Sabtu, 20 Oktober 2018

NYEPELEKNE


Setu Pon 20 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya           47 :10-15
Jabur              91 :9-16
Lukas                         12 :8-12
“….nanging sing sapa nyenyamah marang Sang Roh Suci, kuwi bakal ora diapura.” Lukas 12:10b

Tembung NYEPELEKNE kuwi seka tembung lingga SEPELE. Malih dadi tembung NYEPELEKNE merga kuwi ngemu teges minangka tumindak ndadekake SEPELE. Dene tembung sepele kuwi tegese asor ajine utawa ajine ora sepiro’a. Dadi NYEPELEKNE kuwi tegese nganggep asor utawa ora aji. Sing dianggep ora aji/asor ajine/sepele kuwi maneka warna, ana sing wujud barang,ana sing wujud wektu,ana sing wujud pangerten utawa seserepan, pokok’e nganggep sepele samubarang kuwi klebu tumindak NYEPELEKNE. Wong sing seneng nyepelekne kuwi wong sing kumenthus,kumlungkung, sombong,kemaki,nggembeleng, rumangsa kuat dewe,pinter dewe lan sing mbebayani isa ngapa-ngapa dewe. Akeh sing ndadekne wong kuwi nyepelekne samubarang, isa merga sugih banda, merga ayu po bagus, merga sugih lan merga rangerti/ora weruh. Sing pungkasan,merga ora ngerti, ukumane ora medeni, ning yen ngerti njur reka-reka ora ngerti, kuwi kliwat mebebayani..

Gusti Yesus tahu duka yayah sinipi nalika mulang para murid’e. Dukane Gusti merga bab nyepelekne Sang Roh Suci. Yen mung maneni wae, manut piwulange Injil Lukas, jik isa diapura, ananging yen wis NYEPELEKNE marang Sang Roh Suci, kuwi ora bakal entuk pangapura. Dene wujud’e nyepelekne Sang Roh Suci kuwi akeh, isa kuwi nalika nampik timbalan leladi, isa kuwi nampik wektu ngibadah/ ora mangkat nalika wektune ngibadah/ngerti dina minggu malah sengaja dolan/turu, isa kuwi nalika ngremehke piwulange Gusti lumantar Kitab Suci, ngerti kuwi piwulange Gusti ananging ora tahu disinau lan sakpanunggalane. Kuwi sing klebu ngremehne utawa Nyepelekne Sang Roh Suci, kuwi klebu dosa sing ora diapura.

Lho, jare Gusti Allah kuwi maha tresna,maha murah lan maha kwasa, kok nganti ora ngapura dosane menungsa? Kuwi merga saking klunthangane menungsa anggone ngremehne/nyepelekne peparinge Gusti. Nganggep ora ana ajine blas peparinge Gusti,jik luwih aji karo dolane,turune,hobyne,lan kesenengane. mula kuwi, marang bab sing kaya mengkono, Gusti ora nate toleransi, lan merga saka iku, sing pada ngati-ati, aja nyepelekne Gusti.

“Lik, suk natalan sampeyan kon dadi panitia lho..sampeyan kersa ta?”, Nduk I’in nakoni Lik Ndoleng.
“Weh, aku kui poisa nduk, kan akeh wong pinter, sing luwih joss”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Yen pun kapilih niku nggih pun sinawang mungguh, wong sing milih nggih pun ndedonga kalih Gusti Yesus,pun pikantuk tuntunanipun Sang Roh Suci”, “I’in njlentrehke.
“Yen ngono ya sak’isaku tan saguhi, taklakonane timbalan iki”, Lik Ndoleng saguh nampa timbalan dadi panitia.
“Jo kaget lik, yen mbesuk’e dibandingke karo Kang Markun, sing tahun wingi dadi ketua panitia Natal’e” Dalijo melu semaur, sinambi klepas-klepus karo Djarum Supere.
“Bajindul, koe ki mesti mbandingke aku mbek Si Markun Jo….yo jelas jos aku lennn!!!”, Lik Ndoleng sajak kemropok..
“Lik ampun ngemehne,nyepelekne tiyang sanes, niku nggih titahe Gusti, mboten sae”, Nduk I’in ngelekne, Daljio nyawang karo mesem dene lik Ndoleng mecucu kaya Ula Talipicis ngemut ndog Boyo..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH