Senin, 08 Oktober 2018

LEWUNG


Selasa Pahing 9 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 24 :1-5
Jabur 112
Lukas 10 :38-42
“…penggawéné kuwi ngrèmèhaké marang Allah. Kowé ora kena gawé dosa sing kaya mengkono ana ing tanah sing arep diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé.” PT 24:4b

Tembung lewung kuwi mung ana neng donyane dolanan layangan, kuwi wae ya mung ana neng daerah tertamtu. Sakngertiku, istilah lewung kuwi popular neng tlatah Wonogiren sisih kulon kidul. Dene tegese LEWUNG uwi nalika layangan sing dingo dolanan pedot taline karo sing nganggo dolanan. Babagan sing ndadekne LEWUNG ora mung sakperkara, ning akeh. Isa merga angine gede njur kuat daya tarik’e layangan kuwi banjur benange ora kuwat, njur pedot. Isa uga amarga kualitas benange sing ora apik, mula gampang pedot, istilahe mopol. Sejene rong perkara kuwi ya ijik ana sijine meneh, yakuwinaliko sing dolanan layangan sengaja medot benange, njur layangane ucul seka sing dolanan.

Kayadene wong dolanan layangan, bab urip bebrayan kuwi bisa wae lumaku kaya mengkono, LEWUNG, nalikane antarane layangan, benang lan sing ngendaleni wis ora ana sesambungan meneh. Wong dolanan layangan kuwi kudu ana telung pokok, wonge sing dolanan, benang lan layangan. Telu-telune kudu mlaku bareng, ora isa dewe-dewe. Sing mainke lan layangane kuwi isa dadi gambarane wong wedok lan wong lanang, dene benange kuwi isa dadi gambaran KOMITMEN. Anggere komitmene kuwat, sanadyan  akeh goda,akeh pacoban,akeh persoalan, tetep wae bakoh ora isa pedot. Beda yen benange utawa KOMITMEN’e mopol utawa ringkih, lagi kena goda sithik wae langsung pedot, LEWUNG. Dene sing dadi panggoda kuwi macem-macem, isa bab ekonomi, komunikasi lan uga relasi. Angger pada isa njaga, kabeh mesti lumaku apik, sing baku aja pada sengaja medot benange, sing tegese sengaja medot sesambungan sing wis diberkahi dening Gusti Allah.

Piwulange Musa neng Pangandaring Toret 14 ayat 1-5 dadi pasinaon tumrap awake dewe kabeh, supaya ngati-ati lan ora grasa-grusu mranata brayat. Mergane yen grusa-grusu njur klakon sing ala, kuwi dadidukaning Gusti. Sing sapa nganggo dolanan sesambungan kuwi ateges ngremehke Gusti Allah lan pantes napa paukuman. Mulane sing pada ngati-ati anggone njaga brayate dewe-dewe..

“Kabare Tanti pie kang Dal?”, Ujug-ujug Nduk I’in takon Dalijo bab si Tanti.
“Ambuh, lha aku bebisistere kok takon aku!”, Semu sengak, Dalijo mangsuli.
“Ngati-ati Jo, rasah dolanan geni, ngko klakon LEWUNG brayatmu yen jik njarag kahanan”, Lik Ndoleng melu-melu ngandani, sok wicaksono.
“Pengalaman yolik?Nganti meh pedot sesambungane karo mbok cilik, gara-gara njarag Yu Wasti?”, Dalijo malah mbalik ngece Lik Ndoleng.
“Dusss…malah nyemes wong tuwkk!!”, Lik Ndoleng kisinan merga brayate nate meh LEWUNG merga gegojegan kebablasen..

Dijaga Lurr brayate, aja nganti LEWUNG, Pedottt..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH