Kamis, 09 Agustus 2018

NEKANI ULEMAN


Kemis Legi 9 Agustus 2018
BENINGE EMBUN ESUK

1 Samuel 28 : 20-25
Jabur  34 :1-8
Matheus 22 :1-14


“..Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan…” Mat 22:3

Tumrab wong Jawa, entuk ulem seka sanak, sedulur utawa kenalan sakjroning urip kui perkara sing lumrah. Saben ana sing due gawe, mesti ulem-ulem cikben pada nyengkuyung apa sing dadi sedyane. Sanadyan jare kui bebungah nanging saiki kayane wis dadi srana kanggo bisnis, petungane bathi po tuna.

Bali nyang urusan ulem. Kanggone wong jawa, yen nampa ulem njur ora isa ngenyangi/mangkat neng uleman kui, sing dirasa wiring utawa isin. Kamangka kanggone wong jawa, luih becik rugi utawa tuna tinimbang wiring, mulane mbuh piye carane, kudu isa nekani uleman kui. Kadangkala ya kudu ngutang kana kene cikben isa nekani uleman utawa isa nyumbang. Babagan sing kaya ngene iki yen ora isa ditata kanthi pas, isa ndadekne pasulayan ing sakjroning bebrayanan, isa padu kaya baratayudha neng kurusetra. Pokok’e sing jenenge nekani ulem kui ukume luih saka wajib. Yen wis isa nekani uleman, rasane lega utawa marem lan kayane ucul saka momotan sing abote oranjamak.

Sing kaandharake ing nduwur kui bab ulem saka manungsa, njur yen sing ngulemi kui Kanjeng Gusti Yesus, apa ya kabeh njur ibut mbudidaya cikben isa “nekani” ulemane Kanjeng Gusti Yesus? Saiki ayo ngilo awake dewe-dewe. Sapa sing esuk iki tangi turu njur ndedonga?Sapa sing tangi esuk iki banjur maca Kitab Suci? Kui kabeh isa digolongake “Ulemane” Kanjeng Gusti. Durung maneh yan babagan leladi, bab iki akeh sing wasis tur pinter yen kon endha. Ana sing alesan randue wektu, lha sing  nggaglag wektune kui ya sapa?Wong kabeh wong sedina diparingi wektu 24 jam. Ana sing alesan ora siap, kamangka isa disiapne, ana sing alesan repot,lha Kanjeng Gusti kui ya repot, yen ora repot ngapa ndadak “dolan” neng njagad, nilar swarga?

Para sedulur, awake dewe kabeh kui diulemi Kanjeng Gusti Yesus, kanggo melu ”rewang” makarya, mulane ayo dilakoni kanthi serius. Ora due wektu, yen kudu yo ngutango wektu, ora isa ya ayo sinau lan sakpiturute. Diwiwiti seka sing sederhana wae, maca’a renungan iki kanthi sareh. Oleh lho karo mesem..ngguyu yo ora popo..

“Lik, lha esuk mau aku tangi turu njur mlayu neng kamar mandi, njur krucuk-krucuk ngono ik, apa kui ya ulemane Gusti?”, Dalijo mesti takon.

Karo meh nyruput kopi anget Lik Ndoleng mangsuli, “Kui ya ulemane Gusti Jo, jale raisa nguyuh sesminggu, klakon oprasi koe. Ragate larang!!

Dalijo mlongo…

Yowis lur, ayo netemi ulemane Gusti…

Mbahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH