Kamis, 04 Oktober 2018

WEDI


Kemis Pahing 4 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 20:1-18
Jabur 8
Lukas 10 :1-12
“Abraham iya ditimbali lan dingandikani, “Kénging menapa panjenengan koktumindak mekaten dhateng kula? Lepat kula menapa, déné kula lan negari kula ngantos panjenengan dhawahi kalepatan semanten agengipun? Tumindak panjenengan ingkang kados mekaten menika mboten pantes.” PD 20:9

Sapa wae sing maca tulisan iki mesti wis tahu ngalami rasa wedi, mbuk wedi karo apa lan uga karo sapa. Sing diarani wedi kuwi kahanane sapa wae sing ndadekne sapa wae ra wani ngadepi. Kahanan kuwi manekawarna, lan sing diarani wedi nalika ora wani ngadepi kuwi kabeh. Wedi kuwi mungsuhe wani, mula tegese wani kuwi kahanan nalika sapa wae wani ngadepi samubarang kanthi jujur, iklas lan ora kepeksa.

Merga wedi kuwi watak dasar manungsa, mula sapa wae pernah tinempuh ing rasa iki. Ana ing Kitab Suci sing dadi wacan dina iki, nyritakake kahanane Baraham sing wedi. Abraham wedi ngakoni neng ngarepe Abimelekh, yen Sara kuwi bojone. Abraham wedi yen merga Abimelekh ngerti Sara kuwi bojone, njur Sara meh dipek, lan Abraham dipateni. Bab paten memateni kuwi lumrah ing jaman semono. Kanggi nyingkirke rasa wedi kuwi, Abraham goroh, ngaku yen Sara kuwi mung sedulure, mula Abimelekh njur ngrebut Sara sing ayu meh didadekne bojo. Ananging tumindak kaya mengkono kuwi ora dikersakne deneng GUsti Allah, mula njur ana pageblug minangka pepenget marang Abimelekh.  Kuwi mergane Gusti Allah ora ngersakne goroh kuwi urip lan diuripi menungsa, mula njur ngancam patine Sara lan bojone, Abraham. Bareng Abraham wis jujur, njur murkane Abimelekh ilang. Ananging saumpama Gusti ora ngelekne, mungkin wae pageblug’e Sodom gomora tinempuh ana ing critane Abraham iki.
Amarga wedi Abraham goroh lan kuwi ndadekne Gusti duka, mula meh ngukum menungsa, klebu Abimelekh. Ananging sakdurunge ngukum, Gusti paring kalodangan Abraham mertobat.

Apa singdialami Abraham kuwi isa klakon ing uripe brayat jaman saiki, yakuwi bab ora jujur. Merga isin, wedi lan pekewuh, akeh sing pada ora jujur. Opada kaya jaman mbiyen, sing sapa ora jujur mesti entuk paukuman, mula saiki ya kudu sadar yen ora jujur kuwi isa nddekne pasulayan. Saiki ya akeh brayat sing ora jujur karo warganing brayat, ora ana komunikasi,ora ana kerjasama. Menawa kuwi jik klakon, ngati-ati yen lelakon neng Sodom Gomora klakon neng awake dewe, mula ayo pada jujur.

“Dal, sesuk aku arep jujur, yen meh mundur seka pencalonan majelis greja”, Lik Ndoleng omongan karo Dalijo.
“Lha alesane apa lik?”, Pitakonane Dalijo
“Merga aku ora duwe wektu kanggo timbalan kemajelisan. Aku wedi ngko raisa nyambut gawe,mula aku mundur wae.”, Lik Ndoleng mangsuli.
“Anggere jujur, ora apa-apa lik, rasah wedi, mula ya sumangga”, Dalijo njawab ben lik Ndoleng Jelas.

Aja wedi marang samubarang pasrahna kabeh marang pangwasane Gusti..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH