JEMUAH WAGE 17 AGUSTUS 2018
BENINGE
EMBUN
AYUB 12 :1-25
MAZMUR 34 9-14
RUMA 16:17-20
YOKANAN 8 :30-36
“Jaréné,
wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana. Nanging kawicaksanan lan pangwasa kuwi
mung Allah sing kagungan. Jaréné wong sing wis akèh umuré mau kadunungan
pangertèn, nanging pangertèn lan wewenang kuwi iya mung Allah sing kagungan.”
Ayub 12:12-13
Nalika ngliwati kebon sing manggon neng kulon dusun, akeh
sesawangan sing ndadekne ati bungah. Tetanduran ijo ledung-ledung, woh-wohan ya
ngetokne wohe sing ndadi, kuwi kabeh ndadekne pengarep-arep tumrap sing
nduweni. Yen disawang, kaya-kaya mung enak lan kepenak kabeh kang ginelar,
ananging tumrap sing nduweni tetanduran kuwi, kabeh ora mung cukup disawang,
ana sing luwih wigati. Kayata, nalika wanci kuwi, mbayung sing ijo nyenengke
sesawangan kuwi dipethili, njur digawa mulih. Mbuh arep dikapakake, ora ana
sing ngerti, sing genah, mbayung kuwi kudu maut sing nduweni, lan mestine,sing
nduweni mbayung kuwi bakal migunakae kanthi wicaksana, sanadyan tumrap wit
mbayung ya abot, wong kudu kapunggel, lag mesi waendadekake tatu.
Manungsa kerep rumangsa paling pinter lan wicaksana,
mulane kaya-kaya kabeh meh diatur, malah Gusti Allah wae yen isa meh diatur. Kasunyatan
iki nate dialami Eyang Ayub, nalika rumangsa yen uripe wis apik,uripe tansah
mbangun turut karo Gusti. Awit saka penemu yen wong apik kuwi tansah urip
penak, mula nalika Eyang Ayub nandang gerah, protes karo Gusti. Lumantar pengalaman
sing akih tur ya rekasa, Eyang Ayub njur sadar, yen samubarang kabeh kang
klakon neng jagad raya iki mung merga saka kawicaksanan lan pangwasane Gusti
Allah. Gusti Allah merdika meh nindakne apawae marang titah kagungane, kaya
kadang tani sing ngundhuh mbayunge, sanadyan jik enom lan jik endah sinawang. Sing
baku, apa wae kang katindakake dening Gusti marang manungsa kuwi ancase mesti apik.
Mulane, yen saiki wis pada paham menawa uripe dewe iki
mung merga piwelase Gusti,kawicaksanane Gusti lan uga pangwasane Gusti, ayo tansah nyawiske uripe dewe ben tansah
apik, ben yen dikersakne Gusti tansah sumadya utawa siap. Yen Gusti MERDEKA
nindakne kersane, uga bab uripe dewe, yo ayo awake dewe ya merdeka migunakae urip iki
kanggo tumindak bab sing apik lan migunani, ora malah mardika kanggo urip sing
ora nggenah, ben sakmangsa dikersakne Gusti siap.
“Lik,
ora mangkat ngibadah pitulasan ta?”, Pitakone Dalijo nalika esuk kuwi meh
mangkat ngibadah, merga nyawang Lik Ndoleng jik sarungan neng lincak, karo gulu
lan pipine kebak koyok.
“Ora
mangkat Jo, ngelu aku, sewengi lek-lek’an, sirku ya ngrayakne dina kamardikan,
lha malah melu nguyak kucing, kalah,njur awak remuk”, Wangsulane Lik Ndoleng
sajak nggresula.
“Ngko
yen di takokne Lik Wasti sing saiki lemu ginuk-ginuk kae wangsulanku piye lik?”,
Dalijo jik takon, sajak ngece.
“Hmmm…crigis
Jo, kono gek mangkat, aku arep kemulan meneh”, Mak Brabat lik Ndoleng mlebu
omah, karo nggeret sarunge.
Mardika kuwi kanggo nindakne sing maedahi, aja mardika
kanggo tumindak sing ndadekne kapitunaning urip.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar