Selasa, 02 Oktober 2018

METJIMETBEH


Selasa Kliwon 2 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Zakaria 8       : 18-23
Jabur 5
Matius 18       :1-5
“Ing dina-dina kuwi bakal ana wong manca sepuluh padha nekani wong Yahudi siji lan kandha, ‘Kula sami kepéngin tumut panjenengan, mergi kula sami mireng bilih Allah nunggil kaliyan panjenengan.” Zakaria  8:23
Menungsa kuwi sejene makluk pribadi ya makluk sosial, tegese ora isa menungsa kuwi urip dewe, isane uri[ bebarengan karo liyane. Akeh cara kanggo mbuktekake pangerten iki, kayata bab kebutuhaneing urip. Seka tangi turu menungsa kuwi mbutuhke apa-apa ora isa dewe. Arep nganggo sandal, ya gaweane wong liya, arep sikatan, sikat lan odole ya hora gawe dewe, merga ya gaweane wong liya. Kuwi kabeh mingaka bukti yen menungsa kuwi siji-lan sijine pada-pada butuh, oraisa dicukupi dewe-dewe. Mulane, seka pangerten iki, kudune manungsa sansaya sengkut anggone mbudidaya urip sayuk rukun bebarengan, siji lan sijine.

Ing dina iki, selasa kliwon tanggal 2 oktober 2018, dina kaping pindho ing wulan brayat, awake dewe diajak sinau kepriye kudune macak panguripan sing isa ndadekake uriping brayat sansaya nyenengake. Kaya piwulange Gusti sing ana neng kitab Zakaria bab 8, mirunggan ayat 23. Ing kono dicritakake kepriye  guyupe wong-wong, siji lan sijine, kuwi digambarake karo anane wong sepuluh sing manut karo  wong siji. Ora mung sembarang manut, ning sing dinut kuwi wong sing manembah karo Gusti, karo Pangeran Yehuwah. Saka pitutur ing Zakaria kuwi isa dijupuk pasinaon, yen wong akeh kuwi kayadene brayat, sing saeyeg saekapraya, manunggil ana ing kapitadosan. Pratelan pracaya kuwi uga dibuktekne lumantar pratelan arep manut karo salah sijineng wong.

Semono uga kudune patrab uriping brayat, kusu ana sing dinut,kudu manteb anggone ngenut, merga ngerti yen sing dinut kuwi dimangerteni nunggil karo Gusti Allah. Dadine ora sembarang ngenut,ananging mung ngenut marang sing manut karo Gusti Allah. Ing kenenkuncine marang SING SAPA MANUT karo GUSTI ALLAH, kuwi sing pantes dinut. Kuwi ora kudu wong lanang, ora kudu pendeta, sing baku sing bener lan pener. Kabeh kuwi merga ing sajroning brayat wis tuwuh sedya mulya,mlaku bebarengan ing antarane siji lan sijine,uga wis tuwuh rasa percaya ing antarane siji lan sijine, ora ana sujana siji lan sijine, kabeh wis saeyeg saekokapti.

“Dal, jan-jane karepe judul tulisan iki kui apa ta, aku jian bingung tenan?”, Lik Ndoleng takon karo Daljio.
“Oalah, kuwi ki cekak’an, Metjimetbeh kuwi, slamet siji slamet kabeh. Kuwi gegambaraning urip bebrayan lik”, Dalijo sok paham njlentrehke karo pakne cili Ndoleng sing bagus dewe.
“Oalahh, tiwas aku mumet nggagas kang Dal..jebule kui,basa gaul, mikirku basa nginggris”, I’in ya semaur.
“Mula yen rangerti takon In, aja mung meneng wae, aja rumangsa ngerti dewe, aja mung meneng wae, rumangsamu yen meneng wae kuwi isa beres dewe, isa paham dewe kabeh perkara???”, Dalijo malah ngamuk Adi nakndulure.
“Iyo kang, manut, tak komunikasi yen ngono, ora mung meneng wae”, I’in mangsuli.

Brayat kuwi wong-wong sing manunggil, mula kudune lara siji lara kabeh,seneng siji seneng kabeh..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH