Senin, 01 Oktober 2018

MAKUTHA


Senen Wage 1 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Zakaria 6:9-15
Jabu5 5
Lukas 10 : 1-12
“Makutha mau bakal tetep kasimpen ana  ing  Pedalemané Allah minangka pengéling-éling marang Hèldai, Tobia lan Yedaya lan marang Yosia  anaké Zéfanya.” Zakaria 6:14

Jaman saiki mbokmenawa wis angel sing isa paham karo apa kuwi Makutha. Menawa ing jaman biyen, kabeh isa paham karo makutha, merga kuwi tetenger sing mirunggan kanggo Raja sing dadi panguasa. Sapa wae sing nganggo Makutha, tegese dadi raja, dadi wong sing pinilih minangka titah kang misuwur lan binerkahan. Jaman biyen, raja kuwi kahanane mung sak strip neng ngisore Gusti Allah, mula jeneng raja kuwi mesti ampuh. Dadi, nalika wong nganggo makutha, kuwi tandane binerkahan dening Gusti lan piniji minangka pemimpin ana ing uripe, mulane jian aji tenan sing sapa wae nganggo barang kuwi. Semogo uga, makutha isa minangka tanda yen menungsa sing nganggo kui dadi titah sing istimewa.

Mlebu neng wulan oktober, tegese mlebu neng wulan sing dadi wulang brayat, tegese saksuwene wulan oktober iki, kabeh tata panguripaning pasamuan kudu ngener marang brayat. Lha piye carane ngenerke panyawang marang brayat? Ya sederhana wae, ayo mapanke brayat minangka MAKUTHA tumrab uripe awake dewe. Sapa wae kudu sadar yen anane kabe neng donya iki lantaran adeg’e brayat, seka lanang wadon banjur sarujug mbangun lan mangun tresna,banjur binerkahan. Kuwi kaya sing diwulangke nabi Zakaria, nalika ngelikne wong ngisrael sing kudu nyimpen Makutha ana ing Pedaleman Suci. Kuwi tegese, ana ing wulan brayat ini, kabeh kudu isa eling yen adeg’e brayat kuwi merga berkahe Gusti. Mbuh kepriye wiwitaning brayat kuwi binangun ora dadi masalah, sing baku, ayo nyawang brayate dewe iki minangka MAKUTHA sing diparingke dening Gusti. Minangka makutha, mula brayat kuwi mung isa ngadeg lantaran berkahe Gusti. Minangka Makutha, brayat kuwi  kudu dadi pedalemane Gusti, lumantar makutha ato mapanke brayat’e dewe-dewe minangka tanda binerkahan dening Gusti.

Yen wis isa mapanke brayate dewe (calon brayat yarapopo) minangkan tanda sih tresnane Gusti sing mirunggan, mula kudune makutha kuwi dijaga lan dirumati. Carane njaga lan ngrumati gumantung marang “kesepakatan” wiwitaning brayat kuwi binangun. Lho kenangapa kudu dijaga,dirumati lan diuri-uri?Merga adeging brayat kuwi minangka tanda, minagka MAKUTHAning panguripan. Sing sapa nyepelekne Makuthaning urip, kuwi ya tanda yen nyepelekne sing maringi makutha kuwi. Mulane aja sembran. Kaya wong ngisrael sing diweling karo Zakaria, awak’e dewe ya kudu matrap urip sing kaya mengkono kuwi.

“Jo, sesasi iki aku arep sinau dadi peranganing brayat sing jumbuh karo kersane Gusti”, Lik Ndoleng ujug-ujug crita, nalika ketemu Dalijo pas layat.
“Maksute piye Lik?”, Dalijo njur takon.
“Yo aku arep nggatekne mbokmu cilik, nggatekne apa sing dadi kebutuhane, ora arep tak jarag, ora arep tak cueki, ora arep tak tokne, merga jare mbahndito, brayat kuwi makuthaning urip sing seka Gusti”, Lik Ndoleng wasis nggone crita.
“Lha ngko yen ketemu Yu wasti pie lik?”, Nduk I’in melu nanggepi.
“Yo ben wae, pokok’e tetep mbokmu cilik, ben’o crewet, usil, radan sue donge, ning kuwi wis dadi pilihanku, makhutaning uripku”, Lik ndoleng sajak serius.

Ayo lur pada nggatekne brayate dewe-dewe, merga kuwi wis dadi pilihaning uripe dewe lan wis dijalukne erkah karo Gusti…

Mbahe..wiwitaning oktober 2018..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH