba,  supaya katon apik,andap asor,sopan,soleh,sumeh, ananging njerone jik kebak reregeting urip. Dene rereget kuwi awujud iri,srei,gumunggung,sujana,kemaki,kementhus,sombong,demen ngasorake liyan, pomeneh ngasorake gegelitaning brayat. Ana neng sakjroning brayat jik kerep klakon yen bapa ngremehne anak,ngremehke ibu,wong lanang ngremehne wong wadon mula wong wadon mung kaya-kaya dadi babu ana neng sakjroning brayat, ananging yen ana ning pasamuan ngatonke rukun,ngajeni brayat, alus bebudene, kamangka jan-jane kuwi kabeh mung MIK’APAN wae.

“Lik, kok wingi sore aku weruh sampeyan neng dalan wetan buk mlaku karo mbok cilik gandengan tangan, kuwi sing salah mripatku apa sampeyan lagi ora sadar?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Ora salah Jo, cen kuwi aku lagi nggandeng tangane bojoku, mumpung wulan brayat, ben katon serasi,romantic”, Wangsulane Lik Ndoleng blaka.
“Weh, lha ngko yen bubar wulan braya wis ora ngono meneh lik?”, Nduk I’in nyael takon marang Paklik’e.
“Yo mbuh mengko, wong jik mengko, sing penting mumpung wulan brayat, ben katon jos..guyup, raketan ngko tekan ngomah  ya padu maning”, Lik Ndoleng mangsuli..
“Mbok rasah mik’apan ngono ta lik, yen apik ya lanjutke apik, yen durung apik, ya ditata ben luwih apik”, Dalijo njawab ngetokne apik’e.
“Crigis Jo, iki brayat-brayatku dewe ngapa koe melu-melu???”, Lik Ndoleng ujug-ujug esmosi, ngetokne asline, mik’ape ilang…

Ayo pada macak urip apa anane, aja ana apane…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH