Minggu, 14 Oktober 2018

DOLEN BANDAMU KABEH


Minggu Paing 14 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK
Amos              5    : 5-6,10-15
Jabur              90  :12-17
Ibrani              4    :12-16
Markus           10  :17-31
““Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.”Markus 10:21b
Sing maca renungan “Beninge Embun Esuk” mesti sarujuk yen mbutuhke banda donya. Yen ora sarujuk, njur sok rohani yen ngomong ora butuh banda donya, kuwi mbelgedes, gombale mukiya. Lire kepiye kok isa ana penemu yen menungsa  mbutuhke banda donya? Merga kabeh pada ngupayakne lumantar nyambut gawe, supaya entuk banda donya. Kabeh sing nyambut gawe mesti butuh dibayar, digaji, kuwi wae sing murwat, yen ora mesti ngamuk njur demo kaya pitik bar ngendog, siji petok-petok liyane melu-melu. Tegese, menungsa sing lumrah mbutuhake bada donya. Titik.
Lho apa salah ngupadi bada donya?Apa kuwi dilarang agama?Apa kuwi ora dikersakne Gusti Yesus?Jawabane ora salah, ora dilarang lan kuwi ya dikersakne Gusti Yesus, bab ngupadi bada donya. Sing luput yakuwi nalika menungsa sakwise entuk banda donya, njur nyumendekne uripe ora karo Gusti sing dadi sumbering banda donya, malah sumende marang banda donya sing seka Gusti, kuwi sing ora dikersakne Gusti. Mula nalika ana wong sing pengen nderek panjenengane, Gusti nanting, “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.” Gelane wong sing arep nderek Gusti, sakwise ditanting Gusti kon ngedol badane njur kon ngedum-dum marang wong akeh, mratandani yen wong kuwi ijik abot bandane tinimbang karo Gusti Yesus.
Semono uga ana ing urip jaman saiki, akeh wong sing ndakik-ndakik, prajanji arep nderek Gusti, lamising lambe ben diarani wong soleh. Ananging bareng ana ayahan peladosan, plinthat-plinthut kaya Bekicot pacaran. Omonge meh nderek Gusti, ning Gusti mung diajeni rongewunan,mangewunan, duwur-duwure satusewunan, kuwi wae setahun pisan. Ngono wae abot opo meneh kon ngedol kabeh bandane, mesti langsung semaput. Janjane kersane Gusti kuwi aja nyumendekne urip marang bada, ananging marang Gusti. Yen awake dewe percaya 100% karo Gusti, aja meneh mung kon ngedol kabeh banda, kon asok nyawa wae lakoni, kui yen percaya. Tegese, nalika maca Markus 10 ayat 21, sejatine awake dewe lagi ngilo, lan yen jik duwe isin,kudune isin, merga awake dewe luwih parah tinimbang pawongan sing meh melu Gusti, njur mutung, bali cengkelak merga kon ngedol bandane kabeh, lha wong awake dewe mung  kon ora telat ngibadah wae angele ora njamak!!
“Kang Dal, umpamane kowe kon ngedol bandamu, njur kon nderek Gusti, kaya neng Injil Markus kuwi piye?”, Nduk I’in takon karo Dalijo.
“Mesti gelem’e nduk, wong Dalijo ora gableg apa-apa, jale sugih njur kon ngedol bandane, mesti ora gelem!”, Malah Lik Ndoleng sing semaur.
“Menenga lik, sawangen kae sing mlaku wong loro kae, kayane Yu Wasti karo kang Markun, jian romantise..pora cekot-cekot kowe nyawang lik”, Dalijo ngece Lik Ndoleng.
“Bajindul Jo..koe ki pintermen yen kon ngece aku!”, Lik Ndoleng semaur karo mecucu..
Kabeh kuwi saranane iklas, yen wis iklas apa wae isa kapasrahake marang Gusti lan dadi saranae tentrem rahayu..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH