Minggu, 07 Oktober 2018

ORA APIK


Minggu Kliwon 7 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 2:18-24
Jabur 8
Ibrani 1 :1-2;2:15-12

Sapa wae sing maca tulisan iki mesti senang karo sing apik lan kosokbaline, ora seneng karo sing ora apik. Ananging sing kudu disadari yakui bab apik lan ora apik kowi relative. Apik ana neng daerah A durung mesti apik neng daerah B, semono uga ora apik neng daerah B durung mesti neng daerah A ya ora apik. Ananging kudu dimengerteni kabeh yen ana bab apik sing universal, sing isa pas neng ngendi-ngendi papan.

Dina iki, minggu 7 Oktober 2018, dinane minggu, tumrab sakperangan greja, iki dadi minggu pambukaning wulan brayat. Kabeh kegiatan greja katujokake kanggo brayat, lan ing kene sing diarani brayat kuwi ya ana wong tua la nana anak. Mulane ana greja-greja sing saksuwene wulan oktober kebaktiane dadi siji, ora ana sekolah minggu. Kui kabeh tujuanne kanggo njaga manunggaling brayat. Lha ngapa ta kok ndadak mapanke brayat ana neng papan sing mirunggan? Kui kabeh merga manut karo pangandikane Gusti ana neng Kitab Suci. Manut Purwaning Dumadi, jebule ora apik/becik yen menungsa kuwi dewe, mulane digawekne kanca. Seka perangan iki mula bukane brayat kuwi binangun. Gusti mirsa yen menungsa dewe kuwi ora apik, sakliyane kuwi, yen mung dewe, menungsa ora isa nglanjutke pakaryane Gusti kanggo nitahke menungsa. Mulane Gusti nitahke menungsa pepasangan, ben apik lan isa dadi mitrane Gusti nglanjutke pakaryan ngebak’I bumi.

Awit seka penemu yen dewe kuwi oraapik, mula digawekne kanca. Yen wis digawekne kanca, njur menungsa kudu bisa njaga wutuhing brayat sing binangun seka wong loro, lanang lan wadon. Njaga lestarining brayat kuwi ya dudu perkara sing entheng, sanadyan ya ora abot, mulane Gusti paring dawuh supaya brayat isa njaga wutuhing kahanenae, sanadyan akeh panggoda. Mulane yen bali karo jejer tulisan ing nduwur, saiki ayo pada sengkut anggone njaga wutuhing brayat, supaya tetep apik ana ngarsane Gusti. Aja nganti mbalik dadi ORA APIK, merga ora bisa njaga wutuhing brayat. Sesasi iki kabeh anggotaning brayat kudu bebarengan ngibadah, lungguh jejer ben katon rese plan sansaya apik. Kudu ngatonke rukune ben dadi pepadang neng masyarakat, aja malah padudon, neson, neng-nengan, kui kabeh ORA APIK.

“Dal, sesuk aku meh mangkat gasik nyang nggreja, ben isa milih papan lungguh”, Lik Ndoleng mbuka rembug karo Dalijo sinambi nyruput kopi.
“Wah, jos kui lik. Dadi conto,panutaning wong akeh”, Dalijo mangsuli sajak seneng banget.
“Tumben lik, mangkat esuk?Biasane kancane mangkat lagi tangi”, Nduk I’in melu nimbrung takon.
“Ben isa milih nggon mburi, isin jejer mbokmu cilik”, Jujure eram lik Ndoleng wangsulan..
“Oalahhh…”, I’In karo Dalijo semaur meh barengan.

Aja pada ngrusak tetunggilaning brayat, merga kuwi kapirsanan APIK ana neng ngarsase Gusti.


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar