Senin, 27 Agustus 2018

TRENYUH


“BENINGE EMBUN ESUK”
SENEN WAGE 27 AGUSTUS 2018

NEHEMIA 9 : 16-31
JABUR 119 :97-104
LUKAS 7:11-17

Gusti Yésus trenyuh penggalihé, merga saka welasé, nuli ngandika: “Aja nangis, bu!” LUKAS  7 :13


Kabeh sing maca tulisan iki mesti wis nate ngalami apa kuwi sing diarani trenyuh. Apa ta trenyuh kuwi? Trenyuh kuwi kurang luwih tegese mrentuling rasa ati nalika nemoni samubarang kahanan, lan kahanan kuwi racak’e sing ndadekne ati sedih, ning rasa sedih durung temtu isa dadi trenyuh. Trenyuh kuwi isa ndadekne daya panyurung tumrap manungsa kanggo tumindak. Amarga trenyuh, manungsa bisa wae nangis, merga metuning luh kuwi isa dadi pratanda yen atine nembe kecenthok.  Dene bab trenyuh iki, pranyata iki kahanan sing lumrah klakon lan ora mung merga siji kahanan, ananging maneka warna kahanan sing isa ndadekne trenyuh. Lan uga, ora bisa digebug pada, siji kahanan isa ndadekne kahanan trenyuh marang kabeh wong.

Esuk iki, senen wage tanggal pitulikiur agustus rongewu wolulas, wacan kitab suci seka leksionari salah sijine seka Injil Lukas, mirunggane neng bab 7. Lha ing crita neng Lukas pitu kuwi, nyritakake kahanan nalika Gusti Yesus neng sawijining ndalan, pethukan karo rombongan para pelayat, sing meh nggawa layonne bocah nom menyang sarean. Eloke kahanan, jebul sing mati kuwi anak’e mbok randha sing mung siji kuwi. Para maos isa nggambarake kaya ngapa sedihe simbok randa kuwi, merga anake siji-sijine wis mati. Mrangguli kahanan sing kaya mengkono kuwi, Gusti Yesus trenyuh ing sajroning ati (ayat 13) njr ngendika “Aja Nangis bu”. Rasa trenyuhing Gusti Yesus ora mung mandeg tekan ngendika “aja trenyuh “, ananging trus tumindak. Apa kang katindakake Gusti Yesus? Ndadekne kahanan supaya mbok randa kuwi ora trenyuh meneh, yakuwi NGURIPKE anake sing wis mati. Bareng bocah sing mati kuwi urip, njur mbok randa dadi bungah.

Pasinaon kanggo awake dewe (sing maos tulisan iki) yakuwi kepiye tumindak sakwuse tuwuh rasa trenyuh. Merga yen mung ngalami rasa trenyuh wae kabeh wong kerep ngalami, merga kahanan apa wae. Ana wong lara trenyuh, ana sripah trenyuh, ana bencana trenyuh, ana kecelakaan trenyuh, ananging tumindak apa sing kudu dilakoni sakwise njedul rasa trenyuh kuwi. Wong lara ditrenyuhi ora mari, wong lue (ngelih) ora mung cukup tuwuh rasa trenyuh, wong kena ing bencana, ora mung cukup tuwuh rasa trenyuhe. Kudu ana tumindak sing nyata, jare Dalijo kudu eksion (action). Mulane, sapa wae sing maca tulisan iki, lan sinambi nagapa wae macane , aja mung mendeg neng rasa trenyuh, ananging nuladha’a Gusti Yesus, trenyuh njur tumindak supaya sing trenyuh ora trenyuh maneh.

“Jo, kok aku pengen niru tumindak’e Gusti Yesus kaya neng Injil Lukas kuwi ya, pengen tetulung sing nyata”, Lik Ndoleng ujug-ujug ngomong pas nonton poli neng ngindosiar, nalika esengems.
“Wah, aku kok ya pada ta lik, pengen kaya tumindak’e Gusti Yesus kuwi”, Dalijo semaur karo nyumet Djarum Supere sing gari separo, merga mau dicecek nalika mlebu ruang nonton tipi.
“Halahhhh, yen Paklik Ndoleng kui padune mung pengen cedak karo mbok randane we, alesan pengen kaya Gusti Yesus”, Nduk Iin, karo dondom sarunge bojone semaur,lan ndadekne atine lik Ndoleng mrekatak.
“Asem..kok ya ngerti tujuanne omonganku ta In,,,,jian kowe kiii”, Lik Ndoleng semaur,karo nyruput the neng gelase.

Lur, ayo nulada Gusti Yesus, tumindak sing nyata, sakwise ngrasakne trenyuh neng ati. Apa tumindak’e? Ya sederhana wae, yakuwi supaya sing trenyuh ora trenyuh meneh.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH