Senin, 13 Agustus 2018

NGIRING APA NGGIRING??


SENEN KLIWON 13 AGUSTUS 2018

EMBUN  ESUK
1 Raja-raja 17:1-16
Mazmur 81
Lukas 7 : 11-17

“Élia netepi dhawuhé Allah lan lunga menyang Kali Kerit sarta manggon ana ing kono.” 1 Raja-raja 17:5

Bocah-bocah Indonesia kuwi jian kreatif tenan lho lur. Lir’e kepriye? Coba disepakdakne, saben ndina neng dalan sliwar-sliwer kendaraan (motor) sing model lan variasine macem-macem. Ana sing dimodel kaya kendaraane pembalap, stang lan jog’e digawe persis kendaraane pembalap, ana sing digawe model knalpote mbeker-mbeker kaya-kaya jagad iki duwek’e dewe mula swarane knalpote mecahke gendange kuping, lan uga jik akeh banget conto-conto “krearif” sing liyane.

Kamangka nalika pabrik kuwi ngrancang lan nggawe samubarang mesti wus dipikir sakparipurnane. Ana study kelayakan sing ragad’e ya ora sethitik. Amarga yen ing panaliten kendaraan kuwi ora lolos samubarange, kayata aspek keamanan lan kenyamana, mesti ora olih digawe kanggo umum utawa dikomersilke. Lha ning yaokuwi mau, sanadyan wis distudy kanthi ragad larang, nanging nalika tekan Indonesia, tekan konsumen, dibubrahi sak karepe sing nduwe. Nalika ana operasi saka pihak polisi njur kena razia, ning bubar metu seka razia polisi, balik menh kendaraane dimodel sak penak udele (yen duwe udel) dewe. Ning ya kudu ditampa kahanan iki, yokui babagan manungsa sing senenge mung sakkarepe dewe, ora manut pranatan sing wus ana.

Crita ing nduwur kuwi babagan urip kadonyan, ananging uga klakon uga ing urip karohanen. Saiki angel nggolek wong sing gelem manut 100% kersane Kanjeng Gusti Yesus. Akih sing wasis yen dikon “ngenyang” apa wae kersa lan dhawuhe Gusti. Yen dikon ngenyang utawa nego babagan netepi kersane Gusti, menungsa kuwi juarane, paling wasis sakindenge titah neng jagad raya iki.  Lire piye? Gampang wae, kon ndonga esuk wae angel (mesti sing maca tulisan iki mesam-mesem yenmau esuk tangi turu rung ndonga), kon maca Kitab suci rutin angele pol, kon melu leladi mirunggan alesane sakndabreg lan sakpanunggalane.

Menungsa kuwi senenge angon ora dingon, kuwi yen cara ngrumati kewan. Yen angon (kayata angon sapi) menungsa sing nggiring, tegese ngarahke sato kewan ingon-ingone manut karepe, malah yen ora manut disabeti sakkayange. Kuwi sing diarani nggiring, lha yen iki urusane karo Kanjeng Gusti Yesus ik? Apa ya manunga kudu Nggiring  Gusti? Yen ditakoni mesti jawabane aku nderek (ngiring) Gusti, ning klakone ya kuwi mau, kreatif, nyeselke hurup G siji, mula unine njur Nggiring Gusti.

Lur, ayo sinau saka Eyang Nabi Elia sing tansah manut kersane Gusti. Didawuhi ngopo lan ngandi wae ditindakne. Kerep kersane Gusti kuwi ora mlebu ning Nalar, lha mosok kon neng pinggiring kali lan bakal dirumati lumantar manuk gagak? Kaya jaman kuwi Gagak wis ngerti gagagfood wae ya? Hehe.. Ning sanadya ora tinemu nalar, ananging iman utawa kapercayane Eyang Nabi Elia bakuh, mula dilakoni. Eyang Elia ngiringke kersane Gusti ora Nggiring Gusti, mula tansah dirumati.

“Yen sampeyan sok meksa Gusti ora Lik?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Weh, yen aku kuwi manut kersane Gusti Jo, nggere sing nyenengke aku”, Wangsulane lik Ndoleng karo mlengeh..
Ayo sinau nglakoni  ngiringke Gusti lan ora Nggiring Gusti manut karepe dewe.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH