Kamis, 16 Agustus 2018

JUMAGA


KEMIS PON 16 AGUSTUS 2018

Bacaan :
Ayub 11 :1-10
Mazmur 34 :9-14
Matius 24 :42-51


Mulané sing padha waspada! Sebab kowé padha ora weruh dina rawuhé Gustimu. Mat 24:42

Wedi kui watak gawan manungsa sing urip neng alam donya, sing wis dikukub’I kara daya pangwasaning dosa. Biasane wedi kuwi klakon nalika manungsa nglakoni samubarang sing dirasa nerak paugeran sing ana lan lumaku ing saktengahing masyarakat. Lelakon bab wedi iki sing njalari menungsa kerep nglakoni samubarang sing aneh tur isa diarani lucu. Ana conto sing isa dingo kaca pangilon kanggo awak’e dewe kabeh. Jajal sawangen lelakon neng prapatan bangjo kae. 

Naliko esuk po sore sing kahanane rame tur ya ana polisine sing jumaga, kabeh kaya-kaya tertib, manut aturan. Ananging nalika bengi, kahanane dalan rinasa sepi tur yaw us ora ana polisi sing jumaga, sanadyan lampu pengatur obah mosinging dalan ijik werna abang, tetep wae mak wusss…nabras dalan. Pernah kalkon ana wong numpak motor, rumangsa aman ora ana polisi, banjur sanadyan jik werna abang, nabras, nanging njur diparani polisi, merga mlebu rekaman cecetepe sing dipasang ana neng sakkiwa tengene prapatan kuwi. Bubar lelakon kuwi, akeh sing pada wedi yen arep nabras dalan nalika lampune ijik werna abang.

Andaran neng nduwur kuwi bab tumindaking manungsa neng tataraning kadonyan. Ana uga tata panguripan neng bab karohanen sing kurang luwih ya kaya lelakon crita ing nduwur. Nglakoni panguripaning karohanen mung kaya panguripaning kajasmanen, rumangsane Kanjeng Gusti Yesus kuwi sok klalen ngawasi tumindaking manungsa. Piwelinge Kanjeng Gusti Yesus neng Matheus 24 ayat 42 ing nduwur dadi pasinaon ing esuk iki, kemis pon 16 agustus 2018. Awake dewe kudu jumaga, neng kahana apa wae, aja mapanke Kanjeng Gusti Yesus mung kaya pulisi, sing sok absen jumaga. 

Kanjeng Gusti Yesus kuwi ngluwihi kamera sisitipi, mula ayo pada jumaga lumantar tumindak apik. Pangandikane Kanjeng Gusti Yesus ing Matheus 24 ayat 42 ing nduwur ana gegayutane karo rawuhe Gusti kapindone. Ora ana sing ngerti babarblas kapan rawuhe Panjenengane, mulane awake dewe kudu tumindak apik saben wayah.  Aja mung tumindak apik nalika rumangsa diawasi manungsa, diawasi  bapak ibu majelis lan mbahndito,merga kabeh kuwi sarwa winates.  Yen tansah tumindak apik, tegese siap kapan wae nampa rawuhe Kanjeng Gusti Yesus. 

Mulane ayo pada sengkut tumindak apik, aja lali ndedonga turpanuwun marang Gusti nalika tangi turu, maca kitab suci,njur tata-tata ngayahi ayahaning urip dina iki. Aja lali tumindak apik, aja gampang nesu,lara ati,aja seneng ngrasani, aja seneng ngapusi, luwih apik weweh tinimbang njaluk, kuwi kabeh tumindak sing isa diarani jumaga nunggu rawuhe Kanjeng Gusti Yesus. Elinga yen Gusti kuwi maha pirsa,mulane tumindak apik aja mung yen rumangsa diawasi manungsa.

“Weh, arep ngandi Lik?”, Dalijo mbengok takon karo Lik Ndoleng naliko esuk umun-umun kuwi mulih seka nonton ledek neng desa Pagersari, njur ngglibet neng mburi Patrolan.
“Menego Jo, arep nguyuh, selak ora betah, tinimbang ngompol pora kojur!, Mumpung sepi renek wong, aja crigis”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Weladalah, ngko ngambon-amboni wong liwat lik, njur ngerti yen kuwi uyuhmu, merga mambu pete, lha mau bengi pas diampirke Yu Tini, kowe telap telep madang lalap Pete”, Dalijo ngelikne, ananging Lik Ndoleng  ngeyel. Bareng krungu ana swarane wong liwat, Lik ndoleng mlayu sipatkuing, mbuh wis rampung po durung anggone nguyuh.

Mulane, ayo tumindak sing apik lan jujur kapan lan neng ngendi wae kahanane, kuwi minangka tanda yen awake dewe tetep jumaga.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH