Sabtu, 27 Oktober 2018

GOROH


Setu Kliwon 27 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia         29:24-32
Jabur              126
Lukas                         13:1-9
“…..Aku, Pangéran, bakal ngukum Semaya lan anak-turuné kabèh. Aku ora ngutus wong mau, éwasemono wong kuwi medhar wangsit kaya-kaya dadi nabi, nganti wis ngapusi kowé kabèh…” Yer 29:31a

Goroh kuwi tegese, tumindak sing ora jujur.  Lan akibat seka tumindak GOROH kuwi ndadekne kahanan sing ora apik. Goroh kuwi tumindak apus-apus kang isa ndadekne kapitunane liyan lan kosokbaline, isa ndadekne kemareman utawa keuntungane sing tumindak GOROH. Mula saka kuwi, tumindak GOROH kuwi mbebayani, merga mung ngener marang keuntungan pribadi utawa golongane dewe. Saben wong bisa tumiba ana ing tumindak GOROH kuwi, lan isa wae alesan utawa argumentasine apik lan mlebu nalar, ananging yen tujuan utawa mung ngener marang kemaremane diri pribadi, kuwi ora becik lan isa ngunduh paukuman. 

Bab GOROH kuwi nate klakon neng jamanne nabi Yeremia. Nalika semana, Yeremia ngendika karo wong ngisrael sing ana ing Babil, yen wektune bangsa ngisrael ana neng pembuwangan jik suwe. Apa sing dingendikakne Yeremia iki jumbuh karo wangsit seka Gusti Allah. Kabar iki mesti wae ndadekne sedih wong ngisrael sing neng Babil. Ngerti kahanan kaya mengkene iki, ana nabi seje, sing pengen ngunduh pangalembana seka wong ngisrael sing jik neng Babil. Mula saka kuwi, nabi kuwi njur ngandarake PAMACa yen apa sing diaturne Yeremia kleru,luput. Nabi kuwi ngomong yen wektunebangsa ngisrael kabuwang kari sediluk lan bakal mbalik mulih manaing. Iki sing dadi kabar kang nyenengake wong ngisrael, ananging dudu sing dadi  kersane Gusti Kang Akarya jagad. Merga saka tumindak sing ora manut kersane Gusti kuwi, mulane nabi “mungsuhe” Yeremia mau njur diukum karo Gusti..

Nyenengke wong akeh kuwi apik, ananging luwih apik ngomong apa anane, sebab yen mung nyenengke ananging sejatine kabar sing bakal klakon nyusahke, kuwi ora apik. Durung temtu nyenengke wong akeh kuwi gathuk karo kersane Gusti, malah isa wae cengkah karo kersane Gusti. Yeremia jujur marang wong ngisrael, sanadyan ora ndadekne senenge wong akeh, dene Semaya, nabi mungsuhe, ora jujur karo karo wong akeh lan Gusti, ananging nyenengake wong akeh. Gusti ora kersa tumindak kaya Semaya, mula nudu nampa paukuman. Mula saka kuwi, jujur kuwi perlu banget…

“Kang Dal, ngandi paklik kok durung njedul?” Nduk I’in takon karo Dalijo, setu esuk nalika lagi reresik greja.
“Mbuh, kara jik nggresula. Wong wingi sir’e arep rapat natal, tiwas udan-udan mangkat, malah  jare Yu Wasti  ora sida mangkat rapat”, Dalijo semaur santai.
“Lha urusane apa ta lik, rapat karo Yu wasti?”, I’in takon, ngetokne DDR’e, Daya Dong Rendah’e.
“Haiyah, paklik Ndoleng kuwi kan jik mak serrr yen kepethuk Yu Wasti, mula kerep rekak-rekakne tuku kopi, ngeteng udud lan sakpanunggalane”, Dalijo njlentrehke.
“Ooooalah, lha apa ra blaka paklik kuwi yen pada-pada dadi panitia?”, I’in jik ngatonke DDR’e.
“Watak’ane paklikmu, yo ora blaka, jik GOROH karo klecam-klecom kae. Pas dek wingi mampir ngopi, neng warunge Yu Wasti. Mesti wae Yu wasti yo ora ngerti, mula yo ora mangkat”, Dalijo mbacutne critane.
“Yuhhh, sakne men paklik ya kang..”
“Ben kapok, salahe ora jujur, malah GOROH”, Dalijo nyauri.
“Lambemu Jooo, aku lagi njedul merga mbrieng..mau bengi kudanan yooo…ora merga Wasti!!!!”, Lik Ndoleng njedul ning jik kalungan sarung.

Sing blaka wae lur..jujur…ben ora napa paukuman…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH