SENEN
PAING 20 AGUSTUS 2018
BENINGE
EMBUN
KEJADIAN
43 :1-15
MAZMUR
36
LUKAS
4 : 31-37
“Priyantunipun tlesih sanget enggènipun takèn
bab brayat. Nakèkaken, ‘Apa bapakmu isih urip? Apa kowé isih duwé adhi lanang
liyané?’ Kula sami kepeksa mangsuli sedaya ingkang dipun takèkaken. Kula rak
mboten sami nginten, bilih piyambakipun badhé akèn kita ngejak adhi kula sowan
mrika?” Kejadian 43:7
Saben
wong isa ngalami apa kui pangling, yakui nalika wis ora isa meneh nyepadakne
sabarang kabeh sing sejatine wis tau ditepungi. racak’e sing ndadekne pangling
kuwi merga owah-owahan sing kalkon lan uga wektu sing suwe, ndadekne lali marang
kahanane. Ana sing pangling merga suwe banget ora ketemu, ana sing pangling
merga owah-owahane awak, mbiyen lencir utawa langsing, njur saikine luemu tur
ya ginuk-ginuk. Kuwi sakperangan perkara sing isa ndadekne wong siji karo
sijine pangling.
Sedulur kuwi sejatine ora bisa lali siji lan sijine, apa
wae kahanane, yen nganti lali, isa merga masalah sing gede lan uga masalah sing
kliwat gede, isa uga merga wedi marang kahanan. Crita Kitab Suci sing dadi
wacan leksionari dina iki, senen paing 2018, khusus perjanjian lawas, crita bab
kahanane paseduluran para putrane Yakub. Yusuf sing digething kakang-kakange,
njur didol,saiki mulya neng Mesir, dadi Gubernur bab pangan. Mula nalika ana
pageblug neng Israel, akeh sing pada lunga menyang panggonane Yusuf, klebu para
sedulur-sedulure. Anehe, para sedulure babar blas ora isa eling marang
dewekne,para sedulure PANGLING karo dewekne. Ananging Yusuf ora pangling. Njur apa
sing ndadekne Yusuf ora pangling, kamangka para sedulure pada pangling?
Yusuf nyawang kabeh kanthi tulusing manah, nyawang kanti
ati kang wening kaya beninge embun wayah esuk sing tansah jumedul, apa wae
kahanane. Kaya kang tinulis ing Purwaning Dumadi 43 ayat 7, Yusuf isa takon bapakne
lan adine merga atine ijik manjing katresnan, mula mokal yen lali. Iki beda
karo para sedulure, merga atine mung kadunungan srakah lan gething marang
adine, mula tega ngedol lan milara, mula mata batine katutup, katresnane
dikrangkeng lan kabeh ndadekne pangling marang kahanane.
Mulane, ayo padaasah tresna marang sakpepada, aja nduweni
rasa gething, sujana,drengk,srei lan apa wae sing ala, cikben ora lali utawa
pangling marang kahanan apa wae. Sinau seka Yusuf, sanadyan digething, ora
digatekne utawa dicueki, ditampik,diendani, dipilara, disiksa lan apa wae sing
ala, ananging merga atine kadunungan tresna, mula ora isa ndadekne lali utawa
pangling. Lha sing mbebayani kuwi yen pangling karo sih rahmate Gusti, lan rumangsa kabeh merga usahane dewe,
iki sing mbebayani.
“Lik,
dekwingi jagong ra sampeyan?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng nalika mangkat
nyang kali dul ndesa.
“Weh,
yo jelas jagong Jo, rumangsamu aku ki wong asocial!”, Wangsulane Lik Ndoleng
nganggo basa duwure kaya tower, ndadak ngrembug asocial barang.
“Ketemu
lik Wasti pora lik?”, Dalijo sik sareh takon, ning sejatine semu ngece, merga
lik Ndoleng kuwi duwe “kisah lama” karo yu
Wasti.
“Ketemu
Jo, biyuhh saiki lemune ngayang gek, kaya grobag ndongkrok”, Wangsulane Lik
Ndoleng karo mlengeh.
“Ooo..brarti
rapangling yo Lik, Berarti jik nyimpen rasa ya lik?”, Dalijo nrocos takon karo
tetep karo semu ngece.
“Menengo
Jo, crigis wae tak sampluk eketan ewu meneng!”, Kandane lik Ndoleng karo
nyampirke anduk neng pang garing wit duwet kali kidul ndesa.
Mulane, rumatana katresnan kanthi tenanan ben ora
pangling marang samubarang, klebu katresnane Gusti, ben aja pangling karo
pakaryane.
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar