Jumat, 05 Oktober 2018

AJI


Jemuah Pon 5 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 21:22-34
Jabur 8
Lukas 10:13-16
“Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Sapa sing manut marang piwulangmu, kuwi uga manut marang Aku. Lan sing sapa nampik kowé, kuwi iya nampik Aku. Lan sapa sing nampik Aku, kuwi iya nampik Panjenengané sing ngutus Aku.” Lukas 10:16

Sing diarani Aji kuwi tegese ana regane,ana makna utawa artine. Babagan AJI kuwi ora mung babagan barag, ananging isa kahanan utawa bab sing ora disawang nganggo mataning kamanungsan iki. Barang utawa kahanan sing Aj kuwi mesti dadi buron wong akeh, malah kepara nganti toh nyawa nalika ngupaya ngrengkuh sing AJI kuwi mau. Ananging ksoskbaline, sing ora ana Ajine, mbok’o diglethakne neng pinggor ndalan, mesti ora ana sing njupuk.

Babagan AJI iki uga dadi kawigatosane Gusti Yesus. Mula nalika mulang wong akeh, Gusti ngelikne kabeh sing pada ngrungkone bab kepiye anggone pada manut piwulange Gusti. Lumantar piwulang kuwi isa dingerteni endi sing ngajeni lan endi sing ora. Manut kersane Gusti, sing sapa wae nglakoni dawuhe Gusti, kuwi abdiNe, mula nalika ana sing nampik para utusane Gusti, kuwipada wae nampik marang Gusti piyambak.

Yen andharan iki njur ditrapke neng urip padinan, mirunggan ana neng urip bebrayan, akeh sing jik kerep nyepelekne apa wae, akeh sing mapanake samubarang kaya ora ana ajine. Ora isa ngajeni wektu, ora isa ngajeni  berkah, lan uga ora ngajeni sakpepadane. Rumangsa paling penting, rumangsa paling pinter, rumangsa paling dibutuhke,lan kui kabeh ndadekna wong liya ora ana AJIne babar blas. Bab iki klebu gawat, merga yen ora ngajeni titahe, ateges ya ora ngajeni sing Nitahke. Mulane sing pada ngati-ati, aja sembrana mapanke titahe Gusti, pomeneh sakpepada manungsane, sepisan ora ngajeni, kuwi isa dadi pola urip sing ora isa ngajeni. 
Kanggo pepenget, awake dewe iki, kaya ngapa’o kahanane, titahe Gusti,mula aja sembrana, aja nyepelne, mengko isa kwalat. Kudu tansah AJENingajenan, tampa tinampan, rasah kemayu po kemaki, rasah sok-sokan penting, sing penting makayo’o.

“Nduk, In, jare Wasti, yen liburan cah sekolah ora arep bakulan, arep prei”, Lik Ndoleng ngomong karo ponakane sing centil dewe.
“Lho, lha meh ngapa Lik?”, I’in kesusu mangsuli.
“Jare percuma, tiwas bakulan ora isa nyawang aku”, Lik Ndoleng kegeden rumangsa mangsuli pitakone I’in.
“Sok AJI lik, wong biasane ya wegah nglakoni timbalane Gusti wae!!”, Dalijo mlebu ngomah, nyanthelke jaket, njur nimbrung obrolan.

Aja pisan-pisan NYEPELEKNE liyan!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH