Minggu, 19 Agustus 2018

DUDU WONG BODHO


MINGGU LEGI 19 AGUSTUS 2018

BENINGE EMBUN

AMSAL 9:1-6
MAZMUR 34 :9-14
EFESUS 5 : 15-20
YOHANES 6 : 51-58


“Aja padha tanpa budi, nanging padha ngudia nyumurupi apa sing dadi kersané Gusti Allah tumrap ing kowé.” Efesus 5 : 17


Yen gelem jujur, ora ana manungsa neng jagad iki gelem diarani wong bodho, sandyan sejatine ya akeh sing ora pinter. Amarga wegah karan wong bodho, mula akeh sing pada ngudpadi diarani pinter, sanadyan ya kerep jan-jane mung keminter. Bedane akeh lho wong pinter lan keminter kuwi, wong pinter kuwi lembah manah, seneng nggatekake samubarang, klebu bab sing biasa-biasa utawa ora gede tur terkenal. Wong pinter kuwi seneng nggatekake, tur ya nampa nalika digatekake liyan, isa mengerteni kekarepane liyan, lan ya isa ngendaleni kekarepaning dewe, ora meksa wong manut kekarepane, yen sing kulina meksa kui malah isa karan wong bodho, merga kaya cah cilik. Lirekepiye kok kaya bocah cilik?Lha mung gelem dingerteni ananging wegah ngerteni liyan.


Piwulange Gusti lumantar Rasul Paulus sing katulis neng Efesus bab 5, mirunggane ayat 15-20, mulang bab piye carane urip sing dikersakake dening Gusti. Kaya neng ayat 17, Rasul Paulus meling supaya pasamuan urip kanthi migunake pikiran utawa bebuden, awit lumantar urip kang migunakae budi utawa bebuden kuwi sing bisa  mengerteni kersane Gusti. Iki penting banget lur, merga yen isa ngerteni kersane Gusti  kuwi jian apik banget. Bali neng bab urip bodho lan migunakake budi, akeh wong sing senenge urip nggugu karepe dewe, rumangsane karepe dewe kuwi paling apik,paling sempurna. Akeh wong sing rumangsa pinter, malah kaya-kaya luwih inter tinimbang Gusti Allah, mula kerep meksa wong liya manut karepe lan babar blas ora tahu nggugu kekarepane liyan, rumangsane pikiran lan idene kuwi jos dewe.


Mulane, ing esuk iki, minggu legi tanggal 19 agustus 2018, ayo miwiti urip pinter/migunakake bebudhen, ben ora di cap bodho karo Gusti. Carane piye? Aja nggugu kekarepaning diri pribadi. Yen ijik ngantuk, njur aras-arasen tangi, merga kudu ngibadah, ayo tundungen rasa ngantuk lan kesed kuwi, yen isa nundung rasa kesed lan ngantug, tegese manut kersane Gusti, lang ora dadi wong bodho. Sing jik senenge nesunan, gampang ngamuk lan meksa kekarepane klakon marang liyan, ayo sithik mboko sithik sinau mengerteni kekarepane liyan (wong liya), merga Gusti ya kerep ngendika lumantar kekarepane wong liya, klebu anak,bojo, pacar lan sakpanunggalane.

“Lik, sida mangkat esuk nyang nggrejo?”, Takone Dalijo nalika mulih seka rewang tanggane bengi kuwi.

“Yo sida ta Jo, aku arep mersembahke apa wae bisaku kanggo Gusti. Isake mung lap-lap kursi nggreja, ya kuwi sing meh taklakoni, meh tak pisungsungke kagem Gusti”, Wangsulane Lik Ndoleng. “Oiyo Jo, maturnuwun yo, kowe sis ngelikne aku bab tangi esuk kuwi, wong aku meh klalen Jo”, Lik Ndoleng neruske wangsulane.
“Halah, ngapa ta lik, wong mung elik-elik bab sepele wae kok dikandakne”, Dalijo rumangsa apa sing diomongke kuwi babagan sing sepele lan kayane ora migunani babar blas.
“Lho, kowe ki kepiye to Jo, justru lumantar sing sepele ngene iki awake dewe isa migunakake pikiran sing asale seka Gusti, kuwi wong pinter Jo”, Wangsulane lik Ndoleng nalika meh menggok nyang omahe.

Ayo pada migunakake pikiran sing asale seka Gusti iki kanggo ngerteni kersane Gusti, supaya ora karan bodho karo Gusti.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH